Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/64

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


mesthi katut nyang clanamu. Nanging, yen kowe kelingan kowe mesthi banjur cincing clana, lan sukete ora bakal katut nyang clanamu kuwi. Rak iya ta?"
Edhi : "Wah, diapusi Agus aku. Nek kuwi we jan-jane aku ya ngerti."
Agus : "Padune wis dakkandhani kuwi. Wis, saiki ganten kowe sing nyangkrimi."
Edhi : "Ya, dakakali genti kowe, Gus. Sing kelangan lega sing nemu malah gela. Hara, apa kuwi?"
Agus : "Matik, cilaka. Sida siji-siji iki mengko. Ora mulih nalar kuwi, Dhi. Sing nemu gela, sing kelangan lega. Ah, ora ana kuwi."
Edhi : "Wis, trima siji-siji ?"
: "Trima ora bisa mbatang ?"
Agus : "Wis, Dhi, aku pasrah bongkokan."
Edhi : "Nyedhaka kene, dakkandhani. Ora wani omong seru aku."
Agus : "Geneya ?"
Edhi : "Ssssssst. Dakkandhani lirih-lirih we ya. Kuwi batangane.......entut."
Agus : "O, asem ki. Piye kuwi nalare ?"
Edhi : "Pikiren dhewe."


B. Ukara-ukara iki wacanen, tembung-tembung kang tulisane dhoyong kedalna kang trep !

  1. Kanca-kanca padha dolan rana.
  2. Kanca-kancane padha tresna.
  3. Kancaku sakelas ana patang puluh.
  4. Yen kowe diundang maraa.
  5. Yen ora diundang ora susah mara.
  6. Limang atus kuwi rega pokok.
  7. Pokoke aku sida melu.
  8. Aku tukokna kacang godhog, Sri !

62