Kaca:Kidung Megatruh.pdf/95

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

RAGAD Paulus Paksi Inggil Lumaksita

Ora suwe meneh ujian nasional kanggo murid-murid SMP bakal kaleksanan. Kabeh wong tuwa wiwit repot nyiapake anake dhewe-dhewe supaya bisa entuk NEM sing apik. Malah ana wong tuwa sing ndhaftarke anake melu les neng pirang-pirang panggonan. Durung maneh akeh gladhi kanggo ujian kang dianakake SMA ngendi wae uga dimeloni para siswa merga dikon wong tuwane. Nganti bocah-bocah ora duwe wektu kanggo santai. Kepiye bocah kuwi bisa santai Iha yen wektu sakjabane sekolah entek dienggonglakoni kekarepane wong tuwane.

Ing jaman saiki kanggone wong tuwa menawa bisa nyekolahke putrane ing sekolah favorit ana rasa mongkog lan bisa umuk marang tangga teparo lan kanca-kancane. Dina Minggu sadurunge ujian, ibuku kerawuhan tamu Bu Bejo, Bu RT. Nalika kuwi, ibu lagi reresik ing mburi.

“Tulung ungakna tamune, Lang”, ngendikane ibu. Tanpa ngomong apa-apa aku langsung nuju lawang. “Nuwun sewu, Mas Gilang. Napa ibu onten dalem?” takone Bu Bejo. “O,wonten, mangga pinarak, Bu.”

“Kok njanur gunung panjenengan tindak rene, apa ana bab kang wigati?” mengkono pitakone ibu. “Aku arep nyuwun pirsa sisan ngangsu kawruh bab UAN taun kepungkur”, Bu Bejo takon sajak bingung. Lha mangga wae menawa aku bisa biyantu”, wangsule ibu. Anggone ngendika ibu karo Bu Bejo nganti setengah jam, nanging undering perkara isih durung kebukak. Ibuku banjur takon

“Sejatine piye ta, Bu, bijine keng putra?”

“Wiwit kelas siji nganti kelas telu bijine apik terus lho Bu. Malah klebu rengking sepuluh besar kelas terus.” Mireng mengkono ibuku banjur nanduki.

“Yen mengkono sejatine rasa sumelang ngenani ujian ora perlu awit putra njenengan rak klebu bocah pinter. Ora-ora ya paling mlebu sekolah kutha.” “ Bu Bejo uga nyuwun donga pangestu ibu supaya putrane bisa lulus kanthi biji sing apik. Ibu ngendika menawa ora cukup mung donga nanging perlu uga nyiapake ati kanggo putrane lan wong tuwane. Apa meneh ibuku mireng pawarta saka kancane sing nyambut gawe ana ing