Kaca:Ngemi-emi Basa Djawi III.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

D. Awit rumaos bilih basa kula punika sampun bangsanipun ingkang patut mlebet kotak. Mlebet kotak iku ateges wis ora ndjaman sok2 uga ditembungake mlebu musium utawa kepantjal sepur. Mlebu kotak uga sok kanggo nelakake kalah. Kajata Djliteng djarane pak Karman mlebu kotak ing babak penjisihan.
Tjoba tegesna unen2 ngisor iki!

  1. Njolong petel sasangkal-sangkale.
  2. Ora sijut ngampiri kowe.
  3. Adja ngaja mas, mundak gelis tuwa.
  4. Klambi tambalan kok dikon nganggo siin aku.
  5. Sanadjan tebih tur mangsuk lesus ageng, manira merlokake nderek sowan.

III. PARAMASASTRA.
Kula kepengin tumut leledang ing Medan Bahasa ngriki nanging saben2 tansah mangu2. Ukara iku ukara lamba apa ukara towa? Jen ukara rowa, rowa sedjadjar apa rowa rapet?
Kula rumaos, bilih basa kula: punika sampun bangsanipun ingkang patut mlebet kotak.
Ukara ing duwur iku kadadean saka ukara :

  1. Kula rumaos.
  2. Basa kula punika sampun nbanginaipuh akan patut mlebet kotak.

Ukara loro mau kaiket dadi sidji sarana tembung pangiket bilih. Sawise dipandeng ukara² mau ora kabeh bisa madeg dewe2.
Sing bisa madeg dewe mung ukara : Kula rumaos.
Ukara : Basa kula punika sampun bangsanipun ingkang patut mlebet kotak, ora madeg dewe, nanging mung dadi perangane ukara No. 1. Ukara rowa kang mangkono iku diarani ukara rowa susun. Ing basa Indonesiane diarani “kalimat madjemuk bertingkat”
Tulada lijane :

  1. Kula ngengeti, bilih Medan Bahasa punika dados adjanging basa.
  2. Nalika aku isih tjilik, aku diderekake simbah,
  3. Sareng benggolipun sampun tiwas, andahanipun sami asrah

bongkokan.

26