Kaca:Kidung Megatruh.pdf/108

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Menapa, Pak, koma!”

“Injih, Pak.”

Bu Sukirman lan Pak Sukirman langsung nglokro kaya-kaya wis tanpa daya krungu wangsulane Dhokter Wahidin. Dheweke ora iso nrima kahanan sing dilakoni anake. Bayangan rasa getun lan gela terus munjer ning sirahe Pak sukirman lan Bu Sukirman.

Lelara kangker otak sing disandhang Deni wis nyerang tekan syaraf otak. Pak Sukirman lan bojone saiki anane mung pasrah marang Gusti. Ning lungguhan ngarep ruangane Deni, Pak Sukirman lan Bu Sukirman lunguh dheleg-dheleg.

“Oalah, Pak, Pak. Kari sedelok maneh Deni lulus dadi sarjana, kok malah kudu nandhang kaya ngene?” grenenge Bu Sukirman karo nangis nggugruk. “Ya...wis lah, Bu. Mbokmenawa Gusti wis ngersakake Deni nandhang sing kaya ngene. Sak isa-isane dhewe kudu nrima kahanan ini.” Wangsulane Pak Sukirman karo ngaras-aras rambute bojone kang nangis terus.

Ora let suwe, seko kadohan pak Sukirman kaya-kaya weruh pawongan kang wis ditepungi. Jebul pawongan mau Bu kang Ndhari sajake kemrungsung anggone mlaku. Basan wis permana tenan, Pak Sukirman ngaruh-aruhi.

“Bu....Bu Ndhari, wonten menapa, Bu. Kok, kados kemrungsung?” “Lho.... Pak Sukirman kok, teng mriki. Sinten sing gerah?” pitakone Bu Ndhari. “Kula nenggo anak kula. Menawi, Bu Ndhari niku wonten kawigatosan menapa kok teng mriki. Menapa wonten ingkang gerah?” pitakone Pak Sukirman karo mandeng Bu Ndhari sing katon ora jenak ditakoni.

“Menapa Pak Sukirman boten pikantuk kabar masalah Pak Rohmat.” Wangsulane Bu ndhari karo mejet-mejet Hp-ne.“Lho... Pak Rohmat kenging menapa ta, Bu?””Pak Rohmat, wau sonten kenging kacilakan. sabibaripun rapat wonten sekolahan. Tabrakan kaliyan mobil.” “Samenika, kahananipun Pak Rohma pripun, Bu?” “Pak Rohmat langkung sae, nanging taksih mboten sadhar. Sepeda montoripun ringsek.”

Pak Sukirman nuli pamitan karo Bu Sukirman arep niliki Pak Rohmat. Sanajan Pak Sukirman lagi nemahi kahanan anake lagi kritis lan dheweke diarani korupsi karo kanca-kanca guru, nanging Pak Sukirman ora nyimpenrasa mangkel.