Kaca:Kidung Megatruh.pdf/109

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Jam wis nuduhake angka 1, swara lamat-lamat jangkrik padha ngerik keprungu saka kamar-kamar omah sakit, Dumadakan Pak Romat sing durung sadar saka impene diundang karo wong lanang tuwa kang nganggo klambi putih.

“Rohmat...Rohmat, he....Nak Rohmat.” Pak Rohmat kaget. “Panjenengan sinten, Mbah. Kula namung nunut tilem teng riki.” Wangsulane Pak Rohmat keweden,

“Koweora usah wedhi, karoaku Rohmat. wediya marang Gusti.”

“Kula salah menapa, Mbah?”

“Kowe, kudu rumangsa menawa solah bawamu kuwi iso nyilakake awakmu dhewe, Rohmat.” “Kula sampun damel kesalahan menapa, Mbah?” “Aduh, biyung Rohmat, Rohmat. Aku ora ngerti sakpiro gedhene paukuman sing bakal mbok trima saka Gusti mengko.”

“Em...em...embah, kula nyuwun ngapunten. Wonten kesalahan menapa kula, Mbah” Wong tuwa mau gedhek-ghedek getun mangerteni sipate Pak Rohmatsing wis kebat kliwat.

“Rohmat, kowe wis dhuwe utang gedhe karo Sukirman. Kowe wis mitenah Sukirman. Dhuwit kang digawa Sukirman wis kok jupuk lan kok gunakake kanggo kesenenganmu. Sukirman kang becik bebudene mbok tibani awu panas. Kowe wis gawe dheweke kucem amarga mbok pitenah korupsi sanajan dheweke blas ora nate nglakokake pakaryan ala kaya ngono.

Sukirman kuwi tata kramane becik lan ora tau tumindhak ala kaya kowe, Rohmat.” Krungu ature wong tuwa mau, Rohmat langsung ndhungkluk nangis nguguk getun kepati-pati.

“Rohmat ngapa kowe nangis, ora ana gunane. Gusti kuwi maha adil, Tumindhak sing becik mesti dibales karo kebecikan nanging tumindhak sing ala mesti oleh balesan.”

“Kula nyuwun ngapunten, Mbah. Kula sampun tumindak ala dhumateng Sukirman sing boten gadah kesalahan napa-napa.”“Kowe, dhelengen kae Sukirman nunggu kowe ning ngarep lawang. Sukirman sakjane wis ngerti kowe sing njumuk duwit nanging sukirman trima meneng. Sukirman ora tau nduweni rasa ala marang kowe naging kowe kok tega, apa meneh Sukirman lagi ngadepi anakesing lagi lara abot. Anake saiki