Kaca:Kidung Megatruh.pdf/107

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“O mangga-mangga, Pak. Lenggah mriki.” Akone Pak Sukirman.

“Wonten kersa menapa njih, Pak?" Pitakone Bu Sukirman. “Badhe nyaosi kabar kawuntenanipun Deni Setiawan, Bu.” Wangsulane Pegawe omah sakit,

“Kadospundi kawontenanipun, Pak?” pitakone Bu sukirman karo mbrebes mili. “Menapa samenika sampun sae, Pak?” pitakone Pak Sukirman ngambali. “Mboten pak. Malah kawontenanipun sampun kritis. Bapak kalian ibu dipun aturi ngadep dhokter Wahidin samenika.” Wangsulane pegawe omah sakit,

“Pripun niki, Pak?” swarane Bu Sukirman nangis karo ngoyog- oyog tangane Pak Sukirman. “Prayoginipun Ibu lan Bapak, tindak mawon dhateng pangenanipun Dhokter Wahidin samenika. Cekap semanten mawon, kula pamit rumeyin,” wangsulane pegawe omah sakit. “Njih, Pak. Mangga-mangga.”

Pak Sukirman lan Bu sukirman banjur menyang omah sakit nemoni Dhokter Wahidin. Bu Sukirman wis pasrah, ora bisa ngapa-ngapa maneh kanggo slametake nyawane anake mung donga lan pasrah marang Gusti. Dheweke ndonga supaya anake ontang-anting iso diwenehi umur dhawa lan kasarasan, Tekan omah sakit, Pak Sukirman sakloron langsung memoni Dhokter Wahidin.

“Kulanuwun...”

“ Mangga-mangga, Pak mlebet.”Pak Sukirman lan Bu Sukirman mlebu lungguh. “Kados pundi, Pak, kawontenanipun anak kula,” pitakone Bu Sukirman. “Kawontenanipun putra Ibu lan Bapak samenika kritis. Kula sampun boten sagetnangani malih.”

“Menapa, Pak!” saute Pak Sukirman karo nggebrak meja.

“Kula nyuwun agunging samudra pangapunten, Pak. Sedaya ingkang pun lampahi menika pitulungan medis. Keadaannipun Deni Setiawan boten langkung sae nanging malah nguatosaken.” “Pak, menapa boten woten malih pitulungan sing saget nylametaken anak kula, Pak?” pitakone Pak Sukirman.

“Kula nyuwun tulung Pak. Slametaken anak kula.” Sambunge Bu sukirman karo ngelap uluhe sing pating dlewer. “Kula nyuwun ngapunten, Bu. Kula sampun mboten saget nangani malih, murukaken kahanan putra Ibu lan Bapak sampun koma.”