Kaca:Kidung Megatruh.pdf/100

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Wis ya Bune le padu. Isin karo tangga. Sesuk diomongke apik- apik wae, ngendikane Pak Bejo sisan pamit. Banjur aku mulih. Ibu dakcritani prastawa mau.

“Bu RT kae wonge geleme mung seneng-seneng thok. Wis ora dadi wadi yen dheweke gawene tuku barang sing larang-larang tur ora perlu. Wong kuwi ora hemat. Yen arisan ibu-ibu dheweke mesthi ngumukke barang darbeke sing anyar lan regane nyesekke dhadha, “critane Ibu, “kuwi mbok menawa gawan saka cilik merga Bu Bejo anak ragil. Bapake Bu Bejo klebu wong sugih. Dene sedulure kabeh dadi wong sukses.”

“Beda banget karo Pak Bejo. Priyayine ora boros, Coba delengna pit motore ora rega larang ta. Senadyan ta dheweke nesu-nesu mengkono, pribadine ngalahan. Yen watese sabar wis kliwat bakal kedadeyan kaya sing kokrungokne mau,” ibu nerusake critane, sipat kuwi ya nurun ing Rini. Dheweke manutan lan kerep ngalah,”

Kira-kira sesasi sawise ujian nasional biji diumumake. Bu Bejo karo mesam mesem tindak menyang sekolah diboncengke Pak Bejo. Rini uga melu. Sorene, udakara jam papatan, aku lagi maca koran neng teras omah. Jarene biji ujian siswa SMP dhuwur-dhuwur malah akeh sing sampurna. Apa meneh sing bijine dhuwur kuwi langsung ndhaftarana sekolah apik ing kutha, utamane sekolah internasional,

“Pira ya bijine Rini?”aku isih penasaran, Saka njero omah ibu nimbali aku sajak pengin crita kang wigati.”Njih, Bu, wonten menapa?” takonku.

“Heeh, Lang, ibu lagi waenampa telpon saka Bapake Rini..” “Lajeng pripun, Bu?”

“Rini, bijineapik nanging akeh tunggalesing padha dheke.” “Lhalajeng dos pundi?”

Ibu terus crita menawa Bu Bejo lara sesege kumat merga ngerti bijine Rini mung pas-pasan. Pak Bejo karo Rini kepeksa nunggoni Bu Bejo neng omah sakit. Nanging jarene dhokter ing kono Bu Bejo wis oleh bali sorene. Ibu terus ngendika yen ora bisa niliki Bu Bejo. Ibu lan aku kudu bali menyang Sragen amarga eyangku seda awan mau,

Rong dina olehku menyang Sragen. Aku tekan omah wektu subuh ing dina Minggu. Esuke bubar sarapan aku karo ibu arep tilik Bu Bejo.