Kaca:Kidung Megatruh.pdf/110

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

lagi koma,” Ora krasa Pak Rohmat sadar langsung tangi gumegrah.

“Mbah..., Mbah...., Mbah....!”

“Pak....Pak Rohmatniki kula Pak Sukirman.”

Pak Rohmat sadar langsung ngambung tangane Pak Sukirman.

“Wonten menapa niki, Pak?” ujare Pak Sukirman kacipuhan. “Pak..., Pak Sukirman kula nyuwun ngapunten. Kula sampun tumindhak ala dhumateng panjenengan. Estunipun, ingkang mendhet arta sanes pak Sukirman naging kula. Kula nyuwun ngapunten, Pak. Saestu, saestu kula nyuwun pangapunten,” wangsulane Pak Rohmat karo nangis ngguguk sinambinyekel tangane Pak Sukirman kenceng banget.

“Sampun, Pak. Mboten menapa-menapa. Wiwit sepisanan kula mboten nate serik dhumateng panjenengan lan kula sampun maringi Pak Rohmat pangapunten.” Sambunge Pak sukirman karo ngelus-elus gegere Pak Rohmat,

Para guru sing padha nunggoni ana ing sakiwa tengene tempat tidure Pak Rohmat banjur ngerti karo tingkah lakune Pak Rohmat sing ala kuwi. Kabeh kadurakan kewiyak disekseni para guru kancane Pak Sukirman. Dhumadakan Bu Ndhari nyrondhol mlebu lan ngabari Pak Sukirman.

“Pak, Pak Sukirman Deni, Pak, Deni.”

“Wonten menapa Bu Deni ?” pitakone Pak Sukirman. “Deni sampun boten wonten Pak.” Wangsulane Bu Ndhari karo krenggosan. Pak Sukirman langsung mlayu tumuju kamare Deni karo nangis lan gela ora iso meruhi lelakuneanake.

Pak Sukirman lan Bu sukirman padha mlongo ora ngerti kudu kepriye. Wong loro kuwi padha kamitenggengen ora bisa nata ati ngadhepi kasunyatan kelangan anake lanang ontang-anting. Mung siji kang isa dirasakake Pak Sukirman lan bojone saiki. Pasrah marang kersaning Gusti.

Wendri Sukmarani, siswa SMA Taman Madya, Jalan Pakuningratan no.34 A, Yogyakarta.

Telepon (0274) 517522.

Lair7 Maret 1990. Alamatomah, Jetisharjo,

Je 555, Yogyakarta. Telepon 081802605515.

Hobi: nulis.