Kaca:Ngemi-emi Basa Djawi III.pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

I. A. Watjanen batin petikan duwur iku, nuli wangsulana pitakon2 iki !

  1. Sapa sing lagi nandang sungkawa? Apa sebabe?
  2. Jagene Arja Sena nganti tekan ing Reksamuka ?
  3. Sapa ta sedjatine buta palak loro ing Reksamuka iku?
  4. Sapa sing dikira ngreti papan dununge toja-marta? Ngendi enggone ?
  5. Arja Sena mono satrija kang santosa ing karsa. Ukara endi nelakake sing bab iku?
  6. Wong golek kamuljan mono kudu keprije?
  7. Arja Sena klebu siswa sing mbangun turut marang guru. Apa buktine ?
  8. Sapa ta gurune Arja Sena iku?

B. Petikan duwur iku watjanen sing patitis!

II. A Tembung2 sing ditjap kandeling petikan iku tegesana utawa salinana tembunge lija !
 B. Petikan duwur mau abasa krama, Ngokokna !
 C. Nata ing Ngamarta dalah para raji sanget karerantaning panggalih.

Wong sing karerantan ing panggalih, iku nelakake apa?
Tembung karerantan gatuke karo tembung panggalih.

Isenana gatuke!

  1. miris ....
  2. ntrojos ...
  3. mumet ...

  1. ngetok ....
  2. mules ....
  3. djimpe ....

  1. serak ...
  2. sesek ...
  3. pandirangan ..

D. Dipun wangsuli bilih wonten telenging seganten.
Wong lungan ngliwati sagara, sok ditembungake menjang sabrang,

Tegesana tembung2 sabrang ngisor iki!

  1. Ana ing tanah sabrang pak Wongso biso urip mulja.
  2. Wong sabrang ing kene kudu manut tatananing nagara.
  3. Durung mari to adimu? Tjoba tambanana godong sabrang !
  4. Rehne kretege rusak, wong2 kepeksa njabrang.
  5. Ngati-ati jen njabrang dalan sing rame.

4