Kaca iki wis divalidasi
W U L A N G A N VII
I. A. Pacelathon
Tindakna !
Bocah Lola
Setyadi | : | "Sih, adhikmu ana ngendi ?" |
Sihati | : | "Dhik Ris ta ?" |
Setyadi | : | "Iya, iya." |
Sihati | : | "Lho, aku ora ngerti ki, Mas." |
Setyadi | : | "Apa ora pamit kowe ?" |
Sihati | : | "Ora, dakarani matur penjenengan" |
Setyadi | : | "Mesthine ora wani pamit aku, wong aku mau rada sareng." |
Sihati | : | "Mas ki ndadak duka barang, adate rak ora tau ta." |
Setyadi | : | "Apa aku nesu, mung pidhato we diarani nesu." |
Sihati | : | "Nek pidhato thik keras temen, nganti sing krungu ngewel wedi. Kuwi pidhato gaya baru ta, Mas ?" |
Setyadi | : | "Hara ta ya, rak nyemoni. Sing marakke kowe seneng gojeg, tur nganggo oyak-oyakan barang. Lha, nabrak cet, wutah. Sapa sing ora muring !" |
Sihati | : | "Iya ya Mas, jan-jane aku sing luput. Lha piye, Mas, dhik Ris iki mengko. Piye nek nggeblas ora mulih ?" |
Setyadi | : | "Wis ta mengko gampang dakgolekane. kowe gek adusa kana aja bingung." |
Sihati | : | "Tenan lho, Mas, penjenengan goleki lho. Aku mesakke dhik Ris. Awake dhewe ki rak wis lola ta, Mas." |
Mbs-1-
69