Kaca:Ngemi-emi Basa Djawi III.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Tulis kang tinrap ing pita. tuduh wasita wigati, pan BHINEKA TUNGGAL IKA, warna-warna nging manunggil, lar pendjawat ing swiwi, pitulas jekti weh tutur, tanggal ing kamardikan, lar buntut wolu winilis, wigatine Agustus wektu gumregah.
  2. Tameng agodagan lima, Pantjasila mralambangi, rinarengga gegambaran, endas banteng rante pari, kapas lintang Nur kuning, miwah wit wringin ngrembujung: kabeh maweh Pralambang, Pantjasila kang linuwih, tetalese amranata paprentahan.
  3. Prasemone Ketuhanan, lintang Nur-Tjahja njunari, ginambar ing dasar kresna, Kerakjatan dasar langking, gambar banteng sinungging, warna ireng miwah pingul, kabangsan adedasar, putih mawa wit waringin, ron ngrembujung dadya pangajoman rakjat.
  4. Prasemon Prikamanungsan, mawa lambar dasar abrit, agambar rante kentjana, mawa kluweng warni kalih, bunder miwah pesagi, rante pralampita tuhu, mring sakeh suku bangsa, para warga nagri R.I., tita njata santosa dennja memitran.
  5. Dasar Kaadilan Sosial. warna mulus memplak putih, apepaes pari kapas. pranjata anjasmitani, gegajuhan kang inggil, mbangun pradja mamrih subur. makmur kasuwur mantja, gemah ripah loh djinawi, temah tata tentrem kalis ing duskarta.
  6. Blegere Kaga Garuda, kagambar ambabar swiwi, tjutjuk mantjas tjakar mengkang, buntut kabeh mralambangi, tenaga kang njanggupi, mbangun pradja mrih linuhung, tameng agaris malang, mralambangi kendit bumi, tanah tropen dununge indonesia.

Saking : Ngengrengan Kasusastran Djawa.
S. Padmosoekotjo.


I. MATJA.
A. Tembang Sinom duwur iku watjanen batin, nuli wangsulana pitakon2 iki !

  1. lambang Negara R.I. iku wudjud apa ? Djarani apa ?
  2. Mustaka noleh nengen iku duwe teges apa ?
  3. Bhineka Tunggal Ika iku aweh pituduh apa ?
  4. Pira kehing pendjawat ing swiwi ? Njasmitani apa ?
  5. Pantjasila iku diwudjudi nganggo gambar apa ?