Kaca:Kidung Megatruh.pdf/97

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

tekan semono kuwi merga aku pas ujian dina kepindho aku kleru anggonesinau. Dadi ora pas karo jadwale, padha wae aku ora sinau babar blas. Krungu mengkono atiku dadi trenyuh banget, merga rumangsaku ibu nggatekake anggonku sekolah.Karo ngenteni pengumuman kelulusan lan metune biji, aku sing wis siap ati marang apa kang bakal kedadeyan, dijak ibuku pasrah lan donga.

Ora krasa ngancik wektu pengumuman kelulusan lan biji ujian. “Piye Ngger, rak ya wis siap ta? Aja lali karo pituture ibu, Ya,” ibu takon sajakedurung precaya. “Njih Bu, kula taksih enget.”

Nanging ujug-ujug pangrasaku owah. Ora manteb. Mlebu regol sekolahan rasane ora kuwat. Aku sangsaya wedi ndeleng wali kelas ngasta tumpukan amplop lan kertas asiling ujian. Dakcoba ngenengake batinku manging tetep wae ora kasil. Aku krasa yen wus ngapusi ibu. Getun rasane. Ibu banjur mlebu kelas ngenteni nampa surat saka wali kelasku lan mirengke pengarahane.

Dene aku ngenteni sinambi dheg-dhegan amarga bocah-bocah ora entuk mlebu njero kelas. Aku ora wani ndeleng ibuku. Pikiranku ora keruwan. Kringetadhem gembrobyos ing awak. Wetengku mules.

Sawise wali kelasku rampung maringi pengarahan, banjur kabeh wong tuwa metu saka kelas. Langsung ibu maringke aku amplop sing ditampa mau. Ibu ngendika, “Gilang, bijimu apik, kowe bisa mlebu sekolah favorit kang kokimpekake.” Krungu mengkono aku atiku mak plong, rumangsa lega tenan. Kaya-kaya donya kebak kabungahan kang ora winates. Ning ya aku isih durung bisa precaya yen aku entuk biji apik.

“Aku kelakon bisa mlebu sekolah favorit sing dakidhamake wiwit kelas loro wingi”, batinku. “Maturnuwun Gusti. Menika wau klebet setunggaling berkah ageng sanget ingkang Panjenengan paringaken dhumateng kula.” ora ana entekke olehku ngaturake panuwun ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha Sae. Aku lagi ngrasakke wektu kuwi, menapa sing nate dingendikakake ibu kabeh bener.

“Nek bijimu apik, kowe kari ndhaftar ana sekolah favorit. Ning nek ora kowe uga wis siap mlebu sekolah sing ora fawori!”. nyata menawa ibu wis

menggalihake sing paling apik kanggo anakke.

Mireng critane ibuku mau, sajake Bu Bejo durung kebukak atine.