Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/34

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Pamarentah boten pilih asih, sinten lepat temtu tampi pidana.
  2. Para murid kedah sami ngiseni blangko warni-warni.
  3. Mangga, Nak, lenggahipun kepara majeng kemawon.
  4. Kepirengipun elok, nanging pancen kepara nyata bilih mengsah ingkang asenjata bedhil, mriyem lan bom kawon kaliyan bangsa Indonesia ingkang namung asenjata granggang.
  5. Anggenipun dundum kepara-kepere wasana ndadosaken dredah.
  6. Ageng aliting kabegjan katampi kalawan raos syukur konjuk ing ngarsanipun Ingkang Andum Amara.

D. Tuladha :

  1. Dhik, dhik, bapak apa wis kondur ?
  2. Dhik, dhik, bapak punapa sampun kondur ?
Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !
  1. Bu, apa aku kepareng melu darmawisata kanca-kanca?
  2. Bulik, iki agemane sapa ?
  3. Enya, Bulik, takaturi ngedhapi.
  4. Ayo, Mas, yen arep mriksani takdherekake.
  5. Yen tindak Pekalongan takaturi pinarak ana gubugku.
  6. Kersane embah aku didhawuhi sekolah ana kana.
  7. Iki, arep ngaturake layang marang pak guru.
  8. Apa layange wis ditapakastani bapak ?
  9. Bapak lenggahan ana pendhapa, ngunjuk teh sinambi maos koran.
  10. Pak guru mriksani gambaranku banjur ngendika, ”Gus, gambaranmu apik !”

32