Kaca:Kidung Megatruh.pdf/99

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

mesthi angen-angenmu dadi kasunyatan. Merga kabeh bisa wae kedadeyan. Kaya pengalamanku setaun wingi.”

“Pengalaman piye, Mas?”

“Lho, apa wingi kowe ora dikandhani Ibumu?”

“Oraki, Mas. Ibuku ora crita apa-apa bab kuwi.”

Bis sing daktunggu teka. Aku nuli ngandharake pengalamanku kaya sing dicritakake dening ibu wektu nampa tamu, Bu Bejo. Tekan omah meh jam rolas. Aku matur Ibu ngenani Rini. Ibu katon bungah mireng critaku. “Sukur, Ibu melu lega. Dongane Ibu disembadani Gusti.”

Bengine aku didhawuhi Ibu nyaosake dhuwit arisan menyang daleme Pak Bejo amarga bapakku wis telat mbayar. Bapak nembe ngayahi tugas kantor neng njaba kutha dadi ora kondur kira-kira sewulan. Aku gage menyang daleme Pak Bejo. Nalika arep mbukak pager daleme Pak Bejo, aku krungu swara rame saka njero omah,

“Buneki piye ta, wis dakelingke ping pira wae ya tetep ora manut! Dhuwit warisan saka bapakmu aja kokentekke nggo tuku rajabrana lan piranti paessing ora perlu!” Keprungu swarane Pak Bejo sora.

“Ya ora apa-apa ta, Pakne! Dhuwit iki ya dhuwit-dhuwite bapakku dhewe. Ya sakkarepku ta arep dakapakke. Lha ngapa Bapak malah nggunakke dhuwit kuwi kanggo mbangun RT wae?” Bu Bejo mbales sajak ora trima. “Lho rak ya kuwi pesene bapakmu dhewe ta supaya dhuwit warisan dienggo mbangun RT-ne dhewe lan ngewangi warga kene. Kaya Bune ki ora ngerti wae yen brayate dhewe ya mung wong tani lan bakul. Bapakmu rak ya mbiyen RT neng keneta,” Pak Bejo menehi alesan.

“Yen kuwi padha wae Pakne ora nggatekke kabutuhaning urip awake dhewe, Saiki rak apa-ape “Banjur keprungu ana wong kang mdodhog lawang.


“Kulanuwun...”

“Njih. Mangga.”

“Nuwun sewu, Pak RT, bapak-bapak sampun sami rawuh dhateng bale. Arisanipun badhe diwiwiti, ature wakile Pak Bejo. “O, njih kula badhe ngrika,” Pak Bejo ngendika karo isin. Basan keprungu ana wong kang mara tamu, aku age-age nyusul lan nyaoske dhuwit arisan bapak dhateng Pak Bejo.