Korupsi (Wendri Sukmarani)
[ 100 ]KORUPSI
Wendri Sukmarani
“Kring....kring.....kring.....!” Bel tanda mlebu sekolah wis muni. Murid-murid padha mlayu gemrudug mlebu kelase dewe-dewe. Guru- guru wis padha siapana ing kelase dhewe-dhewe.
Dina Setu iki kelas3A ora kaya biyasane. Pelajaran Sastra Jawa esuk kuwi diwulang karo Pak Rohmat, Kepala Sekolah SMP Tumiju, amarga guru Pak Sukirman guru Basa Jawa kang biyasane mulang wis ora meneh mulang maneh ing sekolah kono. Murid-murid wis meneng, anteng ora ana kang wani obah amarga diwulang dening Pak Rohmat.
“Bocah-bocah wiwit dina iki, Sastra Jawa wis ora diwulang karo Pak Sukirman maneh, amarga Pak Sukirman wis pensiun.” Ngendikane Pak Rohmat.Krungu katerangan mau, murid-murid pada gela.
“Bocah-bocah pelajaran sing diwulang Pak Sukirman wingi tekan ngendi?” pitakone Pak Rohmat.“Tembang macapat, Pak.” wangsulane bareng-bareng. “Bocah-bocah tembang macapat kuwi ana pira jinise?” Murid-murid langsung anteng lan meneng klakep ora ana kang mangsuli.
“Rini, tembang macapat kuwi ana pira jinise?”
“E....e...e...m, wonten sedasa, Pak,” Wangsulane Rini rada glagepen. “Lho, kok ilang siji. Sing siji ngglundung ing ngendi ?” Murid- murid banjur ngguyu ger-geran. “Dadi jenise tembang macapat ana pira?” Pak Rohmat ngambali maneh.
“Wonten sewelas, Pak.” Wangsulane murid-murid sora lan bareng. “Saiki menawa wis padha ngerti cacahe sewelas, banjur tembang macapat iku apa wae?” “Asmaradana, Dhandanggula, Durma, Gambuh, Kinanthi, Maskumambang, Megatruh, Mijil, Pangkur, Pocong lan sinom, Pak,” Wangsulane Murid-murid.
“Bener banget. Sapa sing durung dong babagan tembang macapat?” pitakone Pak Rohmat. Murid-murid ora ana sing wani ngacung.
“Yo wis, nek wis pada jelas. Saiki Bapak arep nerangake babagan guru lagu lan guru wilangan. Guru wilangan yaiku akehing kecap utawa [ 101 ]suku tembang saben sak gatra.” Lagi setengahe pelajaran. Ana salah siji Siswi sing tekon,
“Nuwun sewu, Pak. Wonten menapa kok Pak Sukirman pensiun dadakan. Kok, mboten pamitan kaliyan murid-murid.” Pak Rohmat langsung kaget, ora ngira yen arepana pitakonan kaya mangkono.
E...e... amarga yuswane wis sepuh dadi kudu pensiun.” Wangsulane Pak Rohmat rada gragapan. “Kula ngerti, Pak. Nanging wonten menapa kok, mboten pamitan.” Pitakone meneh salah sijining murid wadon.
“Ya... kuwi mbokmenawa dadakan dadi tanpa pamitan.”Pak Rohmat bingung arep mangsuli apa kanggo nanggepi pitakonan saka muride. Sasuwining Pak Rohmat meneng golek alesan kanggo mangsuli, keprungu bel tanda ngaso. Rada lega atine Pak Rohmat amarga ora sida mangsuli pitakonan mau. Murid-murid banjur mlayu metu saka ruang, kelas. Muri-murid kelas 3A, pada nggoleki Bu Ndhari minangka guru BP sMPTumiju.
“Nuwunsewu, Bu.”
“O...kene-kene, Nak. Mlebu wae,” wangsulane Bu Ndhari, Murid- murid pada mlebu lan lungguh. “Ana kawigaten apa kadingaren pada rame-rame teka rene, Apa ana sing kerengan?” pitakone Bu Ndhari.
“Mboten, Bu. Namung badhenyuwaun pirsa.”
“Arep padha takonapa?”
“Badhenyuwun pirsa masalah Pak Sukirman, Bu.”
“Pak Sukirman!” Bu Ndhari kaget. “Injih, Bu. Menapa Pak Sukirman sampun pension. Nanging kenging menapa kok, mboten pamitan?” pitakone salah sijining murid.
“Apakowe kabeh wis ngerti masalahe?”
“Dereng, Bu. Kula nyuwun pirsa masalah Pak Sukirman amargi Pak Sukirman menika guru ingkang sae pituturipun lan tindhak- tandukipun. Dados menawi Pak Sukirman Dipun Pensiunaken menapa mboten rugi, Bu. Pak Sukirman menika rak satunggaling guru ingkang saged kangge patokan lan paring tuladha sae kangge murud- murid. pitakonesalah sawijining murid kanthi rada sora.
“Tak kandhani, sejatine masalah Pak Sukirman ora mung masalah [ 102 ]GN
pensiun nanging Pak Sukirman iku dipecat saka SMP Tumiju.” Wangsulane Bu Ndhari tandhes.”Menapa Bu, dipecat!” swarane murid-murid bebarengan “Wonten masalah menapa ta, Bu?”
“Kowe ora perlu ngerteni nak, iki masalah lingkup para guru- guru.” “Pantes, kula nate mrangguli Pak Sukirman dados ojek pit wonten peken.” Tuture sartinah, murid kelas 3A. “Apa ojek pit ning pasar?” Bu Ndhari langsung kaget. “Injih, Bu. Kala wingi sonten Ibu tindak dhateng peken kaliyan kula. Kula nyemerepi Pak Sukirman, nangin kula badhe nyelaki kok mangu-mangu.”
Ora let suwi bel tanda mlebu muni. Murid-murid kudu mlebu ing kelase dhewe-dhewe. Sakbubare sekolah, ing kantor guru-guru nganakake rapat. Karo ngenteni Bapak kepala sekolah rawuh, Bu Ndhari lan Bu Endang nyiyapake materi kanggorapat.
“Bu, Pak Sukirman sakniki kerja dadi tukang ojek pit ing pasar, wingi Sartinah murid kelas 3A weruh. Melas ya, Bu!” critane Bu Ndhari. “Mbok melasa kaya ngapa nek tindak tanduke kaya ngana, ya tetep pada wae.” Wangsulane Bu Endang.
“Nanging, Bu. Menawa Pak Sukiraman nyigidake dhuwit bantuwan saka pamarentah kanggo siswa sing kurang mampu, kenapa Pak Sukirman ngojek pit neng pasar.” PitakoneBu Ndhari. “Ya... isa mawon, Bu. Artane kanggo kebutuha liya sing, ora ketara,” Wangsulane Bu Endang.
“Ora nyana Pak Sukirman kaya ngono. Kamangka Pak Sukirman priyayine becik, solah bawane lan pituture bisa kanggo tuladha bocah- bocah.” KandhaneBu Ndhari getun. “Kabeh uwong ora ketara. Njabane apik turnjerone kayangono.” Sambunge Bu Endang.
“Kula kok durung percaya menawa Pak Sukirman nyigidake duwit bantuwan, Bu.””Bu Ndhari....Bu Ndhari, perkarane wis cetha. Kenapa Pak Sukirman ora rawuh ing sekolah pas arep dianakake rapat masalah bantuwan sekolah. Pak Sukirman sing beta duwite, ta.” Tuture Bu Endang.
“Nanging Bu, Pak Sukirman ora rawuh rapatamarga ana alangan.” Sambunge Bu Ndhari. “Alangan menapa Bu. Nek wong wis salah kuwi mesti langsung mlayu saka kesalahane. Nganggo akeh alesan.” Tuture Bu Endang nyenyengit. [ 103 ]“Kula sing melas, Bu. Pak Sukirman priyayine nrima. Mangkat sekolah nitih pit onthel tuwa saka Bantul menyang Yogya. Beda karo guru- guru liyane sing wis pada sampun nitih sepeda montor.” “Ya... wis lah, Bu. Ora usah dipikir. Wong kuwi beda nyatane beda atine.”
Bapak kepala sekolah rawuh langsung rapat diwiwiti. Jam wis nuduhake angka telu luweh limolas menit. Rapat masalah bantuwan lan keperluan UNAS wis rampung, Para guru padha ringkes-ringkes makalah sing kanggo rapat mau lan cepet-cepet bali. Pak Rohmat wis ana ing parkiran, nyenthelake tas lan buntelan kresek ing sepeda montere. Lagi wae pak Rohmat rampung nyenthelake, Pak Ruslan nabok gegere.
“We....!”Pak Rohmat kaget.
“Wah, montere anyar nggih, Pak. Mulane dielus-elus terus kaya ngelus-elus bojone.” Sindire Pak Ruslan. “Ah, mboten, Pak. Niki anak kula sing tumbas,” wangsulane Pak Rohmat karo isih ngelus-elus sepeda montore.
“Wah, malem minggon gek ndang kagem muter-muter kalian Bu Rohmat.” Sindire Pak Ruslan. Pak Rohmat mung guyu kaku. “Oalah, Pak, Pak. Wong padha-padha wis tuwa. Ajeng niru gayane wong enom. Ya...wis ora jaman meneh,” wangsulane Pak Rohmat karo geguyon.
“Nggeh, mboten menapa ta...., Pak. Kaliyan nglegakake penggalih,” tuture Pak Ruslan karo nyetater montore, Pak Rohmat mung mesem.
Ing pasar, sore kuwi, Pak sukirman katon isih gluprut awake ngangkati areng ana ing pasar. Kringete sing gembrobyos lan rasa ngelak ora dirasakake.
“Pak...pak... arenge sing teng ngarep sampun dipindhai riki kabeh ?” pitakone Bu Yayuk juragane areng. “Sampun, Bu. Sampun kula pindhah teng gudang,” wangsulane Pak Sukirman karo ngelap Kringete sing gembrobyos. “Niki, Pak. Kangge tuku rokok. ”Pak Sukirmkan nampani amplopan kuwi, banjur pamitan bali karo Bu Yayuk. Lagi wae pak Sukirman njupuk pit, keprungu swarane Pak Rudi ngundang.
“Pak....Pak sukirman!”Pak Sukirman enggal mlayu tumuju warunge Pak Rudi. “Injih, Pak. Wonten menapa?” pitakone pak Sukirman. “Niki, wonten oleh-oleh kagem Pak Sukirman saking Kudus. Kaliyan [ 104 ]LAN gi
wonten titipan saking Pak Hendra kagem mbiyantu mbayar ragad omah sakitipun Deni,” Wangsulane Pak Rudi karo ngulungi buntelan kresek lan amplop.
“Matur nuwun sanget, Pak. Malah kula mboten saged maringi Bapak napa-napa,” Tuture pak sukirman karo nampani buntelan kresek lan amplop kuwi.“Oalah, Pak. Namung oleh-oleh biyasa mawon.” Sambunge Pak Rudi. “Matur nuwun sanget nggih, Pak. Pun aturaken Pak Hendra matur nuwun. Kula namung saged ngrusuhi mawon,” tuture Pak Sukirman.
“Mboten, Pak,” wangsulane Pak Rudi.
“Kula wangsul rumiyin nggih, Pak,” pamite pak Sukirman. “Mangga..mangga, Pak,” wangsulane Pak Rudi. Sawise tekan ngomah, Pak Sukirman nyetandarke pit, banjur mlebu ngomah.
“Bu, Bu!”
“Anaapata, Pak?” pitakone Bu Sukirman.
“Iki lho, Bu. Aku mau ning pasar diparingi oleh-oleh saka Kudus karo Pak Rudi.” Wangsulane Pak Sukirman.”Wah, enak iki, Pak.” “Alhamdullilah, Bu. Rejekine awake dhewe saiki lagi gangsar. Soale bapak mau ngangkati areng, banjur karo Bu Yayuk diparingi arta,” tuture Pak Sukirman.
“Pak, mau Bu Sarmi tindak mrene nagih kurangane Ibu teng warung wulan wingi.” Wadule Bu Sukirman karo ndungkluk. “Pira ta, Bu, kekurangane?” pitakone Pak Sukirman. “Namung, tigang dasa ewu, Pak,” Wangsulane Bu Sukirman. “Ya... kana Bu ndhang dibayar. Ndak selak dadi grojogan,” tuture Pak Sukirman. “Nggeh, Pak,” wangsulane Bu Sukirman.
“Bu aku ndhang gawekna wedang teh banjur tak adus supaya ora telat neng omah sakit. Aku arep nglunasi ragad operasine Deni,” tuture Pak Sukirman. “Nggih, Pak.” Wangsulane Bu Sukriman. Bu Sukriman banjur Cepet-cepet nggawekke wedang teh anget sing kenthel lan rasane sedhep.
Lagi mentas wae Pak Sukirman rampung adus. Ana pegawe omah sakitsing teko.
“Kula, nuwun. Menapa menika ndhalem ipun Deni Setiawan?” pitakone pegawe omah sakitkuwi. [ 105 ]“O mangga-mangga, Pak. Lenggah mriki.” Akone Pak Sukirman.
“Wonten kersa menapa njih, Pak?" Pitakone Bu Sukirman. “Badhe nyaosi kabar kawuntenanipun Deni Setiawan, Bu.” Wangsulane Pegawe omah sakit,
“Kadospundi kawontenanipun, Pak?” pitakone Bu sukirman karo mbrebes mili. “Menapa samenika sampun sae, Pak?” pitakone Pak Sukirman ngambali. “Mboten pak. Malah kawontenanipun sampun kritis. Bapak kalian ibu dipun aturi ngadep dhokter Wahidin samenika.” Wangsulane pegawe omah sakit,
“Pripun niki, Pak?” swarane Bu Sukirman nangis karo ngoyog- oyog tangane Pak Sukirman. “Prayoginipun Ibu lan Bapak, tindak mawon dhateng pangenanipun Dhokter Wahidin samenika. Cekap semanten mawon, kula pamit rumeyin,” wangsulane pegawe omah sakit. “Njih, Pak. Mangga-mangga.”
Pak Sukirman lan Bu sukirman banjur menyang omah sakit nemoni Dhokter Wahidin. Bu Sukirman wis pasrah, ora bisa ngapa-ngapa maneh kanggo slametake nyawane anake mung donga lan pasrah marang Gusti. Dheweke ndonga supaya anake ontang-anting iso diwenehi umur dhawa lan kasarasan, Tekan omah sakit, Pak Sukirman sakloron langsung memoni Dhokter Wahidin.
“Kulanuwun...”
“ Mangga-mangga, Pak mlebet.”Pak Sukirman lan Bu Sukirman mlebu lungguh. “Kados pundi, Pak, kawontenanipun anak kula,” pitakone Bu Sukirman. “Kawontenanipun putra Ibu lan Bapak samenika kritis. Kula sampun boten sagetnangani malih.”
“Menapa, Pak!” saute Pak Sukirman karo nggebrak meja.
“Kula nyuwun agunging samudra pangapunten, Pak. Sedaya ingkang pun lampahi menika pitulungan medis. Keadaannipun Deni Setiawan boten langkung sae nanging malah nguatosaken.” “Pak, menapa boten woten malih pitulungan sing saget nylametaken anak kula, Pak?” pitakone Pak Sukirman.
“Kula nyuwun tulung Pak. Slametaken anak kula.” Sambunge Bu sukirman karo ngelap uluhe sing pating dlewer. “Kula nyuwun ngapunten, Bu. Kula sampun mboten saget nangani malih, murukaken kahanan putra Ibu lan Bapak sampun koma.” [ 106 ]“Menapa, Pak, koma!”
“Injih, Pak.”
Bu Sukirman lan Pak Sukirman langsung nglokro kaya-kaya wis tanpa daya krungu wangsulane Dhokter Wahidin. Dheweke ora iso nrima kahanan sing dilakoni anake. Bayangan rasa getun lan gela terus munjer ning sirahe Pak sukirman lan Bu Sukirman.
Lelara kangker otak sing disandhang Deni wis nyerang tekan syaraf otak. Pak Sukirman lan bojone saiki anane mung pasrah marang Gusti. Ning lungguhan ngarep ruangane Deni, Pak Sukirman lan Bu Sukirman lunguh dheleg-dheleg.
“Oalah, Pak, Pak. Kari sedelok maneh Deni lulus dadi sarjana, kok malah kudu nandhang kaya ngene?” grenenge Bu Sukirman karo nangis nggugruk. “Ya...wis lah, Bu. Mbokmenawa Gusti wis ngersakake Deni nandhang sing kaya ngene. Sak isa-isane dhewe kudu nrima kahanan ini.” Wangsulane Pak Sukirman karo ngaras-aras rambute bojone kang nangis terus.
Ora let suwe, seko kadohan pak Sukirman kaya-kaya weruh pawongan kang wis ditepungi. Jebul pawongan mau Bu kang Ndhari sajake kemrungsung anggone mlaku. Basan wis permana tenan, Pak Sukirman ngaruh-aruhi.
“Bu....Bu Ndhari, wonten menapa, Bu. Kok, kados kemrungsung?” “Lho.... Pak Sukirman kok, teng mriki. Sinten sing gerah?” pitakone Bu Ndhari. “Kula nenggo anak kula. Menawi, Bu Ndhari niku wonten kawigatosan menapa kok teng mriki. Menapa wonten ingkang gerah?” pitakone Pak Sukirman karo mandeng Bu Ndhari sing katon ora jenak ditakoni.
“Menapa Pak Sukirman boten pikantuk kabar masalah Pak Rohmat.” Wangsulane Bu ndhari karo mejet-mejet Hp-ne.“Lho... Pak Rohmat kenging menapa ta, Bu?””Pak Rohmat, wau sonten kenging kacilakan. sabibaripun rapat wonten sekolahan. Tabrakan kaliyan mobil.” “Samenika, kahananipun Pak Rohma pripun, Bu?” “Pak Rohmat langkung sae, nanging taksih mboten sadhar. Sepeda montoripun ringsek.”
Pak Sukirman nuli pamitan karo Bu Sukirman arep niliki Pak Rohmat. Sanajan Pak Sukirman lagi nemahi kahanan anake lagi kritis lan dheweke diarani korupsi karo kanca-kanca guru, nanging Pak Sukirman ora nyimpenrasa mangkel. [ 107 ]Jam wis nuduhake angka 1, swara lamat-lamat jangkrik padha ngerik keprungu saka kamar-kamar omah sakit, Dumadakan Pak Romat sing durung sadar saka impene diundang karo wong lanang tuwa kang nganggo klambi putih.
“Rohmat...Rohmat, he....Nak Rohmat.” Pak Rohmat kaget. “Panjenengan sinten, Mbah. Kula namung nunut tilem teng riki.” Wangsulane Pak Rohmat keweden,
“Koweora usah wedhi, karoaku Rohmat. wediya marang Gusti.”
“Kula salah menapa, Mbah?”
“Kowe, kudu rumangsa menawa solah bawamu kuwi iso nyilakake awakmu dhewe, Rohmat.” “Kula sampun damel kesalahan menapa, Mbah?” “Aduh, biyung Rohmat, Rohmat. Aku ora ngerti sakpiro gedhene paukuman sing bakal mbok trima saka Gusti mengko.”
“Em...em...embah, kula nyuwun ngapunten. Wonten kesalahan menapa kula, Mbah” Wong tuwa mau gedhek-ghedek getun mangerteni sipate Pak Rohmatsing wis kebat kliwat.
“Rohmat, kowe wis dhuwe utang gedhe karo Sukirman. Kowe wis mitenah Sukirman. Dhuwit kang digawa Sukirman wis kok jupuk lan kok gunakake kanggo kesenenganmu. Sukirman kang becik bebudene mbok tibani awu panas. Kowe wis gawe dheweke kucem amarga mbok pitenah korupsi sanajan dheweke blas ora nate nglakokake pakaryan ala kaya ngono.
Sukirman kuwi tata kramane becik lan ora tau tumindhak ala kaya kowe, Rohmat.” Krungu ature wong tuwa mau, Rohmat langsung ndhungkluk nangis nguguk getun kepati-pati.
“Rohmat ngapa kowe nangis, ora ana gunane. Gusti kuwi maha adil, Tumindhak sing becik mesti dibales karo kebecikan nanging tumindhak sing ala mesti oleh balesan.”
“Kula nyuwun ngapunten, Mbah. Kula sampun tumindak ala dhumateng Sukirman sing boten gadah kesalahan napa-napa.”“Kowe, dhelengen kae Sukirman nunggu kowe ning ngarep lawang. Sukirman sakjane wis ngerti kowe sing njumuk duwit nanging sukirman trima meneng. Sukirman ora tau nduweni rasa ala marang kowe naging kowe kok tega, apa meneh Sukirman lagi ngadepi anakesing lagi lara abot. Anake saiki [ 108 ]lagi koma,” Ora krasa Pak Rohmat sadar langsung tangi gumegrah.
“Mbah..., Mbah...., Mbah....!”
“Pak....Pak Rohmatniki kula Pak Sukirman.”
Pak Rohmat sadar langsung ngambung tangane Pak Sukirman.
“Wonten menapa niki, Pak?” ujare Pak Sukirman kacipuhan. “Pak..., Pak Sukirman kula nyuwun ngapunten. Kula sampun tumindhak ala dhumateng panjenengan. Estunipun, ingkang mendhet arta sanes pak Sukirman naging kula. Kula nyuwun ngapunten, Pak. Saestu, saestu kula nyuwun pangapunten,” wangsulane Pak Rohmat karo nangis ngguguk sinambinyekel tangane Pak Sukirman kenceng banget.
“Sampun, Pak. Mboten menapa-menapa. Wiwit sepisanan kula mboten nate serik dhumateng panjenengan lan kula sampun maringi Pak Rohmat pangapunten.” Sambunge Pak sukirman karo ngelus-elus gegere Pak Rohmat,
Para guru sing padha nunggoni ana ing sakiwa tengene tempat tidure Pak Rohmat banjur ngerti karo tingkah lakune Pak Rohmat sing ala kuwi. Kabeh kadurakan kewiyak disekseni para guru kancane Pak Sukirman. Dhumadakan Bu Ndhari nyrondhol mlebu lan ngabari Pak Sukirman.
“Pak, Pak Sukirman Deni, Pak, Deni.”
“Wonten menapa Bu Deni ?” pitakone Pak Sukirman. “Deni sampun boten wonten Pak.” Wangsulane Bu Ndhari karo krenggosan. Pak Sukirman langsung mlayu tumuju kamare Deni karo nangis lan gela ora iso meruhi lelakuneanake.
Pak Sukirman lan Bu sukirman padha mlongo ora ngerti kudu kepriye. Wong loro kuwi padha kamitenggengen ora bisa nata ati ngadhepi kasunyatan kelangan anake lanang ontang-anting. Mung siji kang isa dirasakake Pak Sukirman lan bojone saiki. Pasrah marang kersaning Gusti.
Wendri Sukmarani, siswa SMA Taman Madya, Jalan Pakuningratan no.34 A, Yogyakarta.
Telepon (0274) 517522.
Lair7 Maret 1990. Alamatomah, Jetisharjo,
Je 555, Yogyakarta. Telepon 081802605515.
Hobi: nulis.