Kaca:Ngemi-emi Basa Djawi III.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Manut paketjapane : aja lan balia loro-lorone mawa swara j : nanging panulise ora pada. Sidji mawa j ; sidjine tanpa j. Mangkono uga tembung : tuwa lan tukua. Paketjapane mawa swara w kabeh, nanging panulise ora sidji. Supaja ora kliru panulise, kudu ngelingi patokane, mangkene ;

  1. Aksara ; w kang sumambung ing swara ; mutawa oe, iku kudu katulis, samono iku jen dumadine w lan ja mau ora djalaran saka dajaning ater? utawa panambang, Kajata ;

uwit, kuwat, owah, rowang, ija, prija, ejub, kejong.

Dene jen tukuling swara ; w lan ja mau marga saka ananing ater2 utawa panambang, aksara w lan j ora kena katulis.
Kajata ; kalakuan, bodoa, karia, sesadean.

B. Paduka sudjanma tama, nanging lamis ing sabda. Ukara iku asale saka ukara lamba. 1. Paduka sudjanma tama. 2. Paduka lamis ing sabda.
Dadi ukara ing duwur iku ukara rowa utawa ukara tjamboran sedjadjar. Rehne ukara lamba loro iku ana perangane sing pada, jaiku paduka mulane perangan kang pada mau tjukup didjupuk salah sidji, Ukara rowa mangkono iku diarani ukara rowa rapet. Ing basa Indonesiane ditembungake kalimat madjemuk rapatan.

Tulada lijane ;

  1. Minggu ngarep bapak arep tindak Djakarta.
  2. Minggu ngarep aku arep pariwisata karo kantja akeh,

Minggu ngarep bapak arep tindak aaa aku arep pariwisata karo kantja akeh.
Tjoba gawea tulada maneh telu bae.

IV. KASUSASTRAN.

A. Gubahan duwur mau jasan tahun 1961. Bab iku katjeta ing sangkalan ing sangisoring gubahan kang muni ”Kawula kagugah anggatra sastra”.

Tjoba iki taun pira ?

  1. Dwihasta ngesti ratu.
  2. Kaja wulan putri iku.
  3. Nembah muluk ngesti adji.

22