Kaca:Ngemi-emi Basa Djawi III.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN VII.
KETUHANAN KANG MAHA ESA.
Pemuda : Inggih sampun dong. Samangke ingkang tumrap bangsa kados pundi ?
Guru : Sarehne pada tunggal pangidep, jaiku piandele kabeh marang Tuhan kang Maha Esa, dadi rumangsa tunggal asal, tangkepe sidji lan sidjine kaja sadulur, nek wis insaf temenan pantjen ija sadulur, Lajen wis mangkono persatuane saja santosa, tanggung djawabe marang Negarane saja rosa, gotong-rojonge saja mundak lega-legawa, Nek wis urip rasanebersatu apa analijan bangsa sing bisa metjah belah maneh? Mulane perlu banget rasa ke-Tuhanan iku dideder ana ing atine bangsa. Sabab satemene uwong sabangsa sing tanggung djawab marang adege Negarane. Ringkih utawa santosane, gumantung marang karukunane bangsa sing ngaku duwe Negara iku. Dadi sanjatane adedasar Ketuhanan iku, temen dadi tetali lair lan batine bangsa. Bangsa sing rasane persatuan wis ora bisa petjah maneh ora keguh marang pambidunge kamelikan sing nedya nguntungake awake dewe2, Bangsa sing kaja mangkene iki sing sinebut tetungguling bangsa. Apa bangsa Indonesia bisa anggajuh dadi tetunggul? Djandji temen² sarta ora ginggang karo dedasar ketuhanan insja Allah bakal kelakon.
Pemuda : Sapunika tijang ingkang adedasar ke-Tuhanan kados pundi?
Guru : Wong sing adedasar ke-Tuhanan iku, ija wong sing ngluhurake Tuhan lairlan batine tegese ora tjukup mung muni ngluhurake, utawa ora mung ngaku pratjaja marang Tuhan. Mangkono mau lagi ama ing kalahiran. Dene jen ija batine ngluhurake, amesti katitik ana ing watak lan pakartine, kaprije tradjange “terhadap” marang wong2 sakiwa-tengene, utawa kaprijetangkepe karo wong sing srawungan karo deweke. Sapa sing temen2 angluhurake, mesti marsudi bisane kanggonan sipating Tuhan, apa sutjine, asihe adile murahe lanlija-lijane salah sidji, ora ketang mung sadumil, rak ketok nek diprasudi. Dadi jen ora marsudi betjik ing watak, olehe ngluhurake iku durung ganep. Sawarnaning betjik iku dadi sipate Tuhan, dadi wis ora perlu rebutan rembug. Mung tjak-tjakanane bae kaprije, lah mangkono kuwi njata lan bukti.

(Pantjasila Dasar masjarakat Tndonesia-Sastrawirja ).

I. MATJA.

A. Petikanduwuriku watjanen batin, nuli wangsulana pitakon2 iki!

28