Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/79

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN IX


I. A. Pacelathon

Tindakna!
Televisi
Nanang : “Mas, tevene kok ora disetel ?”
Budi : “Mengko, Dhik, sinau dhisik. Kowe rak arep test ta ?”
Ninik : “Iya ki, Nang, nggonku ya arep test.”
Nanang : “Mengko ya, Mas, saiki dak sinau dhisik tekan jam pitu.”
Budi : "Saiki wis jam setengah pitu, ki. Apa cukup sinau mung setengah jam.”
Ninik : “Nanang pinter kok, Mas, nek sinau dibiyaki sedhela bae wis rampung sabuku.”
Nanang : “Pancen kok, Mbak. Dak tonton gambare njaba bae kok, malah ora nganti limang menit wis beres.”
Ninik : “Ya, ya Nanang mbalap, kok, nesu ta dhik karo mbake.
Nanang : “Ora, Mbak, mung anyel aku kosindhir. Ora-orane yen aku sinau mung tekan jam pitu tenan, apa niyat mung dolanan thok.”
Budi : “Nik, adhimu rak cah bagus, wis ana SMP klas siji rak wis ngerti wajibe. Rak iya ta, Lik ?”
Nanang : “Iya, Mas, aku ya seneng nonton teve ning wektuku sinau uga daketung-etung, aja nganti klepyan. Mbak Nik rak ya ngono ta?”
Ninik : “Heeh, Dhik, tibake nonton teve ki yen lali sinau ya gawe pituna.”

Mbs-1-77