Menyang kontèn

Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/55

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

W U L A N G A N VI

I.A. Pacelathon

Tindakna !

Cariyos Bratayuda
Irawan:“Mbah, kula nyuwun dongeng."
Embah:"Kok kadingaren kowe nyuwun dongeng Simbah; malah Embah critanana kabare jaman saiki, kowe luwih ngerti."
Irawan:“Leres Mbah, menawi bab kabar jaman sapunika rak sampun kawrat ing serat kabar utawi radhio.”
Embah:“Sing kokarepake crita apa ta, Le ?”
Irawan:“Pak guru kula punika kok ngendikakaken lampahan Bratayuda.”
Embah:“Lha nyuwuna priksa gurumu rak wijang.”
Irawan:“Temtunipun mekaten, Mbah. Nanging, duka kok malah dhawuh nyuwun priksa dhateng Embah.”
Embah:"O, ngono, ta. Ya bener ngendikane bapak gurumu kuwi. Amarga, ndongeng Bratayuda kuwi ora rampung sawengi rong wengi, yen didongengake ana sekolahan mesthine banjur

ngentekake wektu.”

Irawan:"Kinten kula leres ngendikanipun Embah punika, awit satunggal minggu namung dipun wucal basa Jawi kaping kalih.”
Embah:"Mula kuwi, bapak gurumu ora kleru, tur gamblang banget yen nyritakake lakon Bratayuda kuwi.”

Mbs-1- 53