IV. KASUSASTRAN.
A. Ing djaman neneman kula boten kaprah.
Tembung kaprah ateges lumrah, wis sumrambah. Salah kaprah tegese luput, nanging wis sumrambah ing akeh, ora prelu dibenerake. Jea dibenerake malah kaku ora luwes, Rura basa iku ija klebu ewoning salah kaprah mau. Rura ateges rusak. Ruru basa tegese basa rusak, nanging wis kaprah.
Upamane : nggodog wedang.
Wedang mono rak wis mateng teka digodog. Nanging jen dibenerake dadi nggodog banju, tegese bandjur beda, ora lumrah
Tulada maneh; |
|
|
B. Kadjaba rura basa, ana maneh kerata basa. Jaiku negesi tembung sarana kapirid wanda utawa paketjapane.
Upamane : wedang ditegesi gawekadang. Negesi tembung mangkono mau mesti bae luput, Amargo wedang mono ateges we(banju) didang (digodog).
- krikil = keri neng sikil.
- tandur = nata karo mundur.
- kotang = sikute diutang.
- garwa = sigaraning njawa.
- siti = isi bulu bekti,
- tepas = titip napas.
- tebu = antebing kalbu.
- brekat = mak breg diangkat.
V. SESORAH / PIDATO.
Tjoba gawea andaran kang disesorahake ing ndjero klas, mawa irah2an : Ngemi—emi Basa Djawi.
Isine : a Basa Djawa wasijat tilarane para leluhur.
b. Basa Djawa isih dadi basa ing pasrawungan Djawa.
c. Basa Djawa gede pisumbange tumrap marang basa Kesatuan Indonesia.
d. Mulane Basa Djawa kudu tansah di-emi2.
27