Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/93

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

D. Bocah nyuwun wuruk marang wong tuwane iku jeneng wis samesthine. Nanging ana kalane wong tuwa njaluk wuruk marang anake; lha iki sing klebu ing saloka; Kebo nusu gudel.

Mara terang tegase saloka-saloka ngisor iki!

  1. Kebo mulih ing kandhange.
  2. Kebo lumumpat ing palang.
  3. Pecruk tunggu bara.
  4. Endhog kecepit ing watu.
  5. Palang mangan tandur.
  6. Kutuk marani sunduk.
  7. Kethek saranggon.
  8. Kemladeyan ngajak sempal.
  9. Iwak klebu ing wuwu. Sapu ilang suhe.

1. Dadekna ukara tanggap !

a. Nyata nyuwekake bukuku.

b. Ibu nimbali mas Aru.

c. Jarot nggawakake tase Mingun.

d. Salekan ngilekake banyu.

e. Godril njothak Paat.

2. Dadekna ukara tanduk !

a. Anggreke disirami Fatonah.

b. Gathot didukani Pak Mantri.

c. Bukuku diilangake Petrus.

d. Ambar digoncengake Sinta.

e. Murti didangu Pak Guru.

3. Ukara-ukara iki udhalen manut lungguhe !

a. Ibu mundhut jamu.

b. Lik Lanjar ndandosi pager.

c. Bapak nawu blumbang.

Mbs-1- 91