Kaca:Ngemi-emi Basa Djawi III.pdf/36

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Djepang kepengin dadi mediator ing „sengketa” iku.
  2. Deweke oleh dispensasi mbaleni sapisan maneh.
  3. Rakjat Djawa Tengah wis bisa swasembada ing bab pangan.
  4. Daerah2 kudu bisa wiwit ambangun sarana swadaja daerah mau.

C. Ukara ngisor iki owahana !

  1. Lare ingkang dipun pitakeni mangsuli, tembungipun : Wangsulanipun ..........
  2. Saking anggenipun bodo, mila inggih taksih tjlola-tjlolo. Kabekta ...........
  3. Kula asring boten mlebet sekolah, awit pidjer sesakiten kemawon Sarehne..........
  4. Sakesahipun saking ngriki ladjeng boten wonten wartosipun malih. Wiwit ...........
  5. Saka kandane murid2 ing kene, pak Wignja arep pindah. Djarane .........
  6. Kadjaba tampa beras saben sasi, ija tampa tjadongan gula. Ora mung sae ............
  7. Akeh kang pada duwe pangira, manawa Presiden iku mukti wibawa. Saka .........
  8. Kasregepane Titik iku ngungkuli kantja-kantjane ing klas kono Pada-pada ...........
  9. Pak Guru tinresnan dening para murid, amarga pintere mulang. Sarehning .......... utawa: Mulane........
  10. Wong saomah mau kaja lagi pada nemu kabegdjan, katanda saka polatane bingar. Nitik ...............

D. Si Petruk Kantongbolong duwe panemu, jen Kapitalisme kudu digempur nganti lebur, diganti paham lija sing bisa gawe kepenake rakjat umum. Tembung diganti ing ukara iku prajogane disalini tembung .............
Tembung2 kang kaetjap kandel ngisor iki salinana nganggo tembung lija sing luwih trep. !

  1. Guru-guru sami kempalan.
  2. Sesakit-sesakit wau sampun kasumerepan ing Dokter.
  3. Wewahan-wewahan wau adapur pamanggihipun para djuru nganggit.
  4. Aku dikongkon njritakake sesurupanku.

34