SANTOSANING KARSA MARGANING MULJA
Sapengkeripun Arja Sena, Nata ing Ngamarta dalah raji sanget karerantan ing panggalih, ladjeng ngaturi rawuhipun Sri Kresna. Dene Arja Sena, anggenipun dateng Reksamuka tjampuh prang kalian danawa galak kekalih ingkang sakalangkug ambebajani. Wekasanipun danawa wau badar dewa, paring dawuh bilih toja marta punika temen wonten; nanging sanes ing ngriku dunungipun.
Arja sena dipun dawuhi wangsul, taken dateng Druna ing pundi panggenanipun ingkang sadjati. Arja Sena ngestokaken dawuhing Dewa wangsul taken dateng Druna pundi dunungipun toja-marta ing satemen-temenipun. Dipun wangsuli bilih wonten telenging saganten. Arja Sena santosa ing karsa nedya angajoni; tekadipun manawi boten kalampahan andarbeni ingkang dipun kadjengaken aluwung sirna. Lampahipun ladjeng dateng Ngamarta pamitan para kadang. Keleresan Sri Kresna sampun wonten ing ngriku, Sasampunipun Arja Sena ugandaraken lelampahanipun Sri Kresna ndangu :
— "Bratasena, apa kok batjutake sedyamu ?"
— "Jagene ora ?"
— "Tetela jen bab kuwi mbebajani banget!"
— "Wong golek kamuljan teka kokwedeni bebaja.
Ja uwis ongkang-ongkanga bae !"
— „Kowe rak ja ngerti ta, jen kowe diloropake guramu ?"
— "Alon disik, Kresna kakangku! Kowe tansah dadi paran-pitakon
ku sasedulur. Saiki aku takon Aku golek kamuljan
kuwi bener apa luput ? "
— "Bener !„
— „Aku ngestokake dawuhing guru kuwi kleru apa keprije ?"
— „Ora! Nanging
— „Wis! Tjukup minangka watonku mbatjutake laku !
Dene prakara diloropake apa ora, iku ana tanggungane guru dewe! Jen temen angloropake, tanggung-djawab rak ana deweke. Tekaning sapu denda bakal disandang dewe!"
Wis, aku pamitan mangkat. Pangestumu bae Kresna kakangku, mangkono uga Darma Adji sadulurku tuwa !"
(Medan Bahasa Ki Jasa Widagda )
3