Kaca:Kidung Megatruh.pdf/102

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

KORUPSI

Wendri Sukmarani

“Kring....kring.....kring.....!” Bel tanda mlebu sekolah wis muni. Murid-murid padha mlayu gemrudug mlebu kelase dewe-dewe. Guru- guru wis padha siapana ing kelase dhewe-dhewe.

Dina Setu iki kelas3A ora kaya biyasane. Pelajaran Sastra Jawa esuk kuwi diwulang karo Pak Rohmat, Kepala Sekolah SMP Tumiju, amarga guru Pak Sukirman guru Basa Jawa kang biyasane mulang wis ora meneh mulang maneh ing sekolah kono. Murid-murid wis meneng, anteng ora ana kang wani obah amarga diwulang dening Pak Rohmat.

“Bocah-bocah wiwit dina iki, Sastra Jawa wis ora diwulang karo Pak Sukirman maneh, amarga Pak Sukirman wis pensiun.” Ngendikane Pak Rohmat.Krungu katerangan mau, murid-murid pada gela.

“Bocah-bocah pelajaran sing diwulang Pak Sukirman wingi tekan ngendi?” pitakone Pak Rohmat.“Tembang macapat, Pak.” wangsulane bareng-bareng. “Bocah-bocah tembang macapat kuwi ana pira jinise?” Murid-murid langsung anteng lan meneng klakep ora ana kang mangsuli.

“Rini, tembang macapat kuwi ana pira jinise?”

“E....e...e...m, wonten sedasa, Pak,” Wangsulane Rini rada glagepen. “Lho, kok ilang siji. Sing siji ngglundung ing ngendi ?” Murid- murid banjur ngguyu ger-geran. “Dadi jenise tembang macapat ana pira?” Pak Rohmat ngambali maneh.

“Wonten sewelas, Pak.” Wangsulane murid-murid sora lan bareng. “Saiki menawa wis padha ngerti cacahe sewelas, banjur tembang macapat iku apa wae?” “Asmaradana, Dhandanggula, Durma, Gambuh, Kinanthi, Maskumambang, Megatruh, Mijil, Pangkur, Pocong lan sinom, Pak,” Wangsulane Murid-murid.

“Bener banget. Sapa sing durung dong babagan tembang macapat?” pitakone Pak Rohmat. Murid-murid ora ana sing wani ngacung.

“Yo wis, nek wis pada jelas. Saiki Bapak arep nerangake babagan guru lagu lan guru wilangan. Guru wilangan yaiku akehing kecap utawa