Kaca:Kidung Megatruh.pdf/104

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

GN

pensiun nanging Pak Sukirman iku dipecat saka SMP Tumiju.” Wangsulane Bu Ndhari tandhes.”Menapa Bu, dipecat!” swarane murid-murid bebarengan “Wonten masalah menapa ta, Bu?”

“Kowe ora perlu ngerteni nak, iki masalah lingkup para guru- guru.” “Pantes, kula nate mrangguli Pak Sukirman dados ojek pit wonten peken.” Tuture sartinah, murid kelas 3A. “Apa ojek pit ning pasar?” Bu Ndhari langsung kaget. “Injih, Bu. Kala wingi sonten Ibu tindak dhateng peken kaliyan kula. Kula nyemerepi Pak Sukirman, nangin kula badhe nyelaki kok mangu-mangu.”

Ora let suwi bel tanda mlebu muni. Murid-murid kudu mlebu ing kelase dhewe-dhewe. Sakbubare sekolah, ing kantor guru-guru nganakake rapat. Karo ngenteni Bapak kepala sekolah rawuh, Bu Ndhari lan Bu Endang nyiyapake materi kanggorapat.

“Bu, Pak Sukirman sakniki kerja dadi tukang ojek pit ing pasar, wingi Sartinah murid kelas 3A weruh. Melas ya, Bu!” critane Bu Ndhari. “Mbok melasa kaya ngapa nek tindak tanduke kaya ngana, ya tetep pada wae.” Wangsulane Bu Endang.

“Nanging, Bu. Menawa Pak Sukiraman nyigidake dhuwit bantuwan saka pamarentah kanggo siswa sing kurang mampu, kenapa Pak Sukirman ngojek pit neng pasar.” PitakoneBu Ndhari. “Ya... isa mawon, Bu. Artane kanggo kebutuha liya sing, ora ketara,” Wangsulane Bu Endang.

“Ora nyana Pak Sukirman kaya ngono. Kamangka Pak Sukirman priyayine becik, solah bawane lan pituture bisa kanggo tuladha bocah- bocah.” KandhaneBu Ndhari getun. “Kabeh uwong ora ketara. Njabane apik turnjerone kayangono.” Sambunge Bu Endang.

“Kula kok durung percaya menawa Pak Sukirman nyigidake duwit bantuwan, Bu.””Bu Ndhari....Bu Ndhari, perkarane wis cetha. Kenapa Pak Sukirman ora rawuh ing sekolah pas arep dianakake rapat masalah bantuwan sekolah. Pak Sukirman sing beta duwite, ta.” Tuture Bu Endang.


“Nanging Bu, Pak Sukirman ora rawuh rapatamarga ana alangan.” Sambunge Bu Ndhari. “Alangan menapa Bu. Nek wong wis salah kuwi mesti langsung mlayu saka kesalahane. Nganggo akeh alesan.” Tuture Bu Endang nyenyengit.