Kaca:Kidung Megatruh.pdf/96

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Dhinas Pendhidhikan menawa standar NEM taun iki mundhak. Dadi kabeh murid kudu luwih waspada.

Merga rumangsa anakke saiki sinau ana ing sekolah kang cukup kondhang ing kutha lan prestasine sing apik, Bu Bejo ora sreg karo pamanggihe ibuku. Yen miturut ibuku menawa standar biji mundhak mesthine soal-soal ujian digawe luwih gampang kareben akeh murid sing lulus lan entuk biji apik.

“Saumpama kuwi kedadeyan, awake dhewe mesthi luwih bisa wicaksana lan ngatur kepriye carane supaya ora salah milih sekolah.” Ibu nuli nyritakake pengalamane setaun kepungkur. Wektu kuwi aku bubar ngadhepi ujiannasional SMP. Ibu nimbali aku.

“Gilang, ibu lagi wae nampa kabar saka kancane menawa asiling ujian nasional taun iki bakal apik-apik, merga soale pancen digawe gampang. Mula kowe saiki nyoba milih sekolah sing ora klebu favorit. Piye?”

Krungu mengkono aku rasane lemes banget, nglokro. Apa impenku mlebu sekolah favorit sing dakidhamake wiwit ngancik kelas loro wingi bakal ora kaleksanan. Atiku kaya-kayane ora siap yen mangkono kasunyatane. Ibu banjur nerusake anggonengendika.

“Ibu ora menging kowe duwe pengarep-arep mlebu sekolah favorit. Ning iki kabeh kanggo jaga-jaga yen bocah sing duwe biji padha kowe akeh, mangka bijimu ora patia apik. Coba saiki kokpikir dhisik. Ibu maringi kowe wektu telung dina.” Nanging kanggoku pitakone ibuku mau Ttasanekaya bledheg.

Karo ngenteni wektu telung dina ibu uga isih maringi pitutur marang aku. Menawa sing dingendikakake wingi jumbuh karo tujuwane ibu nyiapkeaku saumpama NEM wis diumumke,

“Heeh...ketoke kuwi dalan sing paling prayoga”, batinku. Lagi rong dina aku manteb mangsuli pitakone ibu, Aku matur, “Nggih sampun Bu menawi kawontenan mekaten dalem siap mlebet sekolahan ingkang mboten favorit.” “Wah aku rumangsa lega menawa kowe wis bisa nyiapake atimu saumpama bijimu ora bisa maksimal,” ngendika ibu karo puk-puk pundhakku.

Pasuryan ibu katon sumringah. Janjane ibu menggalihkake aku