Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
W U L A N G A N I


1. A. Pacelathon
Tindakna !

Lulus Ujian SD


Bapak : “Piye, Le, ujianmu SD lulus apa ora ?”
Teguh : “Pangestunipun Bapak Ibu kula lulus, Pak.”
Ibu : “Sokur ta, Le, dadi ora ngilang-ngilangake nggonmu nggentur sinau.”
Teguh : “Inggih, Bu, nanging sedaya wau awit saking daya pangestunipun Bapak saha Ibu.”
Bapak : “Pancen ora kleru panemumu kuwi. Ewasemono kabeh mau yen ora sarana kosetiyari uga ora bisa kecekel gegayuhanmu.”
Ibu : “Aku cocog, Pak, ngendikane Bapak kuwi. Buktine akeh wae wong tuwane dhemen marang prihatin, ning anake seneng ubyang-ubyung, grudag-grudug, nyatane ya ora dadi uwong ki. Bareng wis gedhe malah ngrekasakake wong tuwa.”
Teguh : “Inggih, inggih, Bu. Ibu punika leres. sanget. Kanca kula ingkang boten lulus lare tiga. Punapa sadaya lare nakal tur kesed. Kula ngantos mesakaken, tiyang sepuhipun saben dinten dipun timbali dhateng sekolahan.”
Bapak : “Mula, Le, kabeh mau rak gumantung marang tekade bocah, ta. Ya ngono apa ora, Bu?”
Ibu : “Lha ya genah ngono. Disurung-surunga kaya ngapa yen bocahe mogok ya sida ora dadi tenan. Rak iya ta, Le?”
Teguh : “Kadospundi, Bu, anggen kula badhe matur.

Mbs-1- 9