Kaca:Ngemi-emi Basa Djawi III.pdf/19

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Warna apa sing kanggo ndasari pambar lintang Nur Tjahja lan banteng ?
  2. Gambar pari kapas ing dasar putih mulus iku aweh sasmita apa ?
  3. Blegering Garuda iku mralambangi apa ?

B. Tembang Sinom 7 pada ing duwur iku ajo pada ditembangake bebarengan !
II. KAWRUH BASA.
A. Tembung2 kang kandel tjap2ane ing tembang duwur iku salinana nganggo dasa namane utawa tegesna !
B. Ing petikan duwur mau akeh tembung2 kawine ; kajata :
1. kaga2. kresna3. langking4. pingul
Apa tegese tembung2 iku? Lan apa tegese tembung2 iki ?

  1. kukila
  2. rekta
  3. seta
  4. Wilis

  1. sarpa
  2. dirada
  3. mina
  4. sardula

  1. rewanda
  2. turangga
  3. wisma
  4. narmada

  1. kisma
  2. palwa
  3. bantala

C. Apepaes pari kapas.
Tembung pari iku kramane pantun. Dadi swara I ing kono owah dadi un. Ana maneh tembung2 sing swara pungkasane I kramane dadi un. Tembung2 margkono iku diarani krama porem.
Tjoba goleka tulada maneh sawatara !
D.Gawea ukara nganggo tembung2 ngisor iki !

  1. wigati
  2. manunggal
  3. gumregah

  1. rinengga
  2. miwah
  3. linuwih

  1. dedasar
  2. pangajoman

III. PARAMASASTRA.

  1. Kaga Garuda mbegagah.
  2. Mustaka noleh mring kanan.

Ukara2 ing duwur iku ratjuten !
Ukara2 iku djedjer lan wasesane nidji. Ukara mangkono iku diarani ukara lamba (kalimat tunggal). Ukara2 lamba ing duwur iku kena digandeng dadi sidji, mangkene :
Kaga Garuda mbegagah, mustaka noleh mring kanan.
Ukara lamba loro (utawa luwih) kang kagandeng dadi sidji diarani ukara rowa utawa ukara tjamboran (kalimat madjemuk).