Kaca:Ngemi-emi Basa Djawi III.pdf/34

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Tjandra kaananing alam iku ija diarani tjandraning mangsa.
V. SANDIWARA.
Wawan guneme guru lan pemuda mau tindakna ing ngarep kelas. Ukara2-ne kena digawe luwih prasadja, tjekak aos.
Isine sing enteng wae !

WULANGAN IX.


GAGASANE WULU TJUMBU.

Wulu Tjumbu iki umure wis akeh banget, Tau nate menangi djaman rupa-rupa. Tau menangi djaman kang kuwasa Radja2, dibantu para Ngulama. Tau menangi sing kuwasa kaum Bordjuis, kapitalis. Tau menangi kuwasane kaum Imperialis lan nate menangi panguwasane kaum Kolonialis.

Miturut panemune si Nala Gareng, sadjatine sing ngrusak2-ake masjarakat iku sing Kapitalis, Pegaweane Kapitalis-iku numpuk2 banda meres rakjat umum, nganti pada dadi mlarat. La si Kapitalis iku duwe anak arane Imperialis. Imperialis duwe anak sing djenenge Kolonialis. Si Imperialis lan Koloniaiis iku, pada ngumbara saka djagad kulon mengetan menjang Asia. Ora mung ngetan menjang Asia tok, uga mlaku ngidul menjang laladan Afrika. Imperialis/Kolonialis iku nindakake kuwadjiban nguwasani wilajah Asia — Afrika iku kanggo makani si Kapitalis supaja subur lan dawa umure.

Rehning Kapitalis iku ngrusak masjarakat, mulane si Petruk Kantongbolong duwe panemu, jen Kapitalisme, jaiku pahame kaum Kapitalis, kudu digempur nganti lebur, diganti paham lija kang bisa agawe kepenake Rakjat umum. Panemune si Petruk mangkono iku dibenerake dening si Bagong, kanti keterangan, kita ora bakal bisa nggempur si Kapitalis, jen anak lan putune ora digempur disik. Jen Imperialisme lan Kolonialisme durung remuk bubuk dadi awu, Kapitalisme mesti isih mentelês bae. Sebab si anak lan putu iku sing dadi benteng pertahanane Kapitalisme.

Marga anake tetelu mau pada umjek tukar penemu. Ki Lurah Semar bandjur melu urun rembug. Penemumu iku bener kabeh tole! Mulane kita netepake garis perdjuangan mangkene: Kang dihin njusun kekuwatan ing Rakjat mlarat kang ditindes dening Kolonialis, Rakjat melarat iku ja aku kowe barang iki kudu bersatu padu gujub-rukun njusun kekuwatan kanggo nggempur Kolonialis.

( Sumbangsih )

32