Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN V

I. A. Pacelathon

Tindakna !

Gawe Kesed Sepet
Guru : "Cah, apa gunane krambil ?"
"Sing bisa ngacunga !"
Murid-murid : "Kula, Pak !" "Kula, Pak !" "Kula, Pak !"
Guru : "He, he, he, ngacung ora pareng karo pating brengok !"
"Coba kowe, Narna !"
Narna : "Klapanipun kangge bumbu, Pak, ugi kangge damel lisah; ingkang taksih enem kangge rujakan, toyanipun dipun katutaken."
Guru : "Lha wite sing wis tuwa kanggo apa ?"
"Kowe, Tirta !"
Tirta : "Kangge kajeng obong, Pak !" Ugi wonten ingkang kangge balungan griya."
Nani : "Pak, kula nyuwun priksa, sepetipun punapa inggih kangge ?"
Guru : "Siti, kowe ngerti kanggone?"
Siti : "Dipun obong, Pak, kangge mangsak."
Guru : "Ha, ha, ha, bener-bener, lha wong ya bocah wadon, ngertine kanggo kayu obong. Liyane kuwi isih ana. Kowe ngerti, Prapta ?"
Prapta : "Punapa ingkang kangge kesed punika, Pak ?"

Mbs-1- 45