Kaca:Kidung Megatruh.pdf/101

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Nanging Ibu malah dirawuhi Bu Bejo. Bu Bejo wis mari. Ibu nyuwun ngapura karo Bu Bejoawitora bisa tilik nalika gerah.

Bu Bejo banjur crita menawa dheweke banget anggone bingung ngadhepi kahanan sekolahe Rini. Wis kabeh didol. Dhuwit warisan, pit motor, lan rajabrana, nanging tetepora bisa nyukupi.

“Sejatine maksudku sowan mrene kepengin ngampil arta panjenengan. Njenengan rak ngertos menawa ora ana barang-barangku sing bisa dakandalake ing RT iki kejaba keluwarga panjenengan. Akeh wargane dhewesing mung tetanen, dadi bakul bakso, lan dodolan iwak. Wong tanine rugi merga isih paceklik, Dene saiki pawarta babagan formalin ing bakso lan iwak wis marakke bakul padha rugi. Aku nyuwun tulung tenan,” pratelane Bu Bejo sajak ora duwe daya maneh.


“Dudu maksudku ora gelem ngewangi brayatmu. Nanging njenengan nika aneh kok. Aku rak wis weling wingi-wingi menawa awake dhewe kudu ngecakake ragad saemper karo kebutuhane dhewe. Paribasane kegedhen empyak kurang cagak. Aku ora saguh mbiyantu.” Ibu emoh- emoh tenan senadyan Bu Bejo ngrayu kepiye carane. Bu Bejo nuli kondur karo nesu-nesu. “Aku wis ora butuh kawelasane wong kene. Elingana kuwi!”

Let pirang dina ing wayah sore ana rame-rame neng njaba. Kasunyatan wong-wong padha heboh ngomongke Bu Bejo. Jarene tangga ngarep omah, Bu Bejo sakeluwarga pindhah omah rong dina kepungkur. Sejatine Bu Bejo wis adol kabeh darbeke nanging ora nyukupi. Warisan arupa dhuwit sing gawene diumuk-umukke kasunyatan mung sethithik. Dhuwit sing dienggo tuku rajabrana lan piranti paes mung entuke ngutang saka bank Merga ora kuwat nyaur banjur omahe didol Saiki mesthi dheweke wis dadi mlarat.

Paulus Paksi Inggil Lumaksita, siswa SMA3,

Jalan: YosSudarso 7, Yogyakarta.

Telepon (0274) 512856.

Lair 2 aret 1991. Alamat omah, Jalan Kakap 2/3 Minomartani, Ngaglik, Sleman, Yogyakarta. Telepon (0274) 886388.

Hobi: maca.