Kaca:Ngemi-emi Basa Djawi III.pdf/17

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

1. Tjamboran tunggal, jaiku tegesing tembung2e sing digandeng mau wis manunggal utawa luluh dadi sidji.
Upamane : naga sari, semar mendem, ganda maru.
Tjamboran wudar, jaiku tembung2e isih pilah, durung manunggal.

Upamane :

tukang kaju,
lajang kabar,

kalawarti,
pariwara,

buku tulis
lajang watjan.

Tjoba tegesana tembung2 tjamboran ngisor iki !

  1. Mas Djaja kuwi enom tuwane sepira?
  2. Enon tuwa unduhana kabeh mundak dipangan tjodot.
  3. Gede tjilik saijek saeka kapti.
  4. Aku djupukna lajang kabar ing medja kae!
  5. Bapak langganan kalawarti Panjebar Semangat.
  6. Ambak botjah teka andap asor temen.

IV. KASUSASTRAN.

  1. Lajang kabar sing metu saben dina diarani apa?
  2. Tjoba ngaranana lajang kabar edisi Djateng sawatara !
  3. Kalawarti sing metune kaping loro saben sasine, uga sok didjenengke apa?
  4. Tjoba ngaranana madjalah minggon lan dwi kala basa Djawa sing wis tau kok sumurupi?
  5. Weton utawa edisi ngendi kalawarti2 mau?.

V. PARIWARA.
Pariwara iku jen tembunge saiki Iklan utawa Adpertensi.
Tjoba gawea pariwara sing isine kowe golek sewan omah ing pinggir dalan gede arep kanggo perusahaan. Kowe saguh ngontraki 10 taun!


WULANGAN V.
LAMBANG NAGARI R. I.
(SINOM)

1. Kaga Garuda mbegagah, pralambange nagri R.I. mustaka noleh mring kanan, angantjas pakarti betjik, akalung rante rukmi, tali tameng wangun djantung, gumandul aneng dada, pita putih mawa tulis, ijinengkerem kentjeng ing tjetjakar mengkang.

15