Ragad

Saka Wikisumber
Kidung Megatruh

[ 93 ]RAGAD Paulus Paksi Inggil Lumaksita

Ora suwe meneh ujian nasional kanggo murid-murid SMP bakal kaleksanan. Kabeh wong tuwa wiwit repot nyiapake anake dhewe-dhewe supaya bisa entuk NEM sing apik. Malah ana wong tuwa sing ndhaftarke anake melu les neng pirang-pirang panggonan. Durung maneh akeh gladhi kanggo ujian kang dianakake SMA ngendi wae uga dimeloni para siswa merga dikon wong tuwane. Nganti bocah-bocah ora duwe wektu kanggo santai. Kepiye bocah kuwi bisa santai Iha yen wektu sakjabane sekolah entek dienggonglakoni kekarepane wong tuwane.

Ing jaman saiki kanggone wong tuwa menawa bisa nyekolahke putrane ing sekolah favorit ana rasa mongkog lan bisa umuk marang tangga teparo lan kanca-kancane. Dina Minggu sadurunge ujian, ibuku kerawuhan tamu Bu Bejo, Bu RT. Nalika kuwi, ibu lagi reresik ing mburi.

“Tulung ungakna tamune, Lang”, ngendikane ibu. Tanpa ngomong apa-apa aku langsung nuju lawang. “Nuwun sewu, Mas Gilang. Napa ibu onten dalem?” takone Bu Bejo. “O,wonten, mangga pinarak, Bu.”

“Kok njanur gunung panjenengan tindak rene, apa ana bab kang wigati?” mengkono pitakone ibu. “Aku arep nyuwun pirsa sisan ngangsu kawruh bab UAN taun kepungkur”, Bu Bejo takon sajak bingung. Lha mangga wae menawa aku bisa biyantu”, wangsule ibu. Anggone ngendika ibu karo Bu Bejo nganti setengah jam, nanging undering perkara isih durung kebukak. Ibuku banjur takon

“Sejatine piye ta, Bu, bijine keng putra?”

“Wiwit kelas siji nganti kelas telu bijine apik terus lho Bu. Malah klebu rengking sepuluh besar kelas terus.” Mireng mengkono ibuku banjur nanduki.

“Yen mengkono sejatine rasa sumelang ngenani ujian ora perlu awit putra njenengan rak klebu bocah pinter. Ora-ora ya paling mlebu sekolah kutha.” “ Bu Bejo uga nyuwun donga pangestu ibu supaya putrane bisa lulus kanthi biji sing apik. Ibu ngendika menawa ora cukup mung donga nanging perlu uga nyiapake ati kanggo putrane lan wong tuwane. Apa meneh ibuku mireng pawarta saka kancane sing nyambut gawe ana ing [ 94 ]Dhinas Pendhidhikan menawa standar NEM taun iki mundhak. Dadi kabeh murid kudu luwih waspada.

Merga rumangsa anakke saiki sinau ana ing sekolah kang cukup kondhang ing kutha lan prestasine sing apik, Bu Bejo ora sreg karo pamanggihe ibuku. Yen miturut ibuku menawa standar biji mundhak mesthine soal-soal ujian digawe luwih gampang kareben akeh murid sing lulus lan entuk biji apik.

“Saumpama kuwi kedadeyan, awake dhewe mesthi luwih bisa wicaksana lan ngatur kepriye carane supaya ora salah milih sekolah.” Ibu nuli nyritakake pengalamane setaun kepungkur. Wektu kuwi aku bubar ngadhepi ujiannasional SMP. Ibu nimbali aku.

“Gilang, ibu lagi wae nampa kabar saka kancane menawa asiling ujian nasional taun iki bakal apik-apik, merga soale pancen digawe gampang. Mula kowe saiki nyoba milih sekolah sing ora klebu favorit. Piye?”

Krungu mengkono aku rasane lemes banget, nglokro. Apa impenku mlebu sekolah favorit sing dakidhamake wiwit ngancik kelas loro wingi bakal ora kaleksanan. Atiku kaya-kayane ora siap yen mangkono kasunyatane. Ibu banjur nerusake anggonengendika.

“Ibu ora menging kowe duwe pengarep-arep mlebu sekolah favorit. Ning iki kabeh kanggo jaga-jaga yen bocah sing duwe biji padha kowe akeh, mangka bijimu ora patia apik. Coba saiki kokpikir dhisik. Ibu maringi kowe wektu telung dina.” Nanging kanggoku pitakone ibuku mau Ttasanekaya bledheg.

Karo ngenteni wektu telung dina ibu uga isih maringi pitutur marang aku. Menawa sing dingendikakake wingi jumbuh karo tujuwane ibu nyiapkeaku saumpama NEM wis diumumke,

“Heeh...ketoke kuwi dalan sing paling prayoga”, batinku. Lagi rong dina aku manteb mangsuli pitakone ibu, Aku matur, “Nggih sampun Bu menawi kawontenan mekaten dalem siap mlebet sekolahan ingkang mboten favorit.” “Wah aku rumangsa lega menawa kowe wis bisa nyiapake atimu saumpama bijimu ora bisa maksimal,” ngendika ibu karo puk-puk pundhakku.

Pasuryan ibu katon sumringah. Janjane ibu menggalihkake aku [ 95 ]tekan semono kuwi merga aku pas ujian dina kepindho aku kleru anggonesinau. Dadi ora pas karo jadwale, padha wae aku ora sinau babar blas. Krungu mengkono atiku dadi trenyuh banget, merga rumangsaku ibu nggatekake anggonku sekolah.Karo ngenteni pengumuman kelulusan lan metune biji, aku sing wis siap ati marang apa kang bakal kedadeyan, dijak ibuku pasrah lan donga.

Ora krasa ngancik wektu pengumuman kelulusan lan biji ujian. “Piye Ngger, rak ya wis siap ta? Aja lali karo pituture ibu, Ya,” ibu takon sajakedurung precaya. “Njih Bu, kula taksih enget.”

Nanging ujug-ujug pangrasaku owah. Ora manteb. Mlebu regol sekolahan rasane ora kuwat. Aku sangsaya wedi ndeleng wali kelas ngasta tumpukan amplop lan kertas asiling ujian. Dakcoba ngenengake batinku manging tetep wae ora kasil. Aku krasa yen wus ngapusi ibu. Getun rasane. Ibu banjur mlebu kelas ngenteni nampa surat saka wali kelasku lan mirengke pengarahane.

Dene aku ngenteni sinambi dheg-dhegan amarga bocah-bocah ora entuk mlebu njero kelas. Aku ora wani ndeleng ibuku. Pikiranku ora keruwan. Kringetadhem gembrobyos ing awak. Wetengku mules.

Sawise wali kelasku rampung maringi pengarahan, banjur kabeh wong tuwa metu saka kelas. Langsung ibu maringke aku amplop sing ditampa mau. Ibu ngendika, “Gilang, bijimu apik, kowe bisa mlebu sekolah favorit kang kokimpekake.” Krungu mengkono aku atiku mak plong, rumangsa lega tenan. Kaya-kaya donya kebak kabungahan kang ora winates. Ning ya aku isih durung bisa precaya yen aku entuk biji apik.

“Aku kelakon bisa mlebu sekolah favorit sing dakidhamake wiwit kelas loro wingi”, batinku. “Maturnuwun Gusti. Menika wau klebet setunggaling berkah ageng sanget ingkang Panjenengan paringaken dhumateng kula.” ora ana entekke olehku ngaturake panuwun ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha Sae. Aku lagi ngrasakke wektu kuwi, menapa sing nate dingendikakake ibu kabeh bener.

“Nek bijimu apik, kowe kari ndhaftar ana sekolah favorit. Ning nek ora kowe uga wis siap mlebu sekolah sing ora fawori!”. nyata menawa ibu wis

menggalihake sing paling apik kanggo anakke.

Mireng critane ibuku mau, sajake Bu Bejo durung kebukak atine. [ 96 ][an

Piyambake isih rumangsa menawa putrane mesthi bisa lulus lan entuk biji apik. Mula wektu ibuku ngajak Bu Bejo kanggo nyiapake batin kaya sing wis dilakoni aku lan ibuku, Bu Bejo enggal nampik. Piyambake ora sarujuk karo ibuku. Malah Bu Bejo mangsuli ibuku

“Yen aku, prekara kaya ngono ora wigati. Sesuk wae, Bu, ngenteni bijine metu, lagi aku bisa mikirapa kang kudu daktindakake.” “Ya yen kuwi dakwangsulake njenengan, “ngendikane ibu karo mendhem rasa jengkel.

“Lha yen ngenani ragad pripun, Bu?” takone Bu Bejo,

“Nek kuwi gumantung sekolahe, nanging menawa pengin nglebokake ing sekolah apik mesthi ya butuh akeh. Sing penting awake dhewe kudu bisa ngecakake karo kahanan ekonomi kita. Aja nganti ngaya, ibu ngandharake sareh,

“Yen ngono ateges aku rasah kuwatir, Dhuwit warisan saka wong tuwaku rak ora kurang.” “Ya sokur,” ibu lirih mangsuli. “Sejatine panjenengan rencana nyekolahke keng putra ten pundi?” pitakone ibu sajak kepingin ngerti. "Gandheng anakku ya mung ontang-anting dheweke arep daklebokke neng sekolah kang nyata apik. Ana sekolah internasional ing kutha. “Ibu rada kagetmireng rncanane Bu Bejo.

“Ningrak niku awis sanget ta, Bu?” “Halah nggih mboten napa-napa, Bot-botenggo anak, Bu.”

Let sedhela Bu Bejo pamit uga isih nyuwun donga saka ibu.Kedadeyan tenan ngendikane ibu. Dina kapisan ujian tekan pungkasan soal-soale gampang kanggone para siswa SMP, Saking gampange nganti bocah-bocah padha enggal metu sakdurunge wektu ujian rampung.

Ing dina pungkasan ujian aku ketemu Rini, putrane Bu Bejo. SMP- neRini pancen jejer karo sekolahanku. Dina ujian sadurunge aku ora ketemu Rini awit ana kegiyatan ing sekolahku tekan sore. Ndilalahe dina kuwi ana rapatguru dadi olehku mulih gasik, Aku lan dhewekelagi nunggu bis.

“Halo, Rin! Piye ujiane? Gampang ora?” pitakonku.

“Wah, gampang, Mas! Ngapa aku ndadak gladhi nggarap soal angel-angel ya yen soal ujiane mung gampang..he..he..”dheweke ngajak guyon, “mesthi aku isa nerusakeneng sekolahan sing apik.”

“Ya yen ngono aku melu seneng. Nyenyuwuna marang Gusti, [ 97 ]mesthi angen-angenmu dadi kasunyatan. Merga kabeh bisa wae kedadeyan. Kaya pengalamanku setaun wingi.”

“Pengalaman piye, Mas?”

“Lho, apa wingi kowe ora dikandhani Ibumu?”

“Oraki, Mas. Ibuku ora crita apa-apa bab kuwi.”

Bis sing daktunggu teka. Aku nuli ngandharake pengalamanku kaya sing dicritakake dening ibu wektu nampa tamu, Bu Bejo. Tekan omah meh jam rolas. Aku matur Ibu ngenani Rini. Ibu katon bungah mireng critaku. “Sukur, Ibu melu lega. Dongane Ibu disembadani Gusti.”

Bengine aku didhawuhi Ibu nyaosake dhuwit arisan menyang daleme Pak Bejo amarga bapakku wis telat mbayar. Bapak nembe ngayahi tugas kantor neng njaba kutha dadi ora kondur kira-kira sewulan. Aku gage menyang daleme Pak Bejo. Nalika arep mbukak pager daleme Pak Bejo, aku krungu swara rame saka njero omah,

“Buneki piye ta, wis dakelingke ping pira wae ya tetep ora manut! Dhuwit warisan saka bapakmu aja kokentekke nggo tuku rajabrana lan piranti paessing ora perlu!” Keprungu swarane Pak Bejo sora.

“Ya ora apa-apa ta, Pakne! Dhuwit iki ya dhuwit-dhuwite bapakku dhewe. Ya sakkarepku ta arep dakapakke. Lha ngapa Bapak malah nggunakke dhuwit kuwi kanggo mbangun RT wae?” Bu Bejo mbales sajak ora trima. “Lho rak ya kuwi pesene bapakmu dhewe ta supaya dhuwit warisan dienggo mbangun RT-ne dhewe lan ngewangi warga kene. Kaya Bune ki ora ngerti wae yen brayate dhewe ya mung wong tani lan bakul. Bapakmu rak ya mbiyen RT neng keneta,” Pak Bejo menehi alesan.

“Yen kuwi padha wae Pakne ora nggatekke kabutuhaning urip awake dhewe, Saiki rak apa-ape “Banjur keprungu ana wong kang mdodhog lawang.


“Kulanuwun...”

“Njih. Mangga.”

“Nuwun sewu, Pak RT, bapak-bapak sampun sami rawuh dhateng bale. Arisanipun badhe diwiwiti, ature wakile Pak Bejo. “O, njih kula badhe ngrika,” Pak Bejo ngendika karo isin. Basan keprungu ana wong kang mara tamu, aku age-age nyusul lan nyaoske dhuwit arisan bapak dhateng Pak Bejo. [ 98 ]“Wis ya Bune le padu. Isin karo tangga. Sesuk diomongke apik- apik wae, ngendikane Pak Bejo sisan pamit. Banjur aku mulih. Ibu dakcritani prastawa mau.

“Bu RT kae wonge geleme mung seneng-seneng thok. Wis ora dadi wadi yen dheweke gawene tuku barang sing larang-larang tur ora perlu. Wong kuwi ora hemat. Yen arisan ibu-ibu dheweke mesthi ngumukke barang darbeke sing anyar lan regane nyesekke dhadha, “critane Ibu, “kuwi mbok menawa gawan saka cilik merga Bu Bejo anak ragil. Bapake Bu Bejo klebu wong sugih. Dene sedulure kabeh dadi wong sukses.”

“Beda banget karo Pak Bejo. Priyayine ora boros, Coba delengna pit motore ora rega larang ta. Senadyan ta dheweke nesu-nesu mengkono, pribadine ngalahan. Yen watese sabar wis kliwat bakal kedadeyan kaya sing kokrungokne mau,” ibu nerusake critane, sipat kuwi ya nurun ing Rini. Dheweke manutan lan kerep ngalah,”

Kira-kira sesasi sawise ujian nasional biji diumumake. Bu Bejo karo mesam mesem tindak menyang sekolah diboncengke Pak Bejo. Rini uga melu. Sorene, udakara jam papatan, aku lagi maca koran neng teras omah. Jarene biji ujian siswa SMP dhuwur-dhuwur malah akeh sing sampurna. Apa meneh sing bijine dhuwur kuwi langsung ndhaftarana sekolah apik ing kutha, utamane sekolah internasional,

“Pira ya bijine Rini?”aku isih penasaran, Saka njero omah ibu nimbali aku sajak pengin crita kang wigati.”Njih, Bu, wonten menapa?” takonku.

“Heeh, Lang, ibu lagi waenampa telpon saka Bapake Rini..” “Lajeng pripun, Bu?”

“Rini, bijineapik nanging akeh tunggalesing padha dheke.” “Lhalajeng dos pundi?”

Ibu terus crita menawa Bu Bejo lara sesege kumat merga ngerti bijine Rini mung pas-pasan. Pak Bejo karo Rini kepeksa nunggoni Bu Bejo neng omah sakit. Nanging jarene dhokter ing kono Bu Bejo wis oleh bali sorene. Ibu terus ngendika yen ora bisa niliki Bu Bejo. Ibu lan aku kudu bali menyang Sragen amarga eyangku seda awan mau,

Rong dina olehku menyang Sragen. Aku tekan omah wektu subuh ing dina Minggu. Esuke bubar sarapan aku karo ibu arep tilik Bu Bejo. [ 99 ]Nanging Ibu malah dirawuhi Bu Bejo. Bu Bejo wis mari. Ibu nyuwun ngapura karo Bu Bejoawitora bisa tilik nalika gerah.

Bu Bejo banjur crita menawa dheweke banget anggone bingung ngadhepi kahanan sekolahe Rini. Wis kabeh didol. Dhuwit warisan, pit motor, lan rajabrana, nanging tetepora bisa nyukupi.

“Sejatine maksudku sowan mrene kepengin ngampil arta panjenengan. Njenengan rak ngertos menawa ora ana barang-barangku sing bisa dakandalake ing RT iki kejaba keluwarga panjenengan. Akeh wargane dhewesing mung tetanen, dadi bakul bakso, lan dodolan iwak. Wong tanine rugi merga isih paceklik, Dene saiki pawarta babagan formalin ing bakso lan iwak wis marakke bakul padha rugi. Aku nyuwun tulung tenan,” pratelane Bu Bejo sajak ora duwe daya maneh.


“Dudu maksudku ora gelem ngewangi brayatmu. Nanging njenengan nika aneh kok. Aku rak wis weling wingi-wingi menawa awake dhewe kudu ngecakake ragad saemper karo kebutuhane dhewe. Paribasane kegedhen empyak kurang cagak. Aku ora saguh mbiyantu.” Ibu emoh- emoh tenan senadyan Bu Bejo ngrayu kepiye carane. Bu Bejo nuli kondur karo nesu-nesu. “Aku wis ora butuh kawelasane wong kene. Elingana kuwi!”

Let pirang dina ing wayah sore ana rame-rame neng njaba. Kasunyatan wong-wong padha heboh ngomongke Bu Bejo. Jarene tangga ngarep omah, Bu Bejo sakeluwarga pindhah omah rong dina kepungkur. Sejatine Bu Bejo wis adol kabeh darbeke nanging ora nyukupi. Warisan arupa dhuwit sing gawene diumuk-umukke kasunyatan mung sethithik. Dhuwit sing dienggo tuku rajabrana lan piranti paes mung entuke ngutang saka bank Merga ora kuwat nyaur banjur omahe didol Saiki mesthi dheweke wis dadi mlarat.

Paulus Paksi Inggil Lumaksita, siswa SMA3,

Jalan: YosSudarso 7, Yogyakarta.

Telepon (0274) 512856.

Lair 2 aret 1991. Alamat omah, Jalan Kakap 2/3 Minomartani, Ngaglik, Sleman, Yogyakarta. Telepon (0274) 886388.

Hobi: maca.