Kaca:Ngemi-emi Basa Djawi III.pdf/39

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Bumi Sangir Talaud iki bumi sutji kang kanggo lair, dewasa lan urip kita. Mulane samangsa ana parangmuka kaja dene tekane bangsa Landa iki, kita belani lan pantes ditohi pati. Tjekake tumekaning delahan mesti kudu dirungkebi”.

Para kawula, para anung-anunging pradja sarta para radja saur manuk njarudjuki Santiago.

„Awit saka iku, mitra, suwawi kita saiki pada tata-sasamek- taning juda. Ora wurung iki mengko mesti bakal ana peperangan”.

Kang pada diadjak wawan rembug krungu kandane Santiago mangkono mau saja abang praupane, mratjihnani jen sadjroning batin pantjen wis muntab. Rasa ora narimakake bumi kalairane diidak bangsa Landa saja mbaludag.” Nanging mitra, kabeh bae tak djaluk adja nganti tinggal kaprajitnaning batin. Djalaran sanadyan kita saiki wis golong-gilig wani ngadepi pokale Landa, nanging sadjatine kita mesti duwe mungsuh Landa kang akulit sawo mateng. Sebab sanadyan aku pratjaja jen kabeh iki wis sapatemon karo aku, nanging mesti ana sidji loro mitra sedjene kang gelem dadi begondale Landa. Iki mesti ana mitra ! Nanging sanadyan mangkonoa, dak djaluk kabeh bae adja was sumelang. Temenan adja kuwatir ! Lekas kita iki ngrungkebi bumi sutji kang wadjib kita kukuhi. Adedasar iku, aku pretjaja jen ing pungkasane kita mesti menang. Bisa uga aku lan mitra kabeh iki puput ing wektu iki, nanging aku pretjaja jen anak putu ing tembe mesti bakal ngunduh nangnangane”.

Santiago tumuli nemoni gubernur Djendral. Ana sadjrone patemon mau Santiago ora bisa njarudjuki manawa dikon nandatangani, salagine Landa menjang bumi Sangir Talaud tanpa ndjaluk palilah bae deweke rumangsa ora lila banget. Djalaran tekane Landa iku dianggep tamu kang kudu netepi mara tata tjarane tamu.

Wusanane dadi paprangan rame. Putra2 Sangir Talaud akeh kang tiwas dadi tawur. Semono uga Landa ora setitik kang dadi kurban. Ora suwe bala bantuan teka, kradjan Manganitu kinepung wakul binaja mangap.

(Dwikala : Mekar sari)

I. MATJA.

A. Petikan duwur iki watjanen batin, nuli wangsulana pitakon2 iki !

  1. Sapa sing lagi mudar sabda iku ?
  2. Apa pepelinge leluhur Sangir Talaud ?
  3. Parangmuka bangsa apa kang nedya ngrabaseng Sangir Talaud?
  4. Keprije wong2 sing pada krungu rembuge Santiago mau ?
  5. Santiago meling wanti2, adja nganti tinggal kaprajitnaning batin. Apa sebabe?

37