Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/19

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

W U L A N G A N II

I. A. Pacelathon
Tindakna !

Katampi Mlebet ing SMP
Teguh : “Bu, Bu, kula dipun tampi, Bu.”
Ibu : “Guh, ngapa kowe kok bengok-bengok saka dalan kuwi. Ora apik ya, Guh. Matur Ibu kok ngono carane, Kowe yen matur Pak Guru ya ngono kuwi ta ?"
Teguh : "O inggih, Bu, kula kesupen. AA Saking bingah-bingahipun lajeng boten mawi tata krami, inggih Bu Nyuwun pangapunten.”
lbu : “Yawis ora dadi apa. Tujune karo Ibu. Suk maneh diati-ati ya, Lik, mundhak kepatuh.”
Teguh. : “Inggih Bu," kula estokaken. Wonten pundi-pundi kula boten nate kok, Bu.”
Ibu : “Ya sokur ta, Le. Dadi kowe ora gawe isine wong tuwamu. Ana apa ta kok sajak kusung-kusung kuwi ?”
Teguh : “Anu; Bu, angsal pangestunipun Ibu dalah Bapak kula lulus testingipun mlebét SMP.”
Ibu : ”O iya ta, Le. Dadi kowe wis ketampa. Wah, bagus tenan kowe, pinter tenan kowe, Le.”
Teguh : “Wah, wah, Ibu ki kok ngalem adu arep. Ngantos siin, Bu, Kula.”
Ibu : ”He, apa kuwi, siin ki basa apa. Ibu ora ngerti basa manca... Kemaki, Lik, ibune dijak cara apa kuwi.”
Teguh : "Hi, hi, hi, .......... sampun duka inggih, Bu. ; Siin menika walikan, leresipun ....... isin."

Mbs-1- 17