Kaca:Ngemi-emi Basa Djawi III.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

B. Petikan duwur iku watjanen sing pratitis !
II. KAWRUH BASA.
A. Tembung2 kang kandel tjap2ane ing petikan duwur iku salinana nganggo dasa namane utawa tegesana!
B. Gawea ukara nganggo tembung2 ngisor iki !

  1. kabetahan umum.
  2. kaum dagang.
  3. ebahing djagat.
  4. lampahing djaman,

  1. sesepuh.
  2. punggawa.
  3. lengganan.
  4. wawasan.

C. Ingkang prelu kedah wonten djuru ngarangipun.
Apa tegese djuru ngarang iku? Tegesana pisan tembung2 djuru ngisor iki !

  1. Mas Dama saiki dadi djuru tulis-ing Kantor Asistenan.
  2. Kemiri djuru iku mesti akeh isine.
  3. Abdi dalem djuru katimbalan Sang Prabu.
  4. Tataning pasewakan ora awor suh, wus gumolong sa-djuru2ne.
  5. Mas Totok dadi djuru basa ing Deparlu.
  6. Jen kowe djiarah menjang Palar, nemonana djuru kuntjine disik.
  7. Dadi djuru mudi mono ora enteng sanggane.
  8. Undangna djuru tambange aku arep njabrang.

D. Klumpuking djuru ngarang ing sawidjining lajang kabar, iku diarani staf redaksi. Dene sesepuhe diarani pimpinan redaksi. Punggawa kang ngurus tumindaking pagawean diarani bagian administrasi utawa tata usaha Sesepuhe diarani pimpinan administrasi utawa kepala tatausaha.
Kadjaba staf redaksi lan administrasi, ana maneh Pimpinan Umum lan Penanggung djawab. Ing kalja sapisan sangisoring djeneng, ana tulisane Edisi, kajata : Edisi Djawa Tengah, Edisi Pusat. Tegese weton utawa terbitan ...
E. Petikan ing duwur iku ngokokna!
III. PARAMASASTRA.
Tembung2, serat kabar, kalawarti, pariwara iku tembung tjamboran apa manut wudjude? Manut tegese tembung jamboran iku kena kapilah dadi :
14