Kaca:Kidung Megatruh.pdf/105

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Kula sing melas, Bu. Pak Sukirman priyayine nrima. Mangkat sekolah nitih pit onthel tuwa saka Bantul menyang Yogya. Beda karo guru- guru liyane sing wis pada sampun nitih sepeda montor.” “Ya... wis lah, Bu. Ora usah dipikir. Wong kuwi beda nyatane beda atine.”

Bapak kepala sekolah rawuh langsung rapat diwiwiti. Jam wis nuduhake angka telu luweh limolas menit. Rapat masalah bantuwan lan keperluan UNAS wis rampung, Para guru padha ringkes-ringkes makalah sing kanggo rapat mau lan cepet-cepet bali. Pak Rohmat wis ana ing parkiran, nyenthelake tas lan buntelan kresek ing sepeda montere. Lagi wae pak Rohmat rampung nyenthelake, Pak Ruslan nabok gegere.

“We....!”Pak Rohmat kaget.

“Wah, montere anyar nggih, Pak. Mulane dielus-elus terus kaya ngelus-elus bojone.” Sindire Pak Ruslan. “Ah, mboten, Pak. Niki anak kula sing tumbas,” wangsulane Pak Rohmat karo isih ngelus-elus sepeda montore.

“Wah, malem minggon gek ndang kagem muter-muter kalian Bu Rohmat.” Sindire Pak Ruslan. Pak Rohmat mung guyu kaku. “Oalah, Pak, Pak. Wong padha-padha wis tuwa. Ajeng niru gayane wong enom. Ya...wis ora jaman meneh,” wangsulane Pak Rohmat karo geguyon.

“Nggeh, mboten menapa ta...., Pak. Kaliyan nglegakake penggalih,” tuture Pak Ruslan karo nyetater montore, Pak Rohmat mung mesem.

Ing pasar, sore kuwi, Pak sukirman katon isih gluprut awake ngangkati areng ana ing pasar. Kringete sing gembrobyos lan rasa ngelak ora dirasakake.

“Pak...pak... arenge sing teng ngarep sampun dipindhai riki kabeh ?” pitakone Bu Yayuk juragane areng. “Sampun, Bu. Sampun kula pindhah teng gudang,” wangsulane Pak Sukirman karo ngelap Kringete sing gembrobyos. “Niki, Pak. Kangge tuku rokok. ”Pak Sukirmkan nampani amplopan kuwi, banjur pamitan bali karo Bu Yayuk. Lagi wae pak Sukirman njupuk pit, keprungu swarane Pak Rudi ngundang.

“Pak....Pak sukirman!”Pak Sukirman enggal mlayu tumuju warunge Pak Rudi. “Injih, Pak. Wonten menapa?” pitakone pak Sukirman. “Niki, wonten oleh-oleh kagem Pak Sukirman saking Kudus. Kaliyan