Mardi Basa lan Sastra Jawi 2

K. Hisyam Budya Mardawa, B.A.
MARDI BASA
LAN SASTRA JAWI
(Mbs)
2
kangge
ing S M P klas II
Cetakan ke-9
____________
1984
Penerbit & Toko Buku
TS "TIGA SERANGKAI"
Jl. Dr. Supomo (JI. H. Wuruk) 11B Telp. 4344-4778 Solo
Alhamdulillah "Loka Karya Guru Bahasa Daerah SMP - SMA Negeri Bidang PMU Kanwil Dep. P dan K Propinsi Jawa Tengah tanggal 7 s/d 10 Juli 1977 di Tawangmangu" sampun kasil ndhapuk GBPP Basa Jawi kangge ing SMP lan SMA.
Wontenipun GBPP kasebut, mila lajeng kraos betahipun buku wulangan ingkang láras kaliyan GBPP wau. Awit saking punika kula sakanca ingkang kala semanten tumut cawe-cawe ndhapuk GBPP, rumaos kajibah ndhapuk buku wulanganipun.
Kanthi suka sukur ing ngarsanipun Gusti Ingkang Mahamirah, kula sakanca sampun rampung ndhapuk buku :
a. Mardi Basa lan Sastra Jawi 1
b. Mardi Basa lan Sastra Jawi 2,
ing pangajab kenginga kangge cepengan lare-lare ing SMP klas I lan II.
Kula sakanca pitados, bilih buku punika taksih kathah kirang lan cewetipun. Pramila panyaruwenipun para kadang sutresna basa lan sastra Jawi kula tampi kanthi bingahing manah lan matur gunging panuwun.
Ing wasana kula sakanca ngaturaken gunging panuwun datheng
penjenenganipun :
a. Bapak Drs. Sudarsono, Ka Bidang PMU Kanwil Dep. P dan K Propinsi Jawa Tengah,
b. Bapak Sumanto, B. A., Pengawas Bidang PMU Kanwil Dep. P dan K Propinsi Jawa Tengah ( Ketua Panitia Penyelenggara Loka Karya ).
ingkang sampun kepareng paring pitedah lan pangestu tumrap karampunganing damel punika.
Semarang, 28 Oktober 1977
Para pendhapuk
Mbs-2- 5
KANTOR WILAYAH PROPINSI JAWA TENGAH
Jl. Pemuda No. 134 Semarang
Telpon Ka Kanwil: 285302, Umum: 285301 Telex: 22262 PK WIL SM.
Rapat Kerja/Loka Karya Guru-guru Bahasa Daerah SMP - SMA se-Jawa Tengah di Tawangmangu tanggal 7-10 Juli 1977 telah berhasil menyusun GBPP Bahasa Daerah. Rapat Kerja/Loka Karya tersebut dilanjutkan di Salatiga pada tanggal 13 Juli 1980, dengan tujuan menyempurnakan GBPP Bahasa Daerah hasil Rapat Kerja/Loka Karya Tawangmangu.
Sebagai realisasi harapan yang tertuang di dalam Kata Pengantar dalam rangka menyambut kelahiran GBPP Bahasa Daerah tersebut, maka terbitnya buku "MARDI BASA LAN SASTRA JAWI 1, 2, 3" untuk siswa SMP kelas I, II, dan III ini pantas disambut dengan gembira.
Terbitnya buku "MARDI BASA LAN SASTRA JAWI 1, 2, 3" hasil karya Sdr. Mugiyono, B.A. dkk. (tim yang menangani GBPP Bahasa Daerah itu sendiri) merupakan pelaksanaan operasional GBPP Bahasa Daerah, dan sebagai salah satu sarana guna mewujudkan harapan yang terkandung di dalam Kata Pengantar kelahiran GBPP Bahasa Daerah di atas.
Atas dasar uraian di atas, maka buku "MARDI BASA LAN SASTRA JAWI 1, 2, 3" ditetapkan sebagai buku pelajaran wajib pegangan siswa SMP di seluruh Jawa Tengah.
Semoga harapan di atas dapat terwujud, demi pembinaan dan pengembangan Bahasa dan Kebudayaan Nasional pada umumnya, serta perwujudan identitas Jawa Tengah pada khususnya.
Semarang, 6 Juni 1984 Kepala Kantor Wilayah,
DRS. SOEJATTA NIP 130430070
| 1 | Bebuka |
5 |
| 1 | Wulangan I |
9 |
| 1 | Wulangan II |
17 |
| 1 | Wulangan III |
25 |
| 1 | Wulangan IV |
33 |
| 1 | Wulangan V |
41 |
| 1 | Wulangan VI |
49 |
| 1 | Wulangan VII |
57 |
| 1 | Wulangan VIII |
65 |
| 1 | Wulangan IX |
73 |
| 1 | Wulangan X |
83 |
Mbs-2-7
I. A.Pacelathon
Tindakna !
| Purwadi | : | "Kados pundi, Pak, rapot kula ?" |
| Bapak | : | "Lha kae, diasta ibumu." |
| Ibu | : | "Gilo, Pur, rapotmu. Renea !" |
| Purwadi | : | "Pundi, Bu ? Pundi, Bu ? Pundi, pundi ? |
| Ibu | : | "E, thik ngoyok bae hara ta. Ibu nganti arep gledhak. Ya rosa kowe no karo Ibu. Rak ya sing sareh." |
| Bapak | : | "Selak apa ta, Pur, ngesuk Ibu kok kaya karo kancane. Karo pak guru ya ngono kuwi kowe?" |
| Purwadi | : | "Kesupen, Bu, tiyang kesesa selak sumerep ngantos nilar subasita. Nyuwun ngapunten, Bu. Rak pareng ta, Bu ?" |
| Ibu | : | "Nek parenge ki ya pareng, ning mengko yen kepatuh rak ora prayoga. Dieling-eling lho ya, cah bagus, mengko karo sapa-sapa ngono." |
| Bapak | : | "Aja nganti ya,le, karo sapa-sapa aja ngono. Wong tuwa barang mengko mundhak kecangking-cangking." |
| Purwadi | : | "Saestu, Bu, saestu boten nate. Tiyang wonten nggriya punika kemawon sampuna kesupen, boten badhe kula wantun srogal-srogol mekaten." |
| Ibu | : | "Ya kuwi, Le, sing dakidham-idhamake, kowe dadia wong sing utama, pinter, prigel, mursid. Enya, iki rapote. Bapak Ibu marem priksa wohing pasinaonmu." |
| Purwadi | : | "Sampun kepareng saestu, Bu, mangke Ibu gek dereng marem." |
| Ibu | : | "Hara ta kok ndadak umpakan, ethok-ethok |
[ 10 ]
| emoh. Bocah ki nek bagus ya ndadak mbebeda ibune barang. Wis, enya, kowe munggah, Lik, lan ....... klebu juwara." | ||
| Purwadi | : | "Adhuh, matur nuwun, Gusti. Matur nuwun, Bu, matur nuwun, Pak. Kula kok saged juwara, boten nginten saestu, Pak. Babar pisan boten ngimpi, Bu, saestu." |
| Bapak | : | "Ya kaya ngono kuwi, Lik, kanugrahaning Gusti kang ora kanyana-nyana. Mula awake dhewe iki kudu ora kendhat-kendhat anggone sumungkem lan syukur marang Allah." |
| Ibu | : | "Heeh, bener ngendikane Bapak kuwi, Pur." |
| Purwadi | : | "Kasinggihan sanget, Pak, tansah kula estokaken." |
B. Ukara-ukara iki wacanen, tembung kang dhoyong cap-capane kedalna kang trep !
- 1. a. Bocah kesed mesthi bodho
b. Mangsa bodhoa kowe, wong wis gedhe tuwa rak bisa mikir. - a. Suk emben dak kandha.
b. Iya, kandhaa tenan, ya ! - a. Aku melu urun sithik bae.
b. Iya, ning sithike Rp 50,00. - a. Kacang godhog aku seneng.
b. Sing tumumpang ana kompor kae godhogan apa ? - a. Pager tembok iku katon resik.
b. Temboke kudu kerep dilabur. - a. Montore daksewa Rp 5.000,00 oleh ?
b. Arep tindak ngendi ta kok montoran barang ?
II Maca titi
A. Wacanen batin !
semanak, dhateng pasinaon majeng, maos punika kemawon remen. Bapak ibunipun boten nate klepyan anggenipun migatosaken pasinaoning anak. Punapa ingkang dipun suwun, uger punika kangge ubarampening pasinaon, dipun turuti. Najan makaten Purwadi boten ugungan. Nyatanipun, menawi nyenyuwun boten nate mastani kedah ingkang sarwa sae lan awis. Wosipun, jer kenging kangge nyekapi kabetahan, sampun trimah. Kosok wangsulipun,
sanajan awis reginipun menawi perlu, tiyang sepuhipun ugi boten ngengel-engel.
Purwadi anggenipun ngudi dhateng pasinaon saestu lan tumemen. Dolan ingkang sipatipun ubyang-ubyung boten nate. Tiyang sepuhipun ngawisi saestu. Kesahipun namung menawi perlu kemawon. Upaminipun sinau sesarengan, latihan olah raga, latihan Pramuka, darmawisata lan sanes-sanesipun.
Mekaten kemawon boten nate ngglenes, kesah tanpa pamit. Menawi badhe kesah mangka tiyang sepuhipun pinuju boten wonten, temtu meling dhateng adhinipun.
Boten nggumunaken, wohing pasinaonipun Purwadi sae. Dhasar larenipun sregep, tekadipun kenceng, tur tiyang sepuhipun migatosaken dhateng panggula wenthahipun putranipun.
Kala rapotan inggah-inggahan punika Purwadi tampi kanugrahaning Pangeran, saged minggah klas kalih, malah kapilih dados juwara.
Sepinten bingahing manahipun Purwadi saha tiyang sepuhipun, boten saged kagambaraken.
Boten kasupen tiyang sakulawarga sakala ngaturaken panuwun dhateng Gusti Ingkang Maha Asih, saha boten kendhat anggenipun sumungkem ing Gusti Ingkang Murbeng Dumadi.
B. Wangsulana kang patitis !
1. Purwadi munggah klas pira ?
2. Kepriye rapote ?
3. Apa Purwadi seneng ubyang-ubyung ?
4. Apa Purwadi angkuh lan gumedhe ?
5. Wong tuwane Purwadi ora ngugung putrane. Terangna !
6. Bocah diugung, ora becik. Terangna !
Mbs-2-11
A. Tuladha :
-
a. Bapak ibunipun boten nate klepyan anggenipun migatosa ken pasinaoning anak.
b. Bapak ibunipun boten nate kesupen anggenipun migatosaken pasinaoning anak.
Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !
- Punapa ingkang dipun suwun, uger punika kangge ubarampening pasinaon, dipun turuti.
- Purwadi anggenipun ngudi dhateng pasinaon saestu lan tumemen.
- Purwadi tampi kanugrahaning Pangeran, saged minggah klas lan kapilih dados juwara.
- Tiyang sagriya boten kendhat anggenipun sumungkem ing Gusti Ingkang Akarya Jagat.
- Purwadi kasesa selak sumerep rapotipun ngantos nilar subasita.
- Idham-idhamanipun tiyang sepuh, anakipun dadosa tiyang utami, pinter, prigel lan mursid.
- Purwadi sakelangkung seneng manahipun tampi kanugrahaning Pangeran ingkang boten kanyana-nyana.
- Dhawuhipun Bapak tansah kula estokaken.
B. Tuladha :
-
a. Purwadi punika dhateng kancanipun tangkepipun......
b. Purwadi menika dhateng kancanipun tangkepipun semanak.
Gawenen kaya tuladha ing dhuwur mawa tembung-tembung kang cumawis ing sisih tengen !
|
|
|
d. kiyeng e. pucet f. momot g. luhur h. lenjang i. santosa
|
C. Tuladha:
- Nadyan makaten Purwadi boten ugungan.
- ugungan : kadunungan (gadhah) watak seneng dipun ugung.
- Gawenen kaya tuladha ing dhuwur!
- Diran punika lare aleman.
- Adhiku gawe jaranan papah gedhang.
- Sowana budhe, aku suwuna ngampil ayakan glepung.
- Sandene bapak kae bathikane ibu piyambak.
- Tarwi kae pancen pincang, ora mung pincangan.
- Pitike godhogen wutuhan bae !
- Olehmu sabukan kepara singset bae.
- Pakde arep kagungan damel mantu, nganggo wayangan barang.
- Aku terna tekan sabrangan bae, kowe banjur muliha, aku dak nyabrang dhewe.
D. Tuladha :
- Aja kurang ing trapsila ya, Le, karo . . . . . . . . . . . . aja ngono.
- Aja kurang ing trapsila ya, Le, karo sapa-sapa aja ngono.
|
|
E. Tuladha :
Tiyang sepuhipun ngawisi saestu dolan ingkang sipatipun ubyang-ubýung.
Udhalan :
| Tiyang sepuhipun | : | jejer |
| ngawisi | : | wasesa |
dolan : lesan
ingkang sipatipun ubyang-
ubyung : katrangan lesan
Udhalen kaya tuladha ing dhuwur !
- Kula ndulang adhi kula ingkang alit.
- Tanggi kula wingking griya nyewu tiyang sepuhipun.
- Bu dokter mriksa untu kula ingkang krowok.
- Mbakyu kula pambajeng sinau wonten ing Amerika.
- Kala wingi paklik, adhikipun ibu, tuwi pakdhe wonten ngriki.
IV. Ngarang
- Gawea pacelathon, miliha irah-irahan salah siji ing ngisor iki !
- Omong-omongane kanca saklas ngarepake unggah-unggahan.
- Dina libur sabubare unggah-unggahan.
- Murid teladhan.
V. Maca lan nulis jawa
- Wacanen, banjur turunen !
1.a.꧋ꦭꦸꦔꦲꦏꦤꦲꦗꦫꦩꦺꦫꦩꦺꦲꦤꦏꦺꦤꦺ꧉
b.꧋ꦧꦭꦶꦪꦧꦲꦺꦠꦶꦤꦶꦩ꧀ꦧꦁꦭꦫꦲꦤꦏꦼꦭꦱ꧀꧉
c.꧋ꦤꦶꦫꦸꦮꦥꦏꦂꦠꦶꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ ꦲꦗꦤꦶꦫꦸꦥꦏꦂꦠꦶꦲꦭ꧉
2.a.꧋ꦏꦼꦧꦺꦴꦤꦺꦧꦥꦏ꧀ꦲꦤꦠꦼꦭꦸ꧈ꦔ꧀ꦤꦩꦸꦔ꧀ꦤꦩꦸ꧉
b.꧋ꦏꦼꦧꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦲꦼꦩ꧀ꦧꦃꦲꦺꦴꦩ꧀ꦧ꧉
c.꧋ꦱꦸꦫꦏ꧀ꦏꦺꦥꦫꦮꦢꦾꦲꦩ꧀ꦧꦠꦫꦸꦧꦸꦃ꧉
d.꧋ꦥꦼꦔ꧀ꦤꦩ꧀ꦩꦺꦩꦠꦼꦁꦩꦠꦼꦁ꧈ꦝꦸꦮꦼꦠ꧀ꦠꦺꦲꦶꦛꦼꦁꦲꦶꦛꦼꦁ꧉
e.꧋ꦮꦺꦴꦁꦱꦤꦒꦫꦭꦺꦴꦩꦭꦺꦴꦩꦠꦸꦂꦫꦺꦴꦱꦫꦺꦴꦱ꧉
I. A. Pacelathon
Tindakna !
| Purwadi | : | "Bu, punapa kagungan arta?" |
| Ibu | : | "Arep kanggo apa ta, apa arep nonton ?" |
| Purwadi | : | "Inggih, Bu." |
| Ibu | : | "Apa kowe arep kesed-kesedan, malem Senen barang athik ora sinau. Wis kepinteren ayake, Pur, kowe." |
| Purwadi | : | "Ibu punika lho. Tiyang dereng rampung atur kula Ibu sampun duka." |
| Ibu | : | "Lho lha jare arep nonton, mangka sesuk ki TPB. Lagi klas loro we sinaune wis kendho, mengko klas telu terus mlayu. Sapa sing ora duka, hara !" |
| Purwadi | : | "Leres Ibu punika, leres sanget. Menawi mangke kula ningali......, ningali bioskup temtu leres Ibu duka." |
| Ibu | : | "Lha apa, nonton ki nek ora nonton bioskup, apa band, wayang, arep nonton apa meneh ?" |
| Purwadi | : | "Punapa boten wonten sanesipun, Bu ?" |
| Ibu | : | "Lha ubyang-ubyung liyane kuwi. Pancen kowe
mundhak sregep kok, Gus, cah bagus tenan kowe." |
| Purwadi | : | "Wah, wah, selak kakehan dosa. Kula badhe ningali ......, ningali toko buku, kok, Bu. Punapa kagungan arta ?" |
| Ibu | : | "Pur, Pur, karo Ibu kok senenge gawe dheg. Bok mau enggal matur sing teteh. Nek Ibu ora duka kok ora lega." |
| Purwadi | : | "Kula remen, Bu, dipun dukani Ibu uger namung sekedhik-sekedhik." |
| Ibu | : | "Arep apa, ta, kok nonton toko buku ? Gajege
buku-bukumu wis komplit." |
Mbs-2-17
| Purwadi | : | "Anu, Bu, menawi buku wucalan pancen leres sampun gadhah sadaya. Ingkang badhe kula tumbas punika bausastra lan buku paribasan." |
| Ibu | : | "O, ngono, enya pira regane, kepara dakserepi, kanggo jagan, ya. Sing mundhak sregep lho, sinaune !" |
| Purwadi | : | "Inggih, Bu, badhe kula sregepi saestu. Sampun, Bu, kula bidhal sapunika." |
| Ibu | : | "Iya, iya. Ngati-ati lho!" |
| Purwadi | : | "Inggih, Bu, sendika." |
B. Ukara-ukara iki wacanen, tembung-tembung sing dhoyong cap-capane kedalna sing trep !
- a. Kanca pira sing padha budhal iki mengko ?
b. Kancamu apa wis padha kokangseni ? - a. Kowe mau tawa apa ?
b. Dakkira tawamu ora tenanan. - a. Kowe kok ngreti, sing kandha sapa?
b. Anu, kandhane wong-wong kuwi lho. - a. Kayu nangka pancen kena dienggo balungan omah.
b. Wit nangkaku tegoren, peken, wong wis ora gelem awoh. - a. Kowe gelem tampa resik pira?
b. Wis kono, pira-pira daktampani.
II Maca titi
A. Wacanen batin !
Purwadi saestu minggah klas kalih, malah kapilih dados juwara kapisan.
Boten nggumunaken menawi larenipun seneng. Punapa malih tiyang sepuhipun, bombonging manah boten kinanten.
Sinaunipun saya mindhak mempeng lan sregep, rumaos ageng manahipun. Najan mekaten, Purwadi boten lajeng gumedhe, tebih saking tembung : adigang, adigung, adiguna.
Sedaya wau awit tiyang sepuhipun boten katlompen anggenipun suka tetuladhan amrih lare boten kepatuh tumindak ingkang kirang prayogi. Asring sanget tiyang sepuhipun nedah-nedahaken dhateng lare bab wasiyat punapa dene wasita adi. Kadosta : Sapa temen tinemu, ulat madhep ati karep, jer basuki mawa beya, sapa salah
seleh, becik ketitik ala ketara, aja dumeh, ngundhuh wohing panggawe.
Sedaya punika tansah cumithak wonten ing telenging manahipun Purwadi. Len, ndayani pasinaonipun saya sengkut lan tumemen. Ewadene, dhateng padamelan ing griya ugi sregep kawastanan lare doyan damel.
Purwadi saged sanget mbage wekdal, pundi ingkang kangge sinau, pundi ingkang kangge mbiyantu tiyang sepuh. Sanajan gadhah rencang, Purwadi boten kumandara. Rumengkuhipun dhateng rencang kados dhateng batih. Punika wau njalari rencangipun malah saya ering lan ngeosi.
B. Wangsulana kang patitis, luwes, abasa krama !
- Kepriye sinaune Purwadi ?
- Apa wong tuwane sok aweh tetuladhan ?
- Apa saben dina Purwadi Muh sinau thok, ora ngreti gawean ngomah ?
- Kepriye tangkepe Purwadi marang rewang ?
- Purwadi iku doyan ing gawe. Apa sinaune ora banjur kether ?
III. Kawruh basa
A. Tuladha :
- Tiyang sepuhipun gak ketlompen anggenipun suka tetuladhan.
- Tiyang sepuhipun boten nate kesupen anggenipun suka tetuladhan.
- Purwadi boten gumedhe.
- Pikajengipun tiyang sepuh amrih lare boten kepatuh tumindak ingkang kirang prayogi.
- Asring sanget tiyang sepuhipun nedahaken wasiyat dhateng lare.
- Sadaya wau ndayani pasinaonipun saya sengkut lan tumemen.
- Sanajan gadhah rencang, Purwadhi boten kumandara.
- Rumengkuhipun dhateng rencang kados dhateng batih.
- Punika wau njalari rencangipun malah saya ering lan ngaosi.
- Bukunipun: Purwadi sampun komplit, namung kirang bausastra lan buku paribasan.
B. Tuladha :
a. Purwadi minggah klas, ndadosaken bombonging manahipun ............................
b. Purwadi minggah kelas, ndadosaken bombonging manahipun tiyang sepuh.
Ukara-ukara iki ganepana kaya tuladha ing nduwur; nganggo tembung camboran kang
cumawis ing sisih tengen !
|
|
|
h. dhegus
|
C. Tuladha :
Purwadi rumangsa gedhe atine, sinaune mundhak mempeng lan sregep.
Ukara-ukara iki genepana nganggo tembung entar kang cumawis ing sisih tengen!
|
|
D. Tuladha :
- Purwadi gadhah rencang. Purwadi boten kumandara.
- 1. Sanajan gadhah rencang, Purwadi boten kumandara.
2. Purwadi gadhah rencang, nanging boten kumandara.
Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !
- Griya punika ageng. Griya punika sewanipun mirah.
- Kapal punika alit, Kapal punika rosa.
- Sande punika anyar, Sande punika kathah cirinipun.
- Randi punika nedhanipun kathah. Randi boten saged lema.
- Asih griyanipun celak sakolahan. Asih asring sanget kasep.
- Buku punika awis. Buku punika kedah kula tumbas.
- Sentanu gesangipun rekaos. Sentanu boten purun ngresahi sanak sadherek.
- Murti sampun wongsal-wangsul kula emutaken. Murti taksih ajeg kesed.
- Susi kaliyan Andri punika sadherek tunggil bapa biyung. Susi kaliyan Andri punika watakipun kados bumi kaliyan langit.
- Kula sampun wongsal-wangsul maos buku punika. Kula dereng apil.
E. Ukara-ukara iki wacanen, lan setitekna tegese paribasan sing dicap dhoyong!
- Sing sapa kepengin urip mulya, ora kena wedi kangelan, kudu padha gelem setiyar, sabab jer basuki mawa beya, tekaning kamulyan sarana pambudidaya.
- Titenana bae, sapa salah seleh, sing salah bakal kalah.
- Becik ketitik ala ketara, ditutup-tutupana kae wusanane bakal kasumurupan endi sing bener endi sing luput, endi sing becik endi sing ala.
- Gegayuhan kang disaranani kanthi pambudidaya tan kena ora mesthi kecekel, awit sapa temen tinemu.
- Aja padha ngedir-edirake kekuwatan, kaluhuran lan kapinteranmu, awit wong adigang, adigung, adiguna iku tundone bakal nemu sangsara.
- Aja padha seneng ngina utawa ngremehake pepadhaning manungsa, awit giri lusi janma tan kena ingina. Ing atase cacing bae bisa nggremet tekan pucuking gunung, apa maneh manungsa, mula ora kena diina.
- Ulat madhep ati karep, dhasar atine cocog tur iya pancen wis kepengin.
- We lha, jenenge iki golek-golek ketanggor wong luru-luru. Nembung nyilih nyang nggone wong sing uga butuh lan lagi setiyar.
IV. Kasusastran
Wacanen sing patitis lan apalna !
- Dhuh prajaku, tanah wutahing getihku
- kang satuhu, yen dadi woding atiku.
- Jer wus bisa, sung berkah mukti 'wibawa.
- Mring pra wredha, wedharing kang sih wilasa.
- Ingkang asung, busana myang baksana gung
- tanpa petung, pantes kinudang ing kidung.
(Racikan Basa II).
Katrangan :
- Tembung-tembung iki ngemu purwakanthi swara :
prajaku — getihku swara u
satuhu — atiku , swara u
bisa — wibawa , swara a
wredha — wilasa , swara a
asung — gung , swara ung
petung — kidung , swara ung - Dene tembung-tembung iki ngemu purwakanthi sastra
bisa — sung , sastra s
wredha — wedhar , sastra w, dh
asung — busana , sastra s
petung — pantes , sastra p, t
Tulisen mawa aksara Jawa !
- Sah, Ngaisah, tukua uyah kana !
- Mengko sore bae renea maneh, Sri.
- Saiki balia dhewe, mengko sore aku nusul.
- Bodhoa kae janji sregep sinau bisa dadi pinter.
- Sumur kuwi ditawua kae, yen ora didhudhuk maneh banyune ora agung.
- Dhukune apa wis teka, Kris.
- Enya iki lho, dhukune legi-legi.
- Aku melu, wudhune pira.
- Wudune Trisni apa durung mecah ?
- Iku jalake sapa, Pras?
I. A. Pacelathon
Tindakna !
| Danarti | : | "Nur, Nur, apa kowe wis tau weruh ana sepur tanpa maisnis?" |
| Nurlela | : | "Durung tau yen mlaku, yen mandheg tanpa masinis aku wis kerep weruh." |
| Danarti | : | "Nur, iki omong tenan lho, ora guyon. Nek srekalan we aku bisa. Sepur kok mlaku ki ngndi ana, wong ora duwe sikil." |
| Nuerendah | : | "Ya wis, siji-siji, alias buk. Nyat ora ana sepur mlaku jlegrang-jlegrang kaya Raden Werkudara. Sing dakkarepake yen sepur mandheg ana setasiyun, aku wis tau weruh." |
| Danarati | : | "Nek kuwi we ora gumun, lumrah bae. Sing daktatokake kowe kuwi sepur pas ora ana. Wis weruh apa durung?" |
| Nuerendah | : | "Iyah mokal kuwi, ora mulih nalar. Piye lakune, padhane montor ora ana sopire, mangsa bisaa mlaku." |
| Danarti | : | "Aku ki ya gumun maune, ning kok ya ana lho lelakon kaya kuwi." |
| Nurendah | : | "Aku tumon barang mokal bisa kalkon." |
| Danarti | : | "Tumon bae, jagat jembar langit dhuwur. Kuwi komborane disambi kanggo tamba ngelak, karo apa kuwi, ayo diicipi ! |
| : | Mengko dakdongengi." | |
| Nurendah | : | "Iya, iya. Selak notol lho Nar, aku." |
[ 26 ]B. Ukara-ukara iki wacanen, lagokna sing trep karo surasane! Banjur gawea tuladha liyane !
- a. Mangana sing akeh ben wareg ! (akon supaya ....)
b. .................................... - a. Aku mau mangana dhisik saiki ora kengelihen. (upama ....)
b. ........................... - a. Mangana kae bubur, sedhela bae wis krasa ngelih. (sanajan) ....
b. ........................... - a. Mangana sing akeh, ya, pitikku ben gelis gedhe. (pangarep-arep)
b. .................................. - a. Kono, kono, mangana maneh, kareben kuwaregen ! (panglulu)
b. ..........................
II Maca titi
A. Wacanen batin !
Ing satunggaling kitha alit ing tlatah pundi, kula kesupen, nate wonten lelampahan ingkang nggumunaken. Liripun, boten limrahpun mekaten punika.
Menawi sopir becak mencolot jalaran badhe tabrakan, punika boten nggumunaken. Kusir andhong, tiyang numpak pit, tiyang numpak pit montor, sami mlumpat perlu pados wilujeng punika kalebet limrah, asring sanget kedadosan. Sareng masinis, upami ngantos mencolot medal, kados-kados kok boten pinanggih ing nalar. Ewasemanten lelampahan ing jagat punika pancen warni-warni. Kala mangsanipun ingkang boten pinanggih nalar saged kelampahan.
Kula nate mireng, wonten sepur mlajeng tanpa masinis, jalaran masinisipun mlajeng pados wilujeng. Wonten ing pundi [ 27 ]ipun kula kesupen, nanging cariyosipun kula taksih enget gawang-gawang ngantos sapriki. Wondene ingkang ndongengi embah, nalika kula taksih kepara alit.
B. Wangsulana kang patitis abasa krama !
- Bab apa kang dicaritakake ing wacan kuwi ?
- Ing ngendi klakone kedadeyan kuwi?
- Apa bab kang mangkono kuwi klebu nalar ?
- Apa kowe wis tau ngerti crita nanging lali papan dununge utawa ana ing ngendi kelakone ?
- Coba ngaranana lelakon kang klebu nggumunake !
III. Kawruh basa
A. Tuladha :
Kala mangsane sing ora tinemu ing nalar bisa kelakon.
Ukara-ukara iki isenana andhahane tembung laku sing
cumawis ing sisih tengen !
|
|
|
|
B. Tuladha :
a. Kula nate mireng kabar, Wonten sepur mlampah tanpa...
b. Kula nate mireng kabar, wonten Sepur mlampah tanpa masinis.
Gawenen kaya tuladha ks dhuwur, miliha tembung-tembung ing sisih tengen!
|
|
[ 29 ]
|
|
C. Tuladha :
Kula kesupen kedadosanipun wonten pundi nanging kula
taksih enget gawang-gawang cariyosipun.
Tembung kang dicap dhoyong ing ukara ngor iki golekana kosok baline!
1. Ingkang badhe kula cariyosaken punika lelampahan ingkang sakalangkung aneh, liripun
boten ....... mekaten.
2. Drajat punika kesangeten anggenipun brangasan, mangka tiyang sepuhipun.....
3. Tiyang ingkang seneng olahraga badanipun singset, beda kaliyan ingkang boten seneng,
badanipun temtu......
4. Toya paceren sampun pisan-pisan dipun bucal dhateng papan ingkang adhakan, kedah
kailekaken dhateng papan ingkang.....
5. Kula seneng manawi tanggi tepalih kula tampi kanugrahan, lan ugi tumut ngraosaken .........
manawi tanggi kula manggih reribed.
6. Lare ingkang sami ngadeg wonten ing papan ingkang benter dipun dhawuhi pados
panggenan ingkang.......... amargi ingkang badhe dipun dhawuhaken pak guru taksih kepara kathah.
Mbs-2-29
- Rencangipun ingkang ndemenakaken nyuwun medal, angsal santun rencang ingkang nyambut damelipun sarwa...
- Saweg sepisan punika anggen kula milih kleresan, adatipun tansah..............................
- Mbakyu pawakanipun. andhap alit, wondene kangmas...kados bapak.
- Kapalipun dipun titihi alon-alonan, nanging sareng sumerep mendhungipun saya ngend hanu lajeng dipun.........
D. Tuladha :
-
a. Kula mireng kabar wonten lelampahan ingkang nggumun
aken, liripun boten limrahipun makaten punika.
b. Kula mireng kabar wonten lelampahan ingkang nggumun
aken, tegesipun boten limrahipun makaten punika.
Gawenen kaya tuladha ing dhuwur!
- Para prajurit ingkang tinilar ing pangagengipun pindhanipun kados kuthuk tinilar ing babonipun.
- Kacariyos, wana punika sakalangkung wingit gawat kaliwatliwat, dados kedhatonipun jim setan pri prayangan sarta dados pandhelikanipun sato wana.
- Sang Prabu tampi nawala panantang, sakala duka yayah sinipi.
- Dewi Pregiwa lan Pregiwati nilar pratapan ngupadi sudarmanipun.
- Wonten ing madyaning wana sang dyah kekalih pinanggih utusan saking Astina.
- Sulayaning wuwus andadosaken perang, dedreg arebat unggul.
- Sata Kurawa asor yudanipun, awit Sang Dyah Ayu dipun pitulungi ingkang raka Raden Abimanyu.
- Dewi Pregiwa lan ingkang rayi Dewi Pregiwati dahat karenan ing galih awit saged oncat saking bebaya.
- Sang Dyah Ayu kekalih nulya anglajengaken tindakipun ingirid ingkang raka Raden Abimanyu dalah para parepat, Semar, Nala Gareng, lan Petruk.
Ingkang ndongengi pun embah nalika kula taksih kepara alit.
Ukara-ukara iki rampungna kaya tuladha ing dhuwur !
- Embah seda nalika
- Buku kula ical nalika
- Sabinipun bapak keleban nalika
- Kula boten mlebet sekolah nalika
- Kula sumerep Jakarta nalika
- Pandung punika mlebet griya nalika
- Pak guru tindak dhateng panggenan kula nalika
- Ingkang pungkasan kula sowan embah nalika
- Wahyuni dumugi panggenan kula nalika
- Kagungan panjenengan buku kula titipaken ingkang rayi nalika
IV. Ngarang
Gawea karangan gancaran, miliha irah-irahan ing ngisor iki salah siji !
- Nyumbang Kadhone Keri.
- Wis Kebacut Nganyang Dhuwite Keri.
- Gedhang Awoh Ing Tengah Uwit.
- Sing Aneh-Aneh ing Sakiwa Tengenku.
- Wacanen banjur turunen!
- ꧋ꦥꦊꦩ꧀ꦩꦺꦢꦶꦧꦭꦔꦁꦔꦶꦧꦺꦴꦕꦃꦭꦶꦮꦠ꧀꧈
- ꧋ꦠꦁꦒꦏꦸꦚꦥꦱꦂꦮꦶꦪꦤꦏ꧀ꦏꦺ꧉
- ꧋ꦩꦺꦃꦧꦲꦺꦲꦏꦸꦮꦺꦴꦫꦔꦶꦤ꧈ꦠꦸꦗꦸꦤꦺꦢꦶꦮꦫꦃꦲꦶ꧉
- ꧋ꦢꦺꦱꦏꦸꦏꦼꦉꦥ꧀ꦢꦶꦠꦶꦤ꧀ꦤꦶꦒꦿꦪꦏ꧀꧈
- ꧋ꦥꦶꦠꦶꦏ꧀ꦏꦺꦱꦶꦥꦏꦤ꧀ꦤꦶꦏꦠꦸꦭ꧀꧈
- ꧋ꦭꦏꦸꦤꦺꦔ꧀ꦭꦶꦮꦠ꧀ꦠꦶꦢꦭꦤ꧀꧈
- ꧋ꦥꦒꦼꦂꦫꦺꦢꦶꦛꦺꦛꦺꦭ꧀ꦭꦶ꧈ꦗꦫꦺꦪꦉꦥ꧀ꦢꦶꦱꦭꦶꦤ꧀ꦤꦶ꧉
- ꧋ꦗꦔꦤ꧀ꦤꦺꦢꦸꦫꦸꦁꦢꦶꦧꦸꦩ꧀ꦧꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶ꧉ [ 33 ]WU LANGAN IV
I. A. Pacelathon
Tindakna !
| Sriyani : | "Budhe, nyuwun priksa punapa bapak kalawau sowan mriki ?" |
| Budhe : | "Ora ki, Sri. Geneya ta ?" |
| Sriyani : | "Anu, kanca kula kok criyos kala wau sumerep mobilipun, bapak langkung ngajeng sekolahan." |
| Budhe : | "O, ngono ta. Nek dhines mriksa-mriksa yake. Wong tlatahe bapakmu saiki jembar. Rak sa-Jawa Tengah, ta?" |
| Sriyani : | "Nanging kok inggih boten pinarak sowan Budhe. Upami sowan kula badhe matur nyuwun arta, kangge tumbas buku." |
| Budhe : | "Sri, Sri, arep tuku buku bae thik ndadak nyuwun bapak. Budhe ki apamu. Rak wong tuwamu dhewe ta sasate. Pira ta regane buku kuwi ?" |
| Sriyani : | "Anu, Budhe, sanget nuwun. Tiyang dereng kesesa kok. Tur kaliyan badhe matur sanesipun." |
| Budhe : | "O, ngono ta. Ya mengko yen perlu bae matura Budhe, ya. Apa kirim layang bapakmu." |
| Sriyani : | "Kula sampun kintun sérat, Budhe. Setengahipun kula punika inggih ngajeng-ajeng balesan ipun bapak. Nanging langkung ngriki kok boten sowan Budhe, mila kula lajeng matur punika wau. |
| Budhe : | "Dadi kowe wis ngaturi layang bapakmu ta ? Adate bapakmu ki ora tau tledhor menggalih putrane. Ya coba ta disrantekake sawetara. Nek durung teka barang, layange bapakmu." |
| Sriyani : | "Inggih, Budhe, kula srantosipun sedinten kalih dinten." |
[ 34 ]
| Budhe | : "Iya, iya. Ning bok coba ta, kothak pos kae tilikana. Iki mau rak durung ana sing niliki. Enya kuncine, bukaken !" |
| Sriyani | : "Inggih, Budhe. O, lha punika wonten saestu. |
| Budhe | : "Apa ta, rak tenan kandhaku. Wis, kana diwaca kana. Durung-durung kok jingklak-jingklak." |
| Sriyani | : "Hi, hi, hi, hi, hi. Ngantos kesupen, Budhe. Saking bingah kula lajeng jingklak-jingklak. Nuwun sewu kula maos rumiyin, Budhe." |
| Budhe | "Lha iya no. Wong sing tampa-layang kowe." |
B. Ukara-ukara iki wacanen, tembung sing dicap dhoyong kedalna sing trep !
- Wite lunyu, angel dipenek.
- Yen kowe wani, kates kae peneken bae, aja kosenggrok nganggo genter.
- E, bok aja padha penekan !
- Bocah kelas papat digladhi ngerek gendera.
- Sur, kutute kereken !
- Yen kowe sida menyang pasar aku titip tukokna kerekan timba ya, Jan.
- Sang Prabu Erlangga kersa seleh keprabon.
- Bukumu selehna kono, ora-orane ilang !
- E, kuwi dhingklik kanggo lungguh, dudu selehan sikil ! [ 35 ]II. Maca titi
A. Wacanen sing titi !
Kang pandonga
tumrap marang anakku Sriyani
ing Sala
Pamuji rahayu.
Ngger, Sriyani, Bapak lan Ibu wis tampa layangmu kang katitimangsan : Sala, 1 April 1977. Mungguh surasane wis kecakup, kaya ora ana kang kecicir.
Yen ing sajroning. minggu iki kowe weruh mobile Bapak liwat kutha kene, kuwi pancen bener, nanging Bapak ora kober mampir tilik kowe. Mula aja kaget lan aja mlenggong atimu. Bab panyuwunmu kang kasebut ing layang kabeh wis diurus ibumu. Yen ora kleru : tukon buku, uang saku, tukon sandhangan cara Jawa sapangadeg arep kanggo mengeti dina Kartini. Aja cilik atimu, ibumu arep enggal-enggal tindak rene nyukupi butuhmu kuwi.
Rehne kowe adoh wong tuwa, budhemu kuwi anggepen wong atuwamu, apa ngendikane estokna.
Welingku sing wigati : mempenga anggonmu sinau, sing tegen lan sing mugen, aja dhemen ubyang-ubyung. Sing uwis-uwis, wong ubyang-ubyung kuwi bakal keduwung tembe burine. Luwih-luwih kowe bocah wadon, akeh saru sikune, cepak rubedane. Yen kurang prayitna bisa nemu kesusahan.
Ana paribasan : Yitna yuwana, lena kena. Kuwi bundhelana sing premati.
Jroning gawe layang iki kaanane wong atuwamu padha ginanjar ing kayuwanan. Muga-muga tumrap anakku ing paran uga ora beda.
Pekalongan katitimangsan kaping
5 April 1977
B. Pitakon-pitakon iki wangsulana kang trep lan luwes !
- Layang kuwi layang balesan. Ukara endi kang mratelakake ?
- Yen bener liwat, apa sebabe bapake Sriyani ora mampir?
- Bab apa sing disuwun Sriyani ?
- Piye kaanane bapak lan ibune Sriyani nalika nulis layang kuwi ?
- Kowe rak ngerti ta, perangane layang ganep. Coba aranana!
III. Kawruh basa
- A. Tuladha :
- Surasane layang wus kecakup, ora ana kang kecicir.
- Surasane layang wus kasumurupan kabeh, ora ana kang kliwatan.
- Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !
- Welingku sing wigati : mempenga sinaumu aja dhemen ubyang-ubyung. [ 37 ]
- Sing uwis-uwis wong ubyang-ubyung bakal keduwung tembe burine.
- Bocah wadon kuwi akeh saru sikune, cepak rubedane.
- Yen kurang prayitna bakal nemu kesusahan.
- Paribasan "Yitna yuwana lena kena" iku bundhelana sing premati.
- Jroning nulis layang iki kaanane wong atuwamu padha ginanjar ing kayuwanan.
- Puji pandongaku mawantu-wantu marang anakku kang lagi pisah, ngangsu kawruh kanggo sanguning ngaurip.
- Adate bapakmu ora tau tledhor menggalih putrane.
B. Tuladha :
- Mas, nyuwun priksa punapa kala wau bapak tindak mriki? Mudakrama.
- Mas, nyuwun priksa apa mau bapak tindak mrene.?
Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !
- Mas, penjenengan dipun timbali bapak.
- Mbakyu, menawi kepareng ingkang putra badhe kula ajak sowan ibu dhateng Mediyun.
- Mangga, Dhi, unjukanipun mumpung taksih anget, lan punika nyamikanipun kula aturi ngedhapi.
- Menawi boten klentu penjenengan punika rak dhimas Sasangka putranipun paman Suryasumpena ta ?
- Mas, punapa kepareng kula nyelani nyuwun ngampil titihanipun sadinten kemawon ?
- Mbakyu, menawi saestu sowan embah dhateng Tasik, kula badhe ndherek.
- Mas, punapa panjenengan sampun priksa bilih wulan ngajeng mangke yu Sri saestu bidhal dhateng Pilipina ?
- Dhik, kula nyuwun tulung, penjenengan matur ibu, bilih benjing Minggu kula boten saged wangsul.
- Sapunika dinten Jumuwah Legi, dinten wiyosanipun ibu.
- Mangga sowan ibu, kabaripun ibu gerah. [ 38 ]
C. Tuladha :
Ibu mundhut sandhangan cara Jawa sapangadeg.
Gawenen kaya tuladha ing dhuwur nganggo tembung-tembung
kang cumawis ing sisih tengen!
1. Bapak mundhut jaran. . . . .
2. Biyen daraku mung. . . . .
saiki wis bebranahan dadi sapirang-pirang.
3. Pakdhe kagungan gamelan. . . . .
slendro lan pelog.
4. Bulik mundhut patehan. . . . .
5. Dhek wingi mas Atun.. . . . .
sowan bapak, nyuwun pamit anggone arep
boyong menyang Mekasar.
6. Sri, Ibu tukokna gula jawa. . . . .
ya, Nduk !
7. Kabul tuku sandhal. . . . .
8. Pakdhe. . . . . tindak Surabaya
aku didhawuhi ngancani mas Bima tunggu
omah.
a. rong rancak
b. sarakit
c. sajodho
d. satangkep
e. saprangkat
f. sabrayat
g. sekaliyan
h. sepasang
i. sagagragan
D. Tuladha :
a. Muga-muga anakku kang aneng paran ingedohna ing sam-
bekala.
b. Muga-muga anakku kang ana ing paran ingedohna ing
sambekala. Jimbung garban/sandhi
Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !
1. Raden Abimanyu, sang sudireng prang, kapupu madyaning
rana tatune arang kranjang.
2. Anuju ari Respati Sang Nata lenggah sinewaka munggwing
sitinggil binatarata.
3. Sang Nata pranyata ratwagung mahambek pinandhita.
4. Prapteng ngabyantara nata, raosing manah lir siniram ing
toya sawindu.
- Para panakawan sami angenggar-enggar manah, tetembangan sarwyanjoget ganti-ganti.
- Sang Nata lenggah ing dhampar dhenta pinatik ing sesotyadi.
- Kang jumeneng narendra ajejuluk Mahaputra Arimurti.
- Para siswa jalwestri samya angadhep Sang Mahamuni Bagawan Sidik Wacana.
E. Tuladha :
Sri, damar mancung, cinupet semene dhisik layange Bapak,
liya wektu disambung.
Ukara-ukara kang ngemu wangsalan ing ngisor iki wacanen kang titi !
- Nyaron bumbung, nganti cengklungen anggonku ngantu-antu ngenteni tekamu.
- Kono, mrica kecut, sauni-unimu !
- Mbalung krambil, dakkira kowe mung ethok-ethok.
- Sarung jagung, bobot timbang sing arep nglakoni.
- Wong mung dielikake ngono bae kok mentil kacang, banjur mbesengut.
- Kowe kuwi nglemah bengkah, senengmu nyela-nyela.
- Aja seneng ngrokok cendhak ta, Yun, senengane kok neges-neges.
- Balung jagung, yen pancen saguh aja janggelan.
- Witing klapa, Pakdhe, kula punika matur lugu.
- Wohing aren, welingku ya, aja lali !
- Ta, ta, rak nganak kodhok, polahe pecicilan.
- Jenang sela ya, Mas, yen ana luputku aja kurang ing pangapura.
- Mbalung geni, e, mbokmenawa yen ana bejaku.
- Kancing gelung munggwing jaja, titenana !
- Roning mlinjo, sampun sayah kula nyuwun ngaso.
Mbs-2- 39
Kinanthi
Kinanthi liring pitutur
kenthang rambat menyan putih.
awasna dipun pratela,
noleha wiranging wuri,
cecangkok wohing kalapa,
kang dadi pathoking urip.
V. Maca lan nulis Jawa Wacanen banjur tulisen !
1.꧋ꦲꦝꦶꦩꦸꦠꦮꦤ꧀ꦤꦤꦩꦔꦤ꧀꧉ 2.꧋ꦱꦫꦸꦁꦱꦷꦢꦏ꧀ꦲꦼꦚꦁꦩꦲꦸꦧꦭꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧉ 3.꧋ꦲꦏꦸꦲꦉꦥ꧀ꦢꦺꦴꦢꦃꦭ꧀ ꦠꦸꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦤꦪ꧉ 4.꧋ꦲꦺꦴꦭꦺꦴꦲꦺꦩꦤ꧀ꦠꦸꦤꦼꦏꦏ꧀ꦲꦏꦺꦠꦩꦸꦲꦏꦺꦴ꧉ 5.꧋ꦱꦷꦔꦁꦱꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺꦲꦼꦩ꧀ꦧꦃꦭꦶꦏ꧀ꦭꦃꦒꦂ꧉ 6.꧋ꦱꦫꦸ꧈ꦔꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺꦱꦼꦠꦸꦠ꧀ꦧꦸꦧꦂꦩꦔꦤ꧀꧉ 7.꧋ꦧꦏꦭ꧀ꦭꦺꦭꦒꦶꦢꦶꦢꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦏꦺ꧉ 8.꧋ꦏꦠꦸꦭ꧀ꦭꦺꦢꦶꦥꦏꦏ꧀ꦏꦏꦺꦥꦶꦠꦶꦏ꧀꧉ 9.꧋ꦲꦝꦶꦤꦺꦢꦶꦲꦼꦠꦫꦏꦺꦩꦸꦭꦶꦃ꧉ 10.꧋ꦧꦸꦏꦸꦤꦺꦢꦶꦕꦮꦶꦱ꧀ꦱꦏꦺꦲꦤꦩꦺꦗ꧉
40 [ 41 ]
I. A. Pacelathon
Tindakna!
| Hardi | : | "Nar, preen iki apa rancanganmu ?" |
| Narta | : | "Lha kowe piye ?" |
| Hardi | : | "Ditakoni durung wangsulan wis genten takon. Ya, dakngalah. Aku kepengin nonton endahing alam." |
| Narta | : | "Aku iya." |
| Hardi | : | "Wangsulanmu ki thik nganyelake aku iya, ki karepmu piye? Kene ki omong tenan, kono mung sakepenake." |
| Narta | : | "Kojur tenan aku ki. Trima nurut isih salah. Nurut salah, apamaneh yen nggesehi, mesthine saya gedhe ukumane." |
| Hardi | : | "Ya aja ngono, Nar. Aku ki ora nyalahake, ning olehe larang ki lho omonganmu. Mbok ya usul<be/>piye ta piye." |
| Narta | : | "Aku ki pancen arep usul. Jan-jane malah ora mung usul, nanging ajak-ajak. Kebeneran kowe miwiti." |
| Hardi | : | "O, dadi genah-genahe iki mau nunggal karep ning durung trep. Ya ngono pa piye?" |
| Narta | : | "Yake ora kleru kandhamu kuwi." |
| Hardi | : | "Yen kowe, apike menyang ngendi, Nar ?" |
| Narta | : | "Aku ki durung jajah. Jare sing apik-apik akeh. Kayata Tawangmangu, Baturaden, Parangtritis, Kaliurang, Kopeng, Bandhungan, Jatijajar. Lan mesthine isih akeh liyane." |
| Hardi | : | "O, iya. Kae lho. Ngendi ya kae. Aku tau dicritani kok. Kae lho saka Ngawi ngidul, terus tekan Mage tan, terus......ngendi kae aku lali. Jare apik banget ki, Nar." |
| Narta | : | "O, kuwi Sarangan. Pancen, apik tenan kuwi." |
| Hardi | : | "Kowe wis rana ping pira, Nar ?" |
[ 42 ]
| Narta | : | "Ya durung tau rana. Aku mung dicritani Tana. Dheweke tau rana karo adhi-adhine ndherek rama ibune. Liyane kuwi ngertiku saka nyanyian. Kae lho lagu Telaga Sarangan." |
| Hardi | : | "Tibake padha bae ta iki mau, padha dene durung weruh. Nek Tana dijak piye ya ?": |
| Narta | : | Mesthine gelem. Wong dhek emben aku ya wis rasanan. Malah dheweke tawa-tawa arep ngetera ke." |
| Hardi | : | "Ya wis, malah kebeneran." |
B. Ukara-ukara iki lagokna kang trep karo surasane !
- a. Kana, muliha dhisik !
b. Aku dak mulih dhisik ya, Nar.
c. Kana, kana, muliha, gelis! - a. Adhimu pakpungana, Sri !
b. Sing resik lho, Sri, olehe makpungi adhimu !
c. Kopakpungana yen ora kokosoki ya ora resik no Sri. - a. Jangane santenana, Rus !
b. Sing kenthel lho Rus, olehmu nyanteni!
c. Kosantenana yen santen beningan percumah no Rus. - a. Pitike golekana, Las !
b. Sing tlaten lho olehmu nggoleki, sing nganti ketemu !
c. Kogolekana yeng-yengan mangsa ketemua, wong sajake dibedhog uwong.
II Maca titi
A. Wacanen sing titi !
Ing wanci libur lare-lare sekolah sami pados selingan. Perlunipun supados boten tansah mutheg ing griya, ngiras nglelatih lantiping raos kaendahan. Kajawi punika saged mbuktekaken wucalan ingkang sampun nate dipun tampi. [ 43 ]Selinganing sinau punika warni-warni. Wonten ingkang sami damel prakarya, nglatih kaprigelan, damel blumbang ulam, saweneh wonten ingkang kepengin ngemataken kaendahaning alam.
Hardi, Narta tuwin Tana lare SMP klas kalih. Larenipun kendel-kendel, kekesahan ingkang cekap colik sari wantun. Namung, menawi mawi nyipeng, sanajan wantuna pisan tiyang sepuhipun dereng temtu manawi tega. Lare tiga sami sarembag badhe darmawisata dhateng Sarangan, malah sampun sami angsal palilah tiyang sepuhipun. Awit, Sala Sarangan punika boten tebih, dados saged colik, pados tumpakan ugi gampil, prasasat saben menit wonten tumpakan sewan umum ingkang saged dumugi ing Sarangan, sanajan sambet-sambet.
Lare tiga punika ingkang sampun sumerep Sarangan pun Tana. Mila Tana dados pangajengipun. Saking Sala numpak bis Sala - Surabaya, mandhap Maospati, kitha alit sacelakipun Madiun. Saking Maospati santun tumpakan bis utawi taksi, jurusan Madiun-Magetan. Saking Magetan santun taksi ngantos dumugi ing Ngerong. Ing ngriku saged kendel sawatawis. Manawi badhe adus, ing Ngerong wonten papan padusan umum. Saking Ngerong santun taksi malih, minggah nglangkungi Tlaga Wurung, minggah malih, lajeng mandhap, minggah malih sampun dumugi ing Sarangan. Sesawangan ing ngriku nengsemaken sanget.
Lare tiga sami seneng-seneng, praon, numpak kapal, minggah
pereng ingkang sinaput ing wana pinus, ngantos samaremipun.
B. Wangsulana kang patitis abasa krama !
- Ing mangsa liburan bocah-bocah padha ngapa ?
- Apa paedahe selinganing pasinaon ?
- Hardi, Narta, lan Tana iku bocah ngendi ?
- Ing mangsa liburan bocah telu iku padha darmawisata menyang ngendi ?
- Genea sing dadi pengarep si Tana ?
- Ing Sarangan bocah telu kuwi padha ngapa ? [ 44 ]III. Kawruh basa A. Tuladha : Ing wanci libur lare-lare pados selingan, perlunipun supados boten tansah mutheg ing griya, lan ngiras nglelatih, lantiping raos kaendahan. Ukara-ukara iki isenana tembung dwi purwa kang cumawis ing sisih tengen !
- Tetiyang ing negari Medhangkamolan saweg linimput ing pepeteng, awit ratunipun ing kang ..... Prabu Dewatacengkar saben dinten mundhut cawisan dhahar dagingipun manungsa.
- Rinten dalu tetiyang ing Medhangkamolan sami . . . . . dhateng ngarsanipun Pangeran Ingkang Murbeng Dumadi, mugi-mugi enggal linuwarna saking pacoben ageng menika.
- Nalika samanten ing negari Medhangkamo lan wonten Brahmana ....., taksih jaka tur bagus rupinipun, limpad ing saliring kawruh.
- Brahmana wau .......... Sang Ajisaka
- Sang Ajisaka ...... ing dhusun Dhadhapan jinunjung dados anak angkatipun mbok Randha Dhadhapan.
- Mireng pawartos bab.kawegiganipun Sang Brahmana, tetiyang ing negari Medhangka molan kepengin sami ngadhep, kepengin ..........................................
- Mireng pawartos ambek angkara murka lan ambek daksiyanipun Prabu Dewatacengkar dhumateng kawulanipun, Ajisaka kepengin tetulung, lajeng ..... sarana kangge nyirnakaken Sang Prabu.
- Ajisaka marak ing ....... ing ngarsanipun negari Medhangkamolan, ngaturaken
- neneka
- jejuluk
- nyenyuwun
- nggeguru
- peparab
- dedunung
- tetiyang
- cecawis
- Pepatih
- Prabu Yudhisthira misuwur .......... sabar lan wicaksana.
- Kula sabrayat ngaturaken genging panuwun dhumateng sadaya ...... penjenengan.
- Agemanipun Sang Putri linolosan, lajeng, ..... dhateng tetiyang ing padhusunan.
- Kula punika namung ................... ngayahi kuwajiban.
- Sawangsulipun ...... saking "Balai Benih Ikan" ing Magelang, lare-lare kadhawuhan damel palapuran.
- Wulangan . . . . . , lare-lare dipun dhawuhi nglempakaken sepet.
- Adeging pabrik punika suka ........ dhateng warganing dhusun ing sacelaking pabrik punika.
- Ancasing panggulawenthah punika ndhapuk warganing negari ajiwa Pancasila, pinter lan tegen....................................
- .... bebukaning atur, keparenga kula ngambali ngaturaken sugeng dhumateng rawuh panjenengan.
- Saka Cilacap menyang pulo Nusakambangan kuwi ngliwati .............anakan.
- Ing sakiwa tengene sungapaning kali banyune ngendhong dadi .............
- Ing ereng-erenging Gunung Lawu ana .... ketiga rendheng banyune ora tau angok.
- ..... ing sangisoring wit bulu kuwi banyune agung lan bening.
- Ing mangsa ketiga wong-wong desa kono padha gawe ..... ing sapinggiring kali.
- ..... ing kali kuwi akeh iwake.
- Lengkehing gunung-gunung kuwi dibendung dadi ..... jenenge wadhuk Gajahmungkur.
- Racake wong-wong ing desa kono padha seneng ngingu iwak, mula saben kebon mesthi ana .......................
- Gawe peceren utawa telehing kakus iku aja pisan-pisan cedhak mundhak banyune ora resik.
- Banyu ...... kuwi disaring lan dijantoni banjur diilekake menyang kutha-kutha gedhe, jenenge banyu ledheng.
- a. Tandurane kates diupakara tenan.
b. Wohe mbiyet nganti ngemohi.
c. ....................................... - a. Pak Pringga sekaliyan anggone nggulawenthah putrane setiti lan ngati-ati.
b. Putrane kabeh padha dadi.
c. ....................................... - a. Gandhung tangine ajeg kawanen.
b. Gandhung tekane ing sekolahan ajeg kasep.
c. ....................................... - a. Pitik kuwi pakane kopen.
b. Awake lemu lan waras.
c. ....................................... - a. Marwan sinaune ajeg lan tlaten.
b. Kawruhe jembar, ora kalah karo kanca-kancane.
c. ................................. - Gawea karangan cekak aos abasa krama, miliha irah-irahan ing ngisor iki salah sji !
- Darmawisata dhateng ......
- Aku melu Kemah
- Nampa Tamu Saka Sekolahan Liya
- Wacanen, turunen, banjur tembangna !
- Tindakna !
- Kepriye tumanggape kalangan Jawa marang kagunan wayang ?
- Saben lakon wayang apa mesthi padha ? Apa sababe ?
- Apa sababe Kurawa tansah ngarah patine Pandhawa ?
- Lakon Bale Sigala-gala iku ringkese kepriye? ik haadiah
- Watake Kurawa iku priye mungguh panemumu? [ 52 ]///. Kawruh basa A. Tuladha :
- Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !
- Ing pasamuan-pasamuan asring sanget dipun setel cariyos paringgitan.
- Kagunan ringgit punika gesangipun sampun pinten-pinten abad dangunipun.
- Kala mangsa kembanging lampahan lajeng beda-beda, sanajan lajeripun sami.
- Rehning taksih lembat, Pandhawa dereng wanci nyepeng pusaraning praja.
- Kraton lajeng kapasrahaken dhateng ingkang Uwa, awasta Prabu Drestarata.
- Daksiyanipun dhateng Pandhawa kelangkung-langkung.
- Wongsal-wangsul Pandhawa dipun arah pejahipun sarana alus.
- Lampahan Bale Sigala-gala punika nggambaraken trekahipun Kurawa anggenipun badhe ngarah pejahipun Pandhawa.
- Pandhawa, ingkang manut nalar temtu pejah dados awu, nyatanipun wilujeng nir sambekala.
- Ki Ageng Mangir kena ing ............ bebarengan lan ingkang garwa Raden Ayu Pambayun marak ing ngarsa dalem Panembahan Senapati.
- Gawea karangan cekak aos nganggo basa ........ bab praktikele wong ngingu iwak.
- Raden Gathutkaca kepeksa ....... marang ingkang uwa Prabu Baladewa.
- krama
- apus krama.
- tata krama
- nungkak krama
- krama inggil
- tata krama
- pring apus
- apus
- apus buntut
- apus gulu
- apus-apus
- Ana unen-unen "ngemut legining gula,” tegese bareng wis ngrasakake kepenake wong nyekel panguwasaning negara, Kurawa banjur owel masrahake negara Astina marang Pandhawa.
- Ana tetembungan "palang mangan tandur,” pinracaya njaga keslametan nanging malah ngganggu gawe.
- Kuwi jenenge “kriwikan dadi grojogan,” lire prakara sepele ora bisa mendha malah saya ndadra.
- Iki jenenge “keduwung nguntal wedhung,” arep diterusake rekasa, ora diterusake sengsara.
- Anggonku nuturi bebasan “lambe satumang kari samerang,” nganti kesel anggonku nuturi Pati babar pisan ora dipaelu.
- Kuwi jenenge “sedhakep ngawe-awe,” ketoke ora ngerti apa-apa sejatine tuduh-tuduh.
- Kowe kuwi dhemenmu “legan golek momongan,” wis penak-penak nganggur kathik ndadak soroh bau.
- Wong urip kuwi sabisa-bisa “opor bebek mentas awake dhewek,” lire bisa mentas saka kringete dhewe, ora njagakake pitulunging liyan.
- Bibi Surip tuku klobot
Pethuk encik tawa roti
Uwong urip pancen abot
Mula becik ngati-ati. - Dhek biyen kerja bakti iku jenenge apa ?
- Kepriye tekade wong-wong kang arep padha budhal kerja bakti ?
- Wong sing wis jempo apa iya melu kerja bakti ?
- Kerja bakti iku klebu cak-cakane sila kang kaping pira?
- Lumrahe kapan dianakake ada-ada kerja bakti iku ?
- Manungsa kaparingan....kangge sanguning gesangipun.
- Raden Rangga, putra Panembahan Senapati ing Mataram, satriya ......... sekti mandraguna.
- Kuciwa ..... Raden Rangga kepara brangasan kasektenipun boten dipun cakaken ing samesthinipun.
- Panyuwunipun tiyang sepuh punika mugi-mugi gesangipun anakipun ........ nir ing sambekala.
- Sampun ..... sedaya dhawuhipun Sang Nata, rekayana Patih lajeng madal pasilan.
- Kagunan ringgit punika kagunan ingkang ..........................
- Cariyos punika kasaringa pathi sarinipun lajeng kadadosna ..................
- Prabu Nala lan ingkang garwa Dewi Damayanti nandhang ........... kasurang-surang ing samadyaning wana, awit saking anggenipun kasengsem kesukan main. dhadhu.
- Dosanipun ........ bebasan "digendhong diindhit," ewadene taksih saged nglepataken tiyang sanes
- Lelabetanipun suwargi Ibu Kartini ...... cinandhi wonten ing sanubarinipun bangsa Indonesia.
- watak wan
tunipun - akal budi
- gagah pra
kosa - terang tra
waca - mukti wi
bawa - papa cin
traka - adi luhung
- tepa pa
lupi - kongas
ngambar - tumpuk
undhung - daya keki
yatan - Gambar punika.....saking katebihan sae, sareng dipun celaki jebul awon.
- Brayat kula saweg .....................mentas kemawon kesripahan lajeng kepandungan.
- ..... menawi pancen tinakdir dados jodhonipun temtu kepanggih.
- Punika namanipun....inggih punika njangka prakawis nglengkara, temtu kemawon tangeh kecepengipun, cepak lepatipun
- Menawi pinuju....sampun pisan-pisan keladuk seneng, awit beja cilaka punika tansah gilir gumanti dados sandhanganipun sadhengah tiyang.
- Pambalelanipun Ki Ageng Mangir dhateng Mataram punika boten pisan-pisan .......
- Sesupe kula punika awangun......mripatipun ingkang tengah kaapit ing inten ingkang sami agengipun.
- Bathukipun adhi kula awangun .........................................
- dieletana
segara gu
nung sap
pitu - sri gunung
- kejugrugan
gunung - ngontrak
ake gu
nung - ketepang
ngrangsang
gunung - kerubuhan
gunung
menyan - bathuk
gunungan - gunung
sapikul - gugur
gunung - Lare-lare pasinaonipun ketingal saya ....
- Putranipun ingkang....jebul mak bedhengus dhateng.
- Riyadi kapilih kanca-kancanipun dados ....
- Griya kula .................. kaliyan griyanipun,pak Harjo.
- Darmi punika menawi..............sae, grapyak lan semanak, nanging menawi mengker lajerig ngraosi lan ngawon-awon.
- Anggen kula nawekaken ......... boten mawi dipun awis rumiyin.
- Ing .... griya dipun tanemi kemuning lan bogenvil.
- Adhi kula punika lare wangkal, menawi gadhah ..... boten nate kenging dipun aken eluk.
- majeng
- dipun ajeng-ajeng
- pangajeng
- ajeng ajengan
- dipun ajengi
- aben ajeng
- kekajengan
- sangajengipun
- ngajengaken
- Lare kalih ingkang sami lungguhan wonten ing sangandhaping wit sawo punika, ingkang satunggal Lusi, ............satunggalipun pun Tuning.
- Dhúsun punika dipun wastani dhusun Jagabayan, .... ing kinanipun ingkang cikal bakal nama Ki Jagabaya.
- Kula boten saged tumut darmawisata......nengga ibu gerah wonten griya sakit.
- amargi
- wondene
- dene
- ewadene
- ..... panjenengan kula suwun rawuh, badhe kula suwun ngrencangi mrenah-mrenah aken anggen kula dandos-dandos.
- Rusmin sampun asring sanget dipun dukani, ..... boten mantun-mantun kesedipun.
- Sugih ..... miskin ingatasipun Ingkang Maha Kuwaos sami kemawon.
- Griyanipun kabesmen, ..... kirang pangatos-atosipun.
- Sang putri ical gandanipun amis, ...... saking kasektenipun Sang Begawan.
- Griyanipun Sumi celak sekolahan, ...... saben dinten temtu kasep.
- Ngajengaken tanggal 17 Agustus bangsa Indonesia ngawontenaken ada-ada kerja bakti.
- Udhalan :
- Ukara-ukara iki udhalen kaya tuladha ing dhuwur !
- Ngajengaken serap surya kula sakanca sampun dumugi ing pasarean Tembayat.
- Ngajengaken sembahyang luhur pak Kabul sampun medal wana trataban punika.
- Bakda sembahyang led kula lajeng sowan embah dhateng Tamansari.
- Bakda sembahyang magrib lare-lare ngapilaken puji-pujian wonten ing langgar.
- Nengah-nengahi mangsa rendheng lepen-lepen sami banjir.
- Gawea karangan cekak aos abasa krama, miliha irah-irahan ing ngisor iki salah siji!
- Gugur Gunung Damel Sumur Umum
- Tumut Sambatan Ngedegaken Griya
- Rondha
- Wacanen, turunen, banjur tembangna!'
- Wah, kok angel inggih, Mbah.
- Hlo, wis adus resik-resik kok dolanan wedhi.
- Ehlo dadi Suta kae wis mati.
- Lah, wis ketemu saiki pemesku.
- Hla, rak keperang tenan. Mau dakelikake dolanan lading ora nggugu.
- Layak, digething kancane. Wong pancen bocah srei.
- Adhuh, kecakot ilatku.
- Ah, mangsa anaa sing percaya marang gunemmu kuwi. [ 67 ]
- Mardiraharja.
- Sasrawijaya.
- Layang iku saka sapa marang sapa?
- Duwe gawe apa kang ulem-ulem kuwi?
- Besuk kapan anggone duwe gawe ?
- Anggone duwe gawe ana omahe dhewe apa ana ing ngendi ?
- Gawe layang ulem iku apike ditulis tangan apa cap-capan ?
- Anak tiga panengahipun estri, dipun wastani....................
- Anak namung satunggal, dipun wastani .....
- Anak kalih jaler sadaya, dipun wastani....
- Anak kalih estri sadaya, dipun wastani..........................
- Anak kalih jaler sadaya, dipun wastani.....
- Anak gangsal jaler sadaya, dipun wastani....
- uger-uger lawang
- sendhang kapit pancuran
- ontang anting
- pandhawa
- Anak kalih pakulitanipun beda, dipun was tani..........................
- Lare lairipun nyarengi pletheking surya, dipun wastani.................
- Lare lairipun ing wanci tengahing dinten, dipun wastani................
- Lare lairipun ngajengaken serap surya, dipun wastani...................
- Lare lairipun nyarengi serap surya, dipuni. julung wastani.............
- Anak kalih leiripun-sareng, jaler sadaya utawi estri sadaya dipun wastani.................
- Anak kalih jaler estri lair sareng, dipun wastani........
- Tedha ingkang 'mumpangati punika tedha ingkang kathah jasatipun ingkang maedahi dhateng badan.
- Kathah cariyos ingkang ngandharaken mukjijatipun para Nabi.
- Tiyang musrik badhe nampi wewalaking Pangeran..
- Kunir apu punika mustajab sanget kangge sakit mules.
- Kyai Imam Bastari wanter sanget ngibadahipun.
- Kala jaman sugengipun Kanjeng Nabi Muhammad sampun kathah tiyang kapir- bangsa Arab ingkang lajeng ngrasuk agami Islam.
- Panyuwunipun tiyang sepuh, mugi-mugi ing tembe wingking [ 70 ]
putranipun dadosa tiyang ingkang saleh.
- Sawenehing piwulang nyariyosaken, bilih mengsahipun setan punika tiyang sabar.
- Mugi-mugi ngamalipun suwargi katampi ing ngarsaning Pangeran Ingkang Maha Agung.
- Menawi sepen ing tangadur benjing ing wulan ngajeng punika kula sabrayat badhe sowan budhe dhateng Malang.
- Adhiku nangis nyuwun dipundhutake....
- Anggone mbalekake dhuwit ndadak nganggo dikantheni.........................
- Yu Lastri wis.......nanging solah tingkahe isih ajeg mbocahi.
- Musa dipek.................paklike.
- Anusapati iku.............Ken Arok.
- Olehe nyambut gawe adus kringet, kuwi ora liya kejaba mung kanggo nyukupi butuhe ...................
- Anggone napakake.....kepareng ingh Pangeran, nyatane turun-turune kabeh padha mulya uripe.
- Kuwi jenenge" ..... molah bapa kepradhah," lire wong tuwa nemahi reribed jalaran saka kelakuane anak.
- Dhuwite ora....,nanging dititipake ana ing kantor bank.
- anak-anak
- anak-anakan
- anakan
- anak bojo
- anak angkat
- anak kwalone
- dianakake
- anak putune
- anak
- nganaki
- Yen sinaumu ora kosrempeng, bisa uga...................
- Yen seminggu engkas isih durung ana udan, bisa uga..... [ 71 ]
- Ulem “Ulang Taun”
- Ulem "Pista Tutup Taun”
- Layang kiriman marang wong tuwa, isine : kabar slamet lan nyuwun kiriman dhuwit tukon buku lan ubarampe sinau liyane.
- Ah, wis awan, ayo padha mulih !
- Ayo, ta, padha mbayar saiki bae!
- Ah, meh ujian, ayo padha disrempeng olehe sinau !
- Ayo, Tulus padha dikandhani !
- Mara, pada ditandangi dhewe bae !
- Ayo padha dijunjung !
- Bok ayo padha ngaso ana kene dhisik !
- Ayo pitik kuwi padha dicekel !
- Coba, ayo padha nyekel pitik kuwi !
- Becike pitik kuwi ayo padha dicekel !
- c. guru lagu utawi dhong-dhing, inggih punika dhawahing swara ing pungkasaning gatra.
- d. pedhotan, inggih punika pamedhoting wanda sasaged-saged, sampun ngantos ngewahi suraos.
- Tembang iku manut umur-umurane ana pirang werna ?
- Tembang macapat cacahe ana pira?
- Apa tembang-tembang macapat iku padha duwe watak dhewe-dhewa?
- Gawe tembang macapat iku luwih angel karo gawe rumpakan puisi gagrak anyar. Apa sababe ?
- Yen arep gawe tembang macapat kang moncer, apa kang kudu digatekake ?
- Miturut umur-umuranipun sekar mekaten wonten warni-warni.
- Sabarakan kaliyan sekar macapat, wonten malih sekar kalih warni inggih punika sekar ageng lan kidung.
- Wonten malih iketan kados dene sekar macapat, liripun sanes gancaran, inggih punika lelagon dolanan.
- Sanajan rumpakan puisi gagrak anyar punika kaiket ing wewaton, nanging boten kenceng sanget kados iketaning sekar macapat.
- Menawi badhe medharaken raos sisah, sekaripun beda kaliyan manawi badhe nglairaken raos sereng utawi nepsu.
- Sekar Dhandhanggula lan sekar Sinom punika watakipun luwesan.
- Sekar macapat punika setunggal-setunggalipun sami.gadhah paugeran piyambak-piyambak.
- Taksih wonten malih ubarampe sawatawis, ingkang boten kalebet baku, nanging mewahi bregas.
- Sang Putri anggenipun nandhang gerah sampun ...., ewadene saged dhangan dening kasektenipun Sang Bagawan Parasara.
- .... gesangipun rakyat ing saumumipun saya mindhak sekeca, awit saking pambudidayanipun parentah.
- Griya ingkang kula enggeni punika griya kina yasanipun suwargi embah buyut, salajengipun....ngantos dumugi kula punika.
- Sesakit pes punika anggenipun....sarana pinjaling tikus.
- Gesang ing salebeting bebrayan punika kedah saged....utawi...
- Ujaring ngakathah benggoling kecu punika gadhah aji-aji lembu sakilan, mila sanajan .... boten tumama.
- Sulayaning rembag, sang sinatriya kekalih lajeng ngunus pusaka, perang tandhing, . . . . . sakalangkung rame.
- taun-ngataun
- mataun-taun
- mong-kinemong
- tumurun-turun
- samad-sinamadan
- tular-tumular
- sinunduk-suduk
- suduk-sinuduk
- Mbok perawan sanggawang duhkiteng kalbu,
- Jaka Lodhang nabda malih,
- nanging ana marmanipun,
- ing weca kang wus pinasthi,
- esthinen murih kelakon.
- Sangkalane maksih nunggal jamanipun,
- neng sajroning madya akir,
- Wiku sapta ngesthi ratu,
- ngadil parimarmeng dasih,
- Ing kono karsaning Manon.
- Tinemune wong ngantuk anemu kethuk,
- malenuk samargi-margi,
- marmane bungah kang nemu,
- marga jroning kethuk isi,
- kencana sesotya abyor.
- Sekar Megatruh ing nginggil punika wonten tigang ....
- Saben satunggal pada wonten gangsal .................
- Gatra kapisan wonten kalih welas ....................
- Guru wilanganipun sekar Megatruh punika : .......................................................
- Guru lagu utawi dhong-dhingipun sekar Magatruh punika .......................................................
- Sekar ing nginggil punika pethikan saking serat ............ anggitanipun .......................................................
- Layang Jaka Lodhang iku layang Jangka, yaiku layang kang isi weca kaanan kang bakal kelakon.
Sing medharake weca ing layang Jaka Lodhang - Ranggawarsitan iku Jaka Lodhang, paraga arupa kethek kang bisa atata jalma.
Dene weca iku diwedharake marang "Mbok Perawan" (jenenge Ken Limaran), sisihane si Jaka Lodhang kuwi.
Isining weca Besuk ing jaman madya akir, taune : wiku sapta ngesthi ratu, bakal ana kaelokan. Yaiku : Kersaning Pangeran bakal paring kanugrahan. Wujude : nadyan wong kang lagi ngantuk pisan bakal padha nemu kethuk, kang pating plenuk sadalan-dalan. Dene wong-wong mau padha bungah atine, awit kethuk mau isi sesotya, kencana pating glebyar. - "Wiku sapta ngesthi ratu" iku ukara sengkalan, uga diarani ukara candra sengkala. Yaiku, ukara pengetaning taun. Lire, tembung-tembung ing ukara sengkalan iku padha nyulihi angkaning taun. Manut etungan candrasangkala, tembung wiku = 7, sapta = 7, ngesthi = 8 lan ratu = 1. Dadine angka taun diwaca urut saka buri, yakuwi taun 1877 (taun Jawa). Yen dicundhukake karo taun Masehi dadi taun 1945 (1877 +68). Apa kang kelakon dhek taun 1945 ? [ 80 ] Kowe kabeh mesthine wis padha sumurup. Mangka, layang
jangka Jaka Lodhang kuwi ditulis sadurunge taun 1900,
amarga sugenge Sang Pujangga Ranggawaesita iku ing
taun 1802 1874 (Masehi). - Dak nulis ah, timbang thenguk-thenguk !
- E, dak tulise, kareben gelis rampung !
- Layang kabar iki bok dak silihe !
- Wis awan, aku dak mulih, ah !
- Dak mbayar saiki bae ya ?
- Dak ngaso sawetara, aja padha rame-rame !
- Ah, wis meh ujian, dak srempenge olehku sinau !
- Sesuk dak mampir, kowe rak ora lunga-lunga, ta ?
- Parameng sastra utawa awisastra, tegese : pinunjul ing babagan kasusastran.
- Parameng kawi, tegese pinunjul ing kawi. Kawi tegese tembung kang kuna-kuna kang kamot ing buku-buku kuna.
- Mardi basa utawa awibasa, tegese sregep nggegulang basa.
- Mardawa lagu, tegese ahli tembang lan gendhing.
- Nawung kridha, tegese alus pangrasane, bisa tanggap ing rasa lan krenteging liyan kang durung kawetu.
- Sambegana, tegese duwe sipat lan tindak utama.
- Awicarita, tegese pinter mangun carita kang becik.
- Mandraguna, tegese wasis lan mumpuni.
- Sapa sing diarani wong guna iku ?
- Pujangga kuwi ing jaman kuna kepriye tegese ?
- Ing jamane Ingkang Sinuwun Paku Buwana II, sapa kang diarani pujangga iku ?
- Ing kalangan Jawa, pujangga iku kudu murapuni kaluwihan pirang prakara ?
Coba aranana ! - Coba aranana asmane para pujangga kang padha kagungan kalimpadan kasebut ing angka 4 kuwi !
- Wong guna iku wong kang nggilut babagan kagunan.
- Wong guna iku wong kang marsudi babagan kagunan.
- Kagunan iku wohing pakartine manungsa kang bisa ndudut rasa kaendahan.
- Dhek jaman kuna pujangga iku golonganing pandhita kang dadi paran-paraning ratu.
- Pujangga mau caos wawasan ing bab-bab kang wigati, babagan kaprajan lan agama.
- Dhek jaman jumenenge Ingkang Sinuwun Paku Buwana II, pujangga iku ewoning abdi dalem kraton.
- Yaiku, abdi dalem kraton kang ayahane mligi nganggit-anggit, marsudi kawruh lan gawe sarasilahing ratu.
- Pujangga kang misuwur yaiku Raden Ngabei Ranggawarsita
- Ing kalangan kejawen, pujangga iku kagungan kalimpadan wolung prakara.
- Mardi basa, tegese sregep nggegulang basa.
- Awicarita, tegese mangun carita kang becik.
- Mandraguna, tegese wasis lan mumpuni.
- Wong guna iku wong kang nggilut babagan kagunan.
- Ukara-ukara iki ganepana nganggo tembung-tembung kang cumawis ing sisih tengen !
- Yen dietung cara wong potang dhuwit, utange anak marang .... iku akehe tanpa petungan.
- Diran kae lucu ya, ingatase anake ...., kok ora bisa nyekel doran.
- Jaman saiki, jaman mardika, ora ana bedane priyayi karo ......
- Jirun kae karo wong tuwaku keprenah putu ponakan, nanging rehning watake sumugih, tangkepe marang kula wargaku kaya ..............
- Pak tani nemu akal, gawe .... diblonyo ing pulut, banjur ditancebake ing tengahing tegal timune, karepe kanggo medeni kancil.
- Aja seneng .... liyan, tepakna piye rasaning atimu yen kowe sing ketaman.
- Watak adigang, adigung lan ..... iku pepalang marang kaluhuran ing budi.
- Raden Wisanggeni sekti ....., ora tedhas tapak paluning pandhe sisaning gurenda.
- Jaman saiki akeh ibu kang melu sengkut ngupa boga, ora mung nampani ............. sing kakung.
- ..... wayang iku anane ing kalangan kejawen wis pirang-pirang atus taun.
- wong tani
- wong tuwa
- wong cilik
- wong-wongan
- wong liya
- wong gedhe
- adiguna
- ngguna gawe
- kagunan
- mandra guna
- guna kayane
- piguna
- Aja seneng ... alaning liyan.
- Lagi bae meneng anggonku padha....arep sowan embah, jebul embah malah wis rawuh.
- Sejatine, bisa .... endahing kagunan iku sawijining nikmat paringing Pangeran Kang Maha Asih
- Lha, saiki....., biyen daktuturi ora. kopaelu. !
- Lik, kowe rak . . . . . ta, ndherek pakdhemu ana Bandhung ?
- Kowe ora ... yen dakenteni ta, Sri ?
- Aja kotagih, jupuken . . . . . bae, yen dheweke ngrumangsani duwe utang mesthine rak ya bakal nyaur.
- ..... aku lulus kok, Mbak, wong aku ora dheg-dhegan ki!
- Saiki atiku wis lega, wis bisa ngesokake .... atiku marang dheweke.
- Para warganing pakumpulan padha nganakake .... anggone arep padha jiarah menyang Demak.
- ngrasakake
- ngrasani
- rerasan
- krasan
- rasakna
- rasa-rasane
- rasa-rumangsane
- rumangsa
- rasa-pangrasaning
- bawa rasa
- kegedhen rumangsa
- a. Ing awaling wulan ngajeng kula badhe ndherek paklik dhateng Bali
b. Benjing wulan ngajeng tanggal enem kula badhe ndherek paklik dhateng Bali. - a. Ing akiring wulan Bakdamulud bapak badhe kagungan damel mantu.
b. Benjing wulan Bakdamulud tanggal sepuh bapak badhe kagungan damel mantu. - a. Ing rambahan ingkang kaping kalih napasipun wiwit ngangsur-angsur.
b. Sareng rambah kaping kalihipun napasipun wiwit ngangsur-angsur. - a. Pamedaling kebon boten nyekapi kangge betah padintenan.
b. Pamedaling kebon boten nyampeti betah padintenan. - a. Ingkang ningali sabagean ageng para turis manca negari.
b. Ingkang ningali ingkang kathah para turis manca negari. - a. Gandheng kaliyan deresing jawah lepen-lepen sami banjir.
b. Saking deresing jawah lepen-lepen sami banjir. - a. Kula kepengin sanget sowan bulik, nanging boten gadhah wekdal.
b. Kula kepengin sanget sowan bulik, nanging boten kober. - a. Amargi ketelasan ragad, anggenipun damel griya boten dipun lajengaken.
b. Anggenipun damel griya boten dipun lajengaken, amargi ketelasan ragad. - Negara Kertagama (kidung, sing yasa Empu Prapanca).
- Tantu Panggelaran (gancar, sing yasa ora kasumurupan).
- Pararaton (gancar, sing ngarang ora kasumurupan).
- Basane : Jawa Anyar
- Pusere : Jawa Tengah
- Moncer-moncere : Jaman Surakarta
- Tembange : Gedhe, tengahan, lan macapat, sarta wiwit thukul pusi gagrak anyar.
- Serat Rama sekar macapat, R. Ng. Yasadi-
- Serat Bratayuda pura I.
- Serat Wicarakeras sekar macapat, R. Ng. Yasadipura II.
- Serat Wulangreh sekar macapat, Paku Buwana IV.
- Serat Wedhatama sekar macapat, K.G.P.A.A. M.N.IV.
- Serat Witaradya sekar macapat R.Ng. Ranggawarsita.
- Serat Harjunasasrabau sekar macapat, Sindusastra.
- Serat Jagal Bilawa sekar macapat, Kusumadilaga.
- Pathi Centhini sekar macapat, Ki Mangunwijaya.
- Serat Tatacara gancar, Ki Padmasustra.
- Serat Sakuntala gancar, R. Sasrasuganda.
- Jaka Lodhang sekar macapat, R.T. Tandhanagara.
- Serat Jarot gancar, Ki Yasawidagda.
- Serat Riyanta gancar, R.B. Sulardi.
- Ngulandara gancar, Margana Jayaatmaja.
- Wacanen, turunen, banjur tembangna!
- ꧋ꦮꦂꦢꦶꦤꦶꦁꦏꦁꦮꦸꦂꦱꦶꦠꦗꦶꦤꦂꦮꦶ꧈
- ꦮꦿꦸꦃꦏꦶꦁꦏꦸꦏꦸꦩ꧀ꦲꦶꦏꦸꦮꦠꦶꦏ꧀ꦏꦶꦫ꧈
- ꦲꦢꦺꦴꦃꦩꦫꦁꦏꦤꦶꦱ꧀ꦛꦤꦺ
- ꦥꦮꦶꦕꦫꦥꦸꦤꦶꦏꦸ꧈
- ꦮꦺꦃꦫꦼꦱꦼꦥ꧀ꦥꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦪꦂꦱꦶ꧈
- ꦠꦠꦏꦿꦩꦥꦸꦤꦶꦏ꧈
- ꦔꦼꦢꦺꦴꦃꦏꦼꦤ꧀ꦥꦚꦤ꧀ꦝꦿꦸ꧈
- ꦏꦒꦸꦤꦩ꧀ꦲꦶꦏꦸꦏꦶꦤꦂꦠ꧈
- ꦔꦸꦒꦸꦧꦺꦴꦒꦤꦺꦤꦺꦏꦸꦮꦶꦱ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀
- ꦮꦺꦃꦫꦲꦪꦸꦤꦶꦁꦫꦒ꧉
|
|
|
9. Sang Apatih boten nayogyani, awit boten ndungkap dhateng pikajengipun Ajisaka, bilih punika namung satunggaling gelar anggenipun badhe suka pitulungan dhateng . . . . . . .ing Medhangkamolan.
B. Tuladha:
a. Wania pisan, durung mesthi yen wong tuwane tega.
b. Sanajan wani pisan, durung mesthi yen wong tuwamu tega.
Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !
1. Selaka lairmu, batinmu mesthi ngakoni.
2. Sinaua yen kosambi geguyon ora-orane klebu.
3. Saguha yen janggelan ora bisa dijagakake.
4. Alaa yen pancen sanak aja pisan-pisan kotambuhi.
5. Trimaa wong tuwane, negara ora nrimakake, dadi prekarane mesthi diterusake.
6. Koentenana nganti cengklungen ora-orane dheweke teka.
7. Korewangana pati geni yen kowe ora gelem sinau, ora-orane kowe lulus.
8. Dirabuka yen ora diwatun, ora-orane metune pari mundhak akeh.
9. Dituturana nganti kesel sing nuturi, ora-orane dheweke nggugu.
10. Kotutup-tutupana, wadimu wis ana ing tanganku.
C. Ukara-ukara iki ganepana nganggo tembung-tembung kangcumawis ing sisih tengen 1. Ngajengaken liburan lare-lare sami..dhateng Diyeng. a. ambedarma
Mbs-2- 45
|
b. darmawisata c. sadermi d. sih kadar man e. kadarmakaken f. budi darma g. pakaryan h. karyawisata i. prakarya j. kinarya k. makarya l. tuna karya
|
D. Ukara-ukara iki ganepana nganggo tembung kang cumawis ing sisih tengen !
|
a. tlagane b. segara c. rawa d. belik e. sendhang
|
|
f. blumbange g. kedhung h. wadhuk i. umbul j. sumur k. bendungan
|
E. Tuladha :
-
a. Bocah telu kuwi, sing wis weruh Sarangan Tana.
b. Tana didadekake pengarepe.
c. Bocah telu kuwi sing wis weruh Sarangan Tana, mula Tana didadekake pengarepe.
Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !
6. a. Rapingun dhemen olahraga.
b. Awake kiyeng lan waras.
c. ...........................
7. a. Srawunge blater lan semanak.
b. Maryati sugih mitra.
c. ...........................
8. a. Sofyan kesed tetamba
b. Larane ora mari-mari.
c. ...........................
IV. NGARANG
V. Maca lan nulis aksara Jawa
꧋ꦭꦸꦩꦿꦃꦮꦺꦴꦏꦸꦫꦁꦏꦮꦸꦿꦃ꧈
ꦮꦮꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦺꦏꦺꦴꦛꦺꦴꦁꦩ꧀ꦭꦺꦴꦩ꧀ꦥꦺꦴꦁꦱꦸꦮꦸꦁ꧈
ꦮꦺꦮꦺꦏꦤꦺꦠꦸꦤꦤꦸꦁꦏꦥ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦲꦸꦮꦶꦠ꧀꧈
ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦶꦤꦼꦁꦏꦺꦴꦏ꧀ꦤꦸꦭꦶꦤꦼꦱꦸ꧈
ꦧꦺꦕꦧꦺꦕꦸꦱꦤ꧀ꦠꦏ꧀ꦱꦼꦔꦺꦴꦭ꧀꧈
I. A. Pacelathon
| Tarman | : | "Wan, kowe wis tau nonton wayang ?" |
| Wandi | : | "Wayang we thik durung, uwis bae, kerep aku no nek karo kowe." |
| Tarman | : | "Ping pira kok kerep ki ?" |
| Wandi | : | "Ora etungan, pendhak byar aku liwat, mesthi weruh." |
| Tarman | : | "Eh, thik elok temen. Sing uwis-uwis nek non ton wayang aku apal critane. Coba aku critakna salakon bae !" |
| Wandi | : | "Lho, nek lakone aku ora ngerti." |
| Tarman | : | "Ya critane we nek ora ngerti lakone." |
| Wandi | : | "Ora ana critane, wayang bae critane apa ?" |
| Tarman | : | "Kok umuk, jare kerep monton, nek ngono go roh kandhamu." |
| Wandi | : | "E, mbok sumpah ta, aku kerep nonton wayang, wong tanggaku ki tukang gawe wayang. Ora mung nonton, nyat aku nunggoni olehe gawe, natah, mrada-nganti sadadine. Kok koarani umuk ki piye." |
| Tarman | : | "Ha. ha, ha, ha, ha. Lagi dhong aku. Dadi genahe sisip ta iki mau." |
| Wandi | : | "Sisip piye ta. Yen ora ngandel kapan longgarmu dakejak rana." |
| Tarman | : | "Wong karepku ki nonton wayang sing lagi dilakokake dhalang, kok." |
| Wandi | : | "O, Tar, Tar. Kuwi ta karepmu. Mati-matia ki dakkira rak wujude wayang. Nek lakon wayang wah, trima embek aku. Malah aku critanana!" |
[ 50 ]
| Tarman | : | "Wah, Wan, Wan. Nganti gemrobyos aku ngra sakake kowe. Ya wis yen trima saelingku, meng ko dakcritani lakon Bale Sigala-gala. Yaiku : Omah (isi) gala-gala utawa bangsane obat mesiu. Pandhawa ana jero omah kuwi banjur diobong para Kurawa." |
B. Wacanen, kaya lagune dhalang !
Rame nggenira bandawalapati, Wasi Jaladara mengsah Sang Prabu Kurandhageni. Wasi Jaladara kalindhih yudane, kenging kapikut den wasuh sigra inguntal. Wus prapteng pranajane Raden Jaladara, asta kekalih wus prapta telakira Kurandhageni. Nalika samono Anom Wasi Jaladara emut katitipan senjata nenggala ing astanira, padha sanalika denpusus mijil kang sanjata nenggala jumlegur swarane. Padha sanalika kepyar mustakane prabu Kurandhageni, tan kinukup kuwandhane. Kari gembung ambruk ndhepani bantala.
II. Maca titi
A. Wacanen sing titi !
Tiyang Jawi punika dhateng kagunan ringgit sampun nyakot sanget. Ingkang gadhah radhio šaben malem Minggu temtu nyetel radhionipun, madosi siaran ringgit.
Ugi ing pasamuan asring dipun setelaken cariyos paringgitan, sanajan namung mend het saperangan, upaminipun perangan gara-gara.
Kagunan ringgit mekaten gesangipun sampun pinten-pinten abad dangunipun. Malah saking tuwuhipun punika saya dangu saya ngrembaka, kala mangsanipun kembanging lampahan lajeng beda-beda sanajan lajeripun sami. Upaminipun lampahan Bale Sigala-gala, punika lampahan enggal saking babon kina: Wana Parwa. [ 51 ]Kanthi daya anggit enggal tuwuh lampahan Bale Sigala-gala
pu nika. Moncering para dhalang mekaten beda-beda. Mila sana-
jan sami-sami mendhet saking babon Wana Parwa, cariyos Bale
Sigala-gala punika wonten pinten-pinten warni.
Lampahan Bale Sigala-gala ingkang taksih gampil kajejeraken
kaliyan babon Wana Parwa punika makaten :
Gampiling cariyos, kala samanten Pandhawa taksih alit, kati-
lar seda ingkang rama, Prabu Pandhu ing Astina.
Rehning kawontenanipun taksih lembat, mila Pandhawa dereng
wanci nyepeng pusaraning praja. Kraton lajeng kapasrahaken
dhateng ingkang uwa, ingkang awasta Prabu Drestarata. Suwau
kanthi kasagahan bilih samangsa Pandhawa sampun sami diwasa,
kraton badhe kapasrahaken wangsul dhateng para Pandhawa.
Nanging, wonten ungel-ungelan Ngemut legining gula. Liri-
pun, sareng sampun ngraosaken sekecanipun nyepeng panguwa-
osing negari, para Kurawa, inggih punika anakipun Prabu
Drestarata, rumaos eman utawi owel ngeculaken negari Astina.
Malah daksiyanipun dhateng para Pandhawa kelangkung-lang-
kung. Wongsal-wangsul Pandhawa dipun arah pejahipun sarana
alus. Kalebet lampahan Bale Sigala-gala punika nggambaraken
trekahipun Kurawa, kanthi apus krama ngarah pejahipun Pan-
dhawa kanthi kaobong ing salebetipun griya ingkang pancen
sampun kacawisaken kangge nyidra para Pandhawa.
Ewadene, pejah gesang punika saestu wonten ing astaning
Pangeran. Pandhawa, ingkang miturut nalar temtu sirna dados
awu, nanging nyatanipun wilujeng nir ing sambekala.
B. Wangsulana kang patitis abasa krama !
-
a. Tiyang Jawi punika dhateng kagunan ringgit sampun nyakot sanget.
b. Tiyang Jawi punika dhateng kagunan ringgit karem sanget.
B. Isenana nganggo tembung kang cumawis ing-sisih tengen !
|
|
|
|
4. Wiwit cilik, bocah kudu wis dikulinakake ngerti ing.......... |
|
C. Ukara-ukara iki wacanen kang titi sarta setitekna tegese bebasan-bebasan kang dicap miring!
Mbs-2- 53
dhateng Pandhawa kelangkung-langkung.
Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !
1. Rahmad boten purun kula emutaken, malah . . . . . . .
2. Hardi boten purun wangsul dhateng dhusun, malah
3. Sakitipun saya sanget, malah . . . .
4. Kula dereng saged mulyakaken tiyang sepuh kula, malah . . . .
5. Tiyang sepuhipun boten menggak, malah.
6. Sampun dangu kula boten sowan embah, malah . . . .
7. Kula dereng tepang putranipun pak mantri, malah . . . .
8. Pawitanipun telas, malah . . . ..
E. Tuladha :
Prabu Pandhu punika ratu ing negari Astina.
Terangna kaya tuladha ing dhuwur !
1. Prabu Yudhistira.
2. Prabu Kresna.
3. Prabu Baladewa.
4. Prabu Salya.
5. Prabu Drupada.
6. Prabu Matsyapati.
7. Prabu Suyudana.
8. Prabu Rama.
9. Prabu Harjunasasra.
10. Prabu Rahwana.
IV. Wacanen !
1. Wajik klethik gula jawa
Luwih becik sing prasaja,
2. Ngasah arit nganti landhep
Dadi murid kudu sregep.
3. Tawon madu ngisep sekar
Dadi guru kudu sabar.
4. Kembang aren sumebar tepining kalen
Aja dahwen yen kowe kepengin kajen.
5. Kembang kencur ganda sedhep sandhing sumur
Kudu jujur yen kowe kepengin luhur.
V. Maca lan nulis aksara Jawa
Wacanen, turunen, banjur tembangna !
꧋ꦩꦶꦗꦶꦭ꧀꧈
꧋ꦔꦒꦸꦱ꧀ꦲꦪꦸꦔꦽꦱꦼꦥ꧀ꦥ꧀ꦥꦏꦺꦲꦠꦶ꧈
ꦕꦃꦭꦤꦁꦕꦃꦮꦢꦺꦴꦤ꧀
ꦝꦱꦂꦱꦽꦒꦼꦥ꧀ꦠꦸꦩꦼꦩꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦮꦺ꧈
ꦮꦸꦱ꧀ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦏꦧꦺꦴꦥꦫꦩꦸꦫꦶꦃꦱ꧀
ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦺꦏꦸꦢꦸꦢꦢꦶ꧈
ꦩꦤꦸꦁꦱꦥꦶꦤꦸꦚ꧀ꦗꦸꦭ꧀꧈ [ 57 ]I. A.Pacelathon
Tindakna !
| Bapak | : | "Le, kowe sesuk makilana Bapak, ya !” |
| Sumadya | : | "Punapa wonten undhangan pista, Pak, kok dhawuh makili ?” |
| Bapak | : | "Kowe ki senengane pista. Angger didhawuhi makili, terus mak ceg, nyang nggon pista.” |
| Sumadya | : | "Boten ta, Pak, tiyang ingkang sampun ngaten. Menawi kula kadhawuhan punapa kemawon uger kula saged temtu sendika.” |
| Bapak | : | “Bagus, Le, nek ngono. Dina Minggu sesuk Bapak arep tindak karo Ibu. Kowe lan adhi-adhimu padha tunggua omah. Ning kok ana rukun kampung ajak-ajak gugur gunung.” |
| Sumadya | : | "O, ngaten, Pak. Gek redi pundi ingkang badhe dipun jugrugaken punika. Sajakipun badhe kangge ngurug margi lan lapangan punapa ?” |
| Bapak | : | “Lha, lha rak ora dhong kowe ki. Durung-durung kowe mengko terus mangkat njugrug gunung, harak sida ora karu-karuan.” |
| Sumadya | : | "Kula kok boten mudheng ta, Pak. Menawi boten pareng bidhal njugrug redi lajeng ndadak ngentosi dhawuh punapa malih ?” |
| Bapak | : | “Sik tasik; gugur gunung kuwi tembunge embah-embah biyen. Saiki jenenge kerja bakti. Rak dhong ta, Le?” |
| Sumadya | : | "Wah, tujunipun Bapak lajeng paring katrangan. Upami boten kula rak lajeng kewirangan saestu.” |
| Bapak | : | "Ya mung gemrobyos dhewe. Nek kewirangane ki ya ora, pol-pole digeguyu uwong.” |
[ 58 ]
| Sumadya : | "Lajeng ingkang dipun garap mangke punapa,
Pak ?" |
| Bapak : | "Yen sing kanggo pekarangane dhewe ya resik-
resik, ndadani pager, nglabur tembok lan sapi- turute." |
| Sumadya : | "Punapa ugi damel gapura lan pasren sanesipun,
Pak ?" |
| Bapak. : | "Takkira iya. Ning coba matura pak RK kana,
wong iki arep mahargya dina Proklamasi Kamar- dikan. Mengko rak ana bab-bab liyane maneh." |
| Sumadya: | "Inggih, Pak, cobi kula sowan pak RK." |
B. Wacanen kang patitis !
1. Yen sira dadi gawe, bisaa ana walese. Aja kaya kemladheyan, dhemene mung ngemladheyan. Sidane ngajak sempal. 2. Uler mung prelu mangan, enthung mung prelu turu. Uier dudu, enthung dudu. Nyambut gawe kabisanku. sining 3. Dhemena atetulung, nanging poma, aja anjagakake pitulungan.
(Suhawi)
II. Maca titi
A. Wacanen batin !
Ngajengaken tanggal 17 Agustus, bangsa Indonesia sami ngawontenaken ada-ada kerja bakti, utawi kinanipun kawasta- nan gugur gunung.
Estonipun gugur gunung mekaten wiwit kina makina engga
58 [ 59 ]samangke tansah sami dipun cakaken. Sadaya punika tuwuh saking raos pasedherekan ing salebetipun gesang bebrayan.
Yektosipun, tiyang punika boten badhe saged gesang piyambak, liripun tanpa sesambetan kaliyan tiyang sanes.
Pramila, ada-ada kerja bakti punika sampun ngantos wonten raos peksan. Wontenipun kedah sarwa lila legawa, kados nandangi ayahanipun piyambak.
Rehning tiyang nyambut damel punika wonten sayahipun, wonten ugi ingkang menggalih jampining sayah lan salit, boten ketang wedang sacegukan, tetedhan sacakotan, kenginga kangge tamba celik, ngirangi sayah sawatawis. Bab punika ugi kedah tuwuh saking manah lila, boten karana dipun prentah, punapa malih ndadak mawi peksan.
Wondene tumrap tiyang ingkang baúnipun boten keconggah, punapa malih kawontenanipun ugi saweg compreng, mesthinipun sanajan namung awujud eguh pratikel, inggih saged tumut
cawe-cawe, suka wawasan kados pundi amrih prayoginipum.
Dene ingkang saweg nandhang karibetan saestu inggih boten dados punapa, awit sedaya tiyang punika boten ketang sepinten temtu sami nate nandhang reribed, dados boten badhe maiben.
Dados bakenipun kerja bakti utawi gugur gunung punika adhedhasar raos pirukunan ing madyaning bebrayan agung, menapa dene malih ayahan ingkang dipun ayahi menika karaos kados dene bebahanipun piyambak.
B. Wangsulana kang patitis abasa krama !
Mbs-2-59
A. Tuladha :
Kerja bakti punika kedah dipun lambari raos lila legawa, kados nandangi ayahanipun
piyambak.
Ukara-ukara ing ngisor iki ganepana nganggo tembung saroja kang cumawis ing sisih tengen !
|
|
|
Tiyang sadhusun sami gugur gunung ngleresaken tanggul ingkang bobol.
Ukara-ukara ing ngisor iki ganepana nganggo tembung utawa unen-unen kang cumawis ing
sisih tengen !
|
|
|
C. Tuladha :
Ngajengaken tanggal 17 Agustus tiyang-tiyang sami ada - ada ngawontenaken kerja bakti. [ 62 ]Ukara-ukara iki ganepana nganggo tembung-tembung kang cumawis ing sisih tengen !
|
|
|
D. Tuladha :
Wondene tumrap tiyang ingkang boten keconggah baunipun inggih saged cawe-cawe urun rembag kados pundi amrih prayoginipun.
Ukara-ukara iki wenehana tembung panggandheng kang cumawis ing sisih tengen, kaya tuladha ing dhuwur kuwi !
|
|
|
|
e. utawi f. mila g. nanging h. dening j. sabab i. awit
|
E. Tuladha :
-
bangsa Indonesia : jejer
ngawontenaken : wasesa
ada-ada kerja bakti : lesan
Ngajengaken tanggal 17 Agustus : katrangan wekdal
V. Maca lan nulis aksara Jawa
꧋ꦢꦸꦂꦩ꧉
꧋ꦔꦭꦢ꧀ꦲꦭꦢ꧀ꦲꦸꦧꦭ꧀ꦭꦶꦁꦧꦃꦤꦶꦩꦂꦢꦶꦏ꧈
ꦱꦸꦩꦸꦤ꧀ꦝꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦮꦶꦪꦠ꧀ꦠꦶ꧈
ꦊꦧꦸꦂꦏꦁꦏꦠꦿꦗꦁ꧈
ꦧꦿꦱ꧀ꦛꦱꦏꦺꦃꦥꦥꦭꦁ꧈
ꦥꦶꦪꦭꦱꦶꦂꦤꦏꦧꦱ꧀ꦩꦶ꧈
ꦩꦸꦁꦏꦲꦸꦠꦩꦤ꧀
ꦏꦁꦏꦭꦶꦱ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦒꦼꦤꦶ꧉ [ 65 ]I. A.Pacelathon
Tindakna!
| Marsudi: | "Mbah, badhe nyuwun priksa punapa kepareng?" |
| Simbah : | "Apa ta, Mar, kok kadingaren." |
| Marsudi: | "Anu, Mbah, kula kala wau dipun dangu pak
guru bab serat ulem." |
| Simbah : | "Gurumu kok ndangu apa ora priksa. Ya mokal
no yen ora priksa bab kuwi." |
| Marsudi : | "Inggih temtu priksa, Mbah. Anggenipun ndangu
punika boten mundhut priksa, nanging sipati - pun maringi pitakenan supados murid-murid gamblang bab punika." |
| Simbah : | "Yen ngono kebeneran ta Mar, yen kowe ora
ngerti kari nyuwun priksa, nyuwun diterangake Rak mayar ta, ngono we thik bingung ndadak nyuwun priksa Simbah barang." |
| Marsudi : | "Kesinggihan Mbah, ngendikanipun Embah pu-
nika. Nanging pak guru malah dhawuh supados lare lare nyuwun priksa embah utawi bapak- ipun." |
| Simbah : | "O, yen ngono wis dhong aku saiki. Kersane
pak gurumu kuwi pikiranmu ben urip, ben golek akal dhewe dhisik, ora terus didulang bae, mundhak mati pikirane." |
| Marsudi | : "Mbok menawi pancen makaten Mbah, nyatani-
pun ingkang sampun-sampun kok inggih leres ngendikanipun Embah punika." |
| Simbah | : "Bab layang ulem kuwi jan-jane pancen kikrik,
Le. Amarga sipate ki ngaturi rawuh priyayi, mula kudu nganggo unggah-ungguh kang trep. |
Mbs-2-
65
| Yen ora, bisa uga tamu sing diaturi ora ana sing rawuh, amarga kacenthok tembung sing kurang mapan." | ||
| Marsudi | : | "Mila punika, Mbah, kula rumaos tlondho sanget babagan punika." |
| Simbah | : | "Bab unggah-ungguh kuwi nyuwuna priksa gu rumu. Mung bab sing kudu kosebutake bae takkandani." |
| Marsudi | : | "Inggih, Mbah, mangke kula nyuwun priksa pak guru." |
| Simbah | : | "Siji : duwe gawe apa. Loro : titimangsane suk kapan. Telu : jam pira. Papat : manggone ana ngendi. Lima : jenenge sing ngaturi. Nenem : asmane sing diaturi. Pitu : jenenge sing among tamu. Wolu : bab anggone ngaturi wuninga lan bab anggone nyuwun dirawuhi, tetembung ane sing anoraga." |
| Marsudi | : | "Wah, kok inggih angel inggih, Mbah. Punapa kepareng kula nyuwun contonipun." |
| Simbah | : | "Pancen ora gampang. Mengko takwenehi con tone." |
| Marsudi | : | Inggih, Mbah, sanget nuwun." |
B. Wacanen !
10. Wo, weruha yen mengkono aku emoh.
11. Walah biyung, tumane entep-entepan.
12. Astaga, rusak kabeh tanduranku ana kebo berik mau.
11. Maca titi
A. Wacanen kang titi !
1. Alamating layang. Katulis ana ing amploping layang.
Serat
Mugi Katur ing Panjenengan
ipun Bapak/Ibu Pujasaraya
Kepala SMP "Bakti Mulia".
ing Sawojajar, Kebonagung,
Pacitan
Sasrawijaya
Pandanwangi, Kedhungagung
Pacitan
2. Wujud lan isine layang ulem. Ditulis lan dilebokake ing
jeron amplop.
Nuwun wiyosipun, lumantar serat punika kula ngaturi priksa
bokbilih kepareng ing Gusti Ingkang Murbeng Kuwaos,
benjing dhawah ing :
Ari titimangsa : Akad Wage, 21 Ruwah 1909
utawi dhawah ing
Minggu, 7 Agustus 1977
Jam : 10.00 (Jam 10 enjing),
kula gadhah khajat ngruwat anak kula pun :
1. Ariningsih
2. Prasetyadi
3. Candraningrum
(Pancuran Kapit Sendhang),
Mbs-2- 67
Kalurahan Dadi Reja, Kecamatan Dana Harja.
Bokbilih dhangan ing panggalih tuwin sepen ing pambengan, kula suwun rawuh penjenengan sekaliyan, perlu maringi idi pangestu dhumateng anak-anak kula kasebut.
|
|
Kedungagung surya kaping
|
B. Wangsulana kang patitis !
III. Kawruh basa
A. Tuladha :
Anak tiga penengahipun jaler dipun wastani pancuran kapit sendhang.
Ukara-ukara iki rampungna nganggo tembung-tembung kang cumawis ing sisih tengen !
|
|
|
|
|
e. kembang sepasang f. kedhana kedhini g. julung sungsang h. gondhang kash i. julung kembang j. julung caplok k. julung sarap l. kembar m. dhampit n. pandhawi
|
B. Tuladha:
Atur taklim kula kekalih Sasrawijaya.
"Taklim" iku asale saka basa Arab, tegese "kanthi urmat."
Tembung-tembung kang cap-capane miring ing ngisor iki tegesana kaya tuladha ing dhuwur, nganggo basa krama !
C. Titik-titik ing ukara-ukara ngisor iki isenana nganggo tembung-tembung kang cumawis ing
sisih tengen !
|
|
|
D. Tuladha :
Yen unggah-ungguhe kurang trep, bisa uga tamu sing diaturi ora ana sing rawuh.
Ukara-ukara ngisor iki rampungna kaya tuladha ing dhuwur !
3. Yen sore mengko dheweke ora teka, bisa uga ..........
4. Yen kogeloki ana ngomah ora ketemu, bisa uga ..........
5. Yen untumu ora kojabutake saiki, bisa uga ..........
6. Yen kowe ora gelem tetamba, bisa uga ..........
7. Yen kurang pangati-atimu, bisa uga ..........
8. Yen ora enggal koarepi saiki, bisa uga ..........
9. Yen kowe ora tumuli budhal, bisa uga ..........
10. Yen kowe ora gelem njaluk ngapura, bisa uga ..........
IV. Ngarang
Gawea layang, miliha bab ing ngisor iki salah siji !
V. Maca lan nulis aksara Jawa
Wacanen, turunen, banjur tembangna !
ꦩꦠꦶꦱꦠꦿꦴꦤꦶꦁꦔꦲꦸꦫꦶꦥ꧀<
ꦏꦭꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦫꦺꦴꦲꦸꦫꦸꦲꦫ꧈
ꦠꦂꦭꦺꦤ꧀ꦩꦼꦔ꧀ꦤꦁꦩꦭꦠ꧀ꦱꦶꦴ꧈
ꦱꦤꦶꦠ꧀ꦚꦱꦺꦁꦠ꧀ꦚꦱ꧀ꦩꦩꦠꦸꦴ꧈
ꦧꦝꦂꦫꦶꦁꦪꦂꦱꦥꦸꦝꦤ꧀ꦛ꧈
ꦲꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦩꦪꦱꦮꦠꦮꦶꦱ꧀꧈
ꦧꦺꦴꦫꦺꦴꦁꦲꦁꦒꦱꦮꦂꦒꦩꦺꦱꦶꦩꦂꦠꦪ꧉I. A. Pacelathon
Tindakna I
| Edi | : | "Mar, kowe ki ngapa kok loap-laop, apa kurang gawean? Ayo nonton ben !" |
| Marma | : | "Ora nonton ben, Ed, wong aku lagi nyrempeng latihan kok." |
| Edi | : | "Mula ta, mempenge nganti kaya tip bae. Ayo nek gelem nonton ben, aku sing mbayari." |
| Marma | : | "Matur nuwun, Ed, ana ben sing kondhang ya kareben, aku trima ana ngomah dhisik, wong aku lagi arep melu perlombaan kok." |
| Edi | : | "Wah, wah, dhek kapan kowe sinau, ujug-ujug arep melu perlombaan ben kuwi. Kowe mengko rak oleh nomer nol." |
| Marma | : | "Dudu lomba ben kok. Aku arep melu lomba pop singer." |
| Edi | : | "Swaramu ki apik ta ? Ning ya sokur yen kancaku menang. Mesthine jenenge terus kon- dhang, kaya................Jajal nyanyia, takbijine !" |
| Marma | : | "Wah, wah, Ed, Ed, kemakimu kok ora entek- entek. Karodene aku ki ora arep melu lomba nyanyi. Iki pop singer Jawa. Aliyas, lomba nyanyi tembang macapat." |
| Edi | : | "Ha, ha, ha, ha, ha. Mudheng aku saiki. Dadi anggonmu loap-laop kuwi mau latihan nembang, ta. Sorry ya, Mar. Yen ngono tutugna, aku dak nonton dhewe." |
| Marma | : | "Mengko dhisik ta. Mbok lungguh-lungguh ke- ne dhisik. Mengko dakkancani ta wis, angger gelem rada wengen-wengen." |
[ 74 ]
| Edi | : | "Ya, ta. Ning aku wurukana ya. Tembang pat piye." |
| Marma | : | "Wong aku ki ya durung pinter kok. iki mau aku lagi ajar, lagi arep ngapalke." |
| Edi | : | "Lha iya, aku ya seneng. Malah yen oleh, aku dak melu ndhaftarke." |
| Marma | : | "Tenan pa piye. Nek tenan tak terke, wong durung telat kok." |
| Edi | : | "Aku babar pisan durung ngerti ki. Ning jan-jane seneng banget." |
| Marma | : | "Aku ya mung gaco seneng lan karep kok, Ed. Witikna sapa sing gelem nguri-uri, yen ora awake dhewe. Yen nganti cures rak eman-eman." |
| Edi | : | "Tenan ya, Mar. Aku wurukana, yen latihan bareng." |
| Marma | : | "Iya, iya, aja kuwatir." |
B. Wacanen !
A. Wacanen sing titi !
Wiwit kina-makina tiyang Jawi seneng sekar. Miturut umur-umuranipun, sekar mekaten warni-warni. Ingkang kina piyambak sekar kekawin, lajeng kidung, lan ingkang enem piyambak
sekar macapat. Sabarakan kaliyan sekar macapat punika wonten malih sekar kalih warni, inggih punika sekar ageng lan sekar tengahan.
Wonten malih iketan kados dene sekar macapat, liripun sanes gancaran, inggih punika lelagon dolanan lan rumpakan ingkang kedayan mekaripun puisi moderen.
Sanajan rumpakan puisi gagrak anyar punika kraos kaiket ing wewaton, nanging boten kenceng sanget kados dene iketaning sekar macapat.
Menggah cacahipun sekar macapat lamis sedaya wonten 11 iji. Inggih punika : Maskumambang, Pucung, Gambuh, Megatruh, Kinanthi, Mijil, Durma, Pangkur Asmaradana, Sinom, lan Dhandhanggula.
Saben tembang gadhah watak utawi raos piyambak-piyambak. Liripun menawi badhe nglairaken raos sisah beda tembangipun kaliyan menawi badhe medharaken raos nepsu, sereng, lan sapanunggilanipun.
Sekar macapat ingkang cacahipun sewelas warni punika wonten ingkang luwesan, kangge medharaken raos punapa kemawon sarwa mungguh. Inggih punika sekar Sinom, lan sekar Dhandhanggula.
Kajawi gadhah raos piyambak-piyambak, saben sekar macapat ugi gadhah paugeran piyambak-piyambak, inggih punika ingkang kawastanan :
a. guru gatra, inggih punika cacahing gatra saben sapada;
b. guru wilangan, inggih punika cacahing wanda saben sagatra;
Mbs2- 75
Taksih wonten malih ubarampe sawatawis kangge damel moncering
sekar macapat, kadosta: tembung kawi, sasmitaning sekar, purwakanthi,
wangsalan, sengkalan, sandi asma. Punika sadaya boten kalebet baken,
nanging mewahi bregas.
B. Wangsulana kang patitis abasa krama !
III. Kawruh basa
A. Tuladha:
-
a. Wiwit kina-makina tiyang Jawi punika seneng sekar.
b. Wiwit jaman kina tiyang Jawi punika seneng sekar.
Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !
B. Tuladha :
Wiwit kina-makina tiyang Jawi punika seneng sekar
Ukara-ukara iki ganepana nganggo tembung-tembung kang cumawis ing sisih tengen !
|
|
|
Sami-sami sekar, sekar macapat punika anem piyambak.
Ukara-ukara iki rampungna kaya tuladha ing dhuwur !
| 1 | Sami-sami kewan galak, |
| 2 | Sami-sami sesekaran, |
| 3 | Sami-sami tetumpakan, |
| 4 | Sami-sami tetingalan, |
| 5 | Sami-sami dedongengan, |
| 6 | Sami-sami olahraga, |
| 7 | Sami-sami taneman pantun, |
| 8 | Sami-sami woh-wohan, |
| 9 | Sami-sami adhi kulan, |
| 10 | Sami-sami sawung, |
D. Tuladha tembang macapat :
(Jaka Lodhang: R.Ng. Ranggawarsita).
Katrangan :
IV Kagunan basa
A.Apalna ing ngarep klas !
Sumiliring angin gunung,
Angelus wulening pari.
Mentes isine tumiyung,
Nggembyong lemu amranani.
Parine wus kuning,
Tinempuh ing Sang Hyang Bayu,
Lerab-lerab lir ombak kang bening,
Sengsem netra kang andulu.
Keprungu panggusah seru,
Anundhung emprit kang neba,
Nucuki wulen kang lemu.
Tan welas mring pra manungsa.
Wulen ndingkluk asemu rikuh,
Dhela maneh manggon ing lumbung,
Pinethik ing tangan kukuh,
Cukat trampil prawan gunung.
— Rudj. — [ 81 ]V. Maca lan nulis aksara Jawa
Wacanen, turunen, banjur tembangna!
꧋ꦣꦤ꧀ꦝꦁꦒꦸꦭ꧉
꧋ꦒꦧꦃꦱꦶꦗꦶꦥꦶꦤꦶꦭꦭꦢꦢꦶ꧈
ꦮꦺꦴꦭꦸꦁꦮꦸꦭꦶꦫꦕꦏ꧀ꦏꦺꦚꦠꦸꦱ꧀ꦭꦱ꧀
ꦠꦶꦏꦼꦭ꧀ꦱꦺꦮꦸꦮꦠꦫꦤꦺ꧈
ꦩꦸꦁꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦥꦠꦁꦠꦺꦁꦱꦸ꧈
ꦏꦸꦫꦁꦲꦥꦩꦸꦫꦃꦲꦶꦁꦮꦶꦢ꧀ꦝꦶ꧈
ꦩꦿꦶꦁꦥꦫꦢꦺꦴꦪꦤ꧀ꦏꦂꦪ꧈
ꦲꦺꦮꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦏꦸ꧈
ꦠꦼꦏꦲꦏꦺꦃꦮꦺꦴꦁꦏꦱꦿꦏꦠ꧀
ꦧꦼꦠꦺꦏ꧀ꦱꦏꦏꦸꦫꦁꦱꦸꦁꦏꦼꦩ꧀ꦩꦺꦩꦿꦶꦁꦮꦶꦢ꧀ꦝꦶ꧈
ꦏꦸꦫꦁꦠꦼꦒꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦂꦪ꧉
81
I. Pacelathon
Tindakna !
| Siswanta | : | "Pakdhe, pujangga mekaten punapa sami kaliyan pujangga ing wucalan basa Indonesia punika ?" |
| Pakdhe | : | "Kena diarani padha, ning ya beda." |
| Siswanta | : | "Kados pundi Pakdhe, kok dereng ndungkap ku la. Padha ning beda, punika kok angel." |
| Pakdhe | : | "Coba daktakoni dhisik. Pujangga basa Indone sia kuwi kepriye terange?" |
| Siswanta | : | "Wah, Pakdhe ki kok ndadak ngetes. Menawi boten lepat pujangga punika para ahli basa, langkung-langkung sastra." |
| Pakdhe | : | "O, apa sing kokarepake ki sastrawan ngono kae.” |
| Siswanta | : | "Kesinggihan mekaten, Pakdhe." |
| Pakdhe | : | "Gene kok pinter, kok ndadak takon Pakdhe. Lha saiki nek pujangga basa Jawa piye?" |
| Siswanta | : | "Pakdhe, dos pundi ta punika, kula punika nyu wun priksa kok malah dipun dhawuhi nerang aken. Rak kwalik ngaten Pakdhe namanipun." |
| Pakdhe | : | "Ya wis ta yen ngono. Dakarani kowe mau rak mung mbalung krambil, ethok-ethok ora ngerti. Wong nyatane mau bisa nerangke ngono kok." |
| Siswanta | : | "Witing klapa, Pakdhe, kula matur lugu." |
| Pakdhe | : | "Wah, Siswanto nyolong pethek. Wangsalan ba rang nricis ngono." |
| Siswanta | : | "Gurunipun rak Pakdhe ta. Boten ngical-icalaken anggenipun mucal ngaten. Saestu, Pakdhe, kula nyuwun priksa bab pujangga menggah pangertos an Jawi punika kados pundi." |
| Pakdhe | : | “Sik ta sik, Pakdhe karo ngeling-eling ning anggonku nerangake liya dina bae ya ?” |
| Siswanta | : | “Inggih Pakdhe.” |
| Pakdhe | : | “Pujangga iku kudu duwe kaluwihan warna-warna, kayata : awibasa, awicarita, awisastra, parameng kawi, mardawa lagu, nawung kridha, lan sambegana.” |
| Siswanta | : | “Wah, wah, wah. Tembung semanten kathahipun kok antik sedaya.” |
| Pakdhe | : | “Kuwi jenenge dudu tembung antik. Jenenge tembung dakik. Liya dina dakterangake.” |
| Siswanta | : | “Saderengipun matur nuwun, Pakdhe.” |
| Pakdhe | : | “Ya, tiba padha-padha.” |
B. Wacanen !
II. Maca titi
A. Wacanen sing titi !
Wong guna iku wong kang nggilut ing babagan kagunan. Dene kagunan mono wohing pakartine manungsa kang bisa ndudut rasa kaendahan. Tembunge liya kagunan iku kesenian. Dene wong guna iku uga diarani seniman. Yaiku wong kang bisa agawe pakarti kang endah lan agawe para kang ngrasakake
katuntun ing rasa endah.
Wong guna (seniman) ing babagan basa, utawa ing babagan
sastra, diarani pujangga.
Dhek jaman kuna, pujangga mono golonganing pandhita kang dadi paran-paraning ratu, yaiku kang tansah dipundhuti wawasan bab kang wigati, babagan kaprajan lan agama.
Dhek jaman jumenenge Ingkang Sinuwun Paku Buwana II, pujangga mono ewoning abdi dalem kraton. Ayahane mligi nganggit-anggit, marsudi kawruh lan gawe sara-silahing ratu. Pujangga dalem kang misuwur yaiku Raden Ngabehi Rang- gawarsita.
Ing kalangan kejawen, pujangga iku kagungan kalimpatan 8 prakara. Yaiku :
Wondene para pujangga kang kagungan kalimpadan wolung prakara iku, yaiku : Sinuwun Paku Buwana III, Sinuwun Paku Buwana IV, R.Ng. Yasadipura 1, R.Ng. Yosadipura II, R.Ng. Ranggawarsita, lan Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangku Nagara IV.
Ing jaman saiki waton wasis nganggit-anggit, lan anggitane diarepi ing bebrayan, wis diarani pujangga. [ 86 ]B. Pitakon-pitakon iki wangsulana kang patitis abasa krama !
III. Kawruh basa
A. Tuladha :
Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !
86 [ 87 ]B. Tuladha :
|
|
|
Nawung kridha, tegese alus pangrasane, bisa tanggap ing rasa lan krenteging liyan kang durung kawedhar.
Ukara-ukara iki ganepana nganggo andhahane tembung rasa kang cumawis ing sisih tengen !
|
|
|
D. Tuladha :
Pujangga ageng Ki Padmasusastra miyos kala ing tengah-tengahing abad ingkang kaping 19.
Ukara kuwi salah, benere :
Pujangga ageng Ki Padmasusastra miyos kala ing kiwa tengenipun taun 1850.
Ukara-ukara ing ngisor iki endi sing bener ?
9. a. Jalaran sampun boten wonten ingkang wani ngindhak
i, lembunipun dipun culaken Rp 50.000,00.
b. Sarehne sampun boten wonten ingkang wani ngindhaki,
lembunipun dipun culaken Rp 50.000,00.
10. a. Sarasehan punika ngrembag bab kapreluaning pakempal-
an.
b. Sarasehan punika ngrembag bab betahipun pakempal-
an.
IV. Kesusastran
Manut nom-tuwane kasusastran Jawa iku kaperang dadi te-
lung perangan, yaiku :
Kasusastran Jawa Kuna, Kasusastran Jawa Tengahan lan Ka-
susastran Jawa Anyar.
A. Kasusastran Jawa Kuna (. . . - nganti taun 1400 )
Basane : Jawa Kuna
Pusere : Tanah Jawa Wetan
Moncer-moncere : Jaman Kedhiri
Tembange : Kekawin
Umpamane :
1. Buku Ramayana (kekawin, sing ngarang ora kasumurup-
an).
2. Buku Mahabharata (gancar, sing ngarang uga ora kasu-
murupan).
3. Arjuna Wiwaha (kekawin, sing ngarang Empu Kanwa).
4. Baratayuddha (kekawin, sing ngarang Empu Sedah lan
Empu Panuluh).
B. Kasusastran Jawa Tengahan
Basane : Jawa Tengahan
Pusere : Jawa Wetan, Bali, lan Jawa Tengah
Tembange: Kidung
90 [ 91 ]Upamane :
C. Kasusastran Jawa Anyar (1750 - saiki)
Umpamane :
Mbs-2-91
꧋ꦝꦤ꧀ꦝꦁꦒꦸꦭ꧉