Kaca:Kidung Megatruh.pdf/106

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

LAN gi

wonten titipan saking Pak Hendra kagem mbiyantu mbayar ragad omah sakitipun Deni,” Wangsulane Pak Rudi karo ngulungi buntelan kresek lan amplop.

“Matur nuwun sanget, Pak. Malah kula mboten saged maringi Bapak napa-napa,” Tuture pak sukirman karo nampani buntelan kresek lan amplop kuwi.“Oalah, Pak. Namung oleh-oleh biyasa mawon.” Sambunge Pak Rudi. “Matur nuwun sanget nggih, Pak. Pun aturaken Pak Hendra matur nuwun. Kula namung saged ngrusuhi mawon,” tuture Pak Sukirman.

“Mboten, Pak,” wangsulane Pak Rudi.

“Kula wangsul rumiyin nggih, Pak,” pamite pak Sukirman. “Mangga..mangga, Pak,” wangsulane Pak Rudi. Sawise tekan ngomah, Pak Sukirman nyetandarke pit, banjur mlebu ngomah.

“Bu, Bu!”

“Anaapata, Pak?” pitakone Bu Sukirman.

“Iki lho, Bu. Aku mau ning pasar diparingi oleh-oleh saka Kudus karo Pak Rudi.” Wangsulane Pak Sukirman.”Wah, enak iki, Pak.” “Alhamdullilah, Bu. Rejekine awake dhewe saiki lagi gangsar. Soale bapak mau ngangkati areng, banjur karo Bu Yayuk diparingi arta,” tuture Pak Sukirman.

“Pak, mau Bu Sarmi tindak mrene nagih kurangane Ibu teng warung wulan wingi.” Wadule Bu Sukirman karo ndungkluk. “Pira ta, Bu, kekurangane?” pitakone Pak Sukirman. “Namung, tigang dasa ewu, Pak,” Wangsulane Bu Sukirman. “Ya... kana Bu ndhang dibayar. Ndak selak dadi grojogan,” tuture Pak Sukirman. “Nggeh, Pak,” wangsulane Bu Sukirman.

“Bu aku ndhang gawekna wedang teh banjur tak adus supaya ora telat neng omah sakit. Aku arep nglunasi ragad operasine Deni,” tuture Pak Sukirman. “Nggih, Pak.” Wangsulane Bu Sukriman. Bu Sukriman banjur Cepet-cepet nggawekke wedang teh anget sing kenthel lan rasane sedhep.

Lagi mentas wae Pak Sukirman rampung adus. Ana pegawe omah sakitsing teko.

“Kula, nuwun. Menapa menika ndhalem ipun Deni Setiawan?” pitakone pegawe omah sakitkuwi.