Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


Atik : “Lha suk sing nulisi rapot ya akeh ya, Mas.”
Teguh : “Anu, Tik. Ana bapak utawa ibu guru sing dadi wali kelas. Yakuwi sing dadi bapake bocah sakelas, sing maringi rapot lan liya-liyane.”
Atik : “Wah, akeh ya, Mas, bedane SD karo SMP.”
Teguh : “Bab guru pancen ana bedane sawetara. Sing ora beda yakuwi, kuwajibane murid. Murid SD lan murid SMP kuwajibane padha, kabeh kudu sregep lan mugen sinau.”


B. Ukara-ukara iki wacanen lan tembung sing ditulis dhoyong kedalna sing trep!

  1. Adhimu aja koajak rana-rana, jaken dolan rono wae.
  2. Adhine loro, sing siji saiki lagi lara.
  3. Adhine sing siji jenenge Darmana, sijine jenenge Darmadi.
  4. Wong tuwane jenenge Atmasudarma, asale saka sentolo–Yogyakarta.
  5. Wong pasa aja gampang kena godha. Digodha gadho-gadho aja onya niyate. Digawakake kluwa ora temama, digawakake sawo trima lunga. Weruh dhuku sakroso ora krasa, ditawani bakso wangsulane suk bakda.

II. Maca titi

A. Wacanen batin !
Dados Murid SMP

 Teguh Purwadi saestu klebet SMP, malah sampun wiwit dipun wucal. Kala saweg mlebet punika ing sekolahanipun Purwadi wonten pilihan ketua kelas. Teguh Purwadi kapilih. Pancen boten klentu manawi kanca-kancanipun milih Purwadi, awit larenipun ketingal sabar, sumepuh, dhateng kanca grapyak semanak.

28