Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/80

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


Budi : “Wis kana, gek padha sinau. Mengko jam sanga apa jam sepuluh tevene disetel.”


B. Wacanen, kedalna sing trep !
    1. Tatag, teteg, bisa tutug.
    2. Bapak mriksakake menyang dhokteran.
    1. Mangan ora perlu dipeksa, wong wis wareg temenan.
    2. Pak Digda mapag putrane.
    1. Mas Totok tubrukan.
    2. Ana grobag mandheg ing dalan totogan.
    1. Paklik methuk bulik.
    2. Bagya babag tandhing Pak Digda.
    1. Bake mobil suwek buntele.
    2. Durung tutug olehe rembugan wis krungu swara bedhug.

II. Maca titi

A. Wacanen sing titi !
O … Teve!

 Kutha Sondher dununge ana ing Sulawesi kepering lor. Ing kono akeh kebon cengkeh jembar-jembar. Ing mangsa panen Sondher kena diparibasakake udan dhuwit. Sing buruh ngundhuh bae tampane dhuwit buruhan ora sethithik. Apa maneh,sing duwe kebon cengkeh, dudu padon.

 Dhek samana ana tani cengkeh kepengin tuku teve awit cengkehe ndadi. Dheweke krungu pawarta yen sedhela maneh ing tlatah kono wong-wong bakal bisa nyetel teve. Bubar adol panenane wong mau banjur gita-gita menyang Menadho tuku teve. Tekan ngomah tevene disetel. Kaya

78