Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Rumaos kula ngendikanipun Bapak Ibu punika leres sedaya. Dhasar larenipun majeng, tiyang sepuhipun nyurung, temtu wohipun maremaken.”
Bapak : "Anu, Bu. Apadene kowe, Le. Kandhamu kuwi bener. Sanajan mangkono, kabeh mau titah mung bisa setiyar, bab klakone ana astane Sing Murbeng Dumadi. Mula ayo padha tansah nenuwun lan ngaturake panuwun marang Gusti Kang Akarya Jagat. Lan, aja lali tansah sumungkem.”
Ibu : “Iya, Pak, aku tansah ndherek ngendikane Bapak kuwi.”
Teguh : “Inggih, Pak, dhawuhipun Bapak Ibu tansah kula estokaken.”


B. Ukara-ukara iki wacanen; aksara kang katulis dhoyong kedalna kang trep !

  1. 1. Inggih inggih, Bu, Ibu menika leres angêt. Ih, kapok kowe saiki !
  2. 2. E, aja lo, esuk-esuk aja mangan rujak !
  3. 3. Ah, kok ngono, ora-apik kuwi
  4. 4. Eh, emoh aku!
  5. 5. O, ngono kuwi ta dadine. Ora aku.


lI. Maca titi

A. Wacanen batin !

Lulus Ujian SD

Pak Pamuji panggesanganipun bakul. Gadhah toko, sanajan alit nanging pepak. Menapa ingkang dipun betahaken bebrayan ing ngriku boten mangsulaken, Tumrap ing dhusun tokonipun Pak Pamuji sampun kalebet ageng lan mitulungi Sanget.

Kabetahanipun sedherek tani dipun sedhiyani. Kadosta,

10