Keblinger

Saka Wikisumber
[ 104 ]
19
KEBLINGER

Ing wayah jam wolu ésuk Sukandar, pembantuné inspèktur Ahmadi, wis tekan désa Karangsari bawah kecamatan Gubug. Sawisé sarapan ana ing sawijining warung karo ngrungok-ngrungokaké rembug bokmanawa olèh tambah katrangan, nuli mlaku karo milang-miling. Angger omah dideleng naambordé. Sing digolèki iku omahé sawijining Tionghoa. Kaya ora angèl anggolèki omah Tionghoa ing désa kono, amarga pancèn ora akèh. Bareng ketemu kang digolèki - omahé rada mencil karo omah-omah liyané - nuli ménggok mlebu.

‘Kula nuwun, nyah!' celatuné marang nyonyah Tionghoa rada tuwa.

‘Iya, ana apa, kang?' wangsulané.

‘Anu, yèn ngriki taksih mbetahaken bau ... kul a badhé pados padamelan ... saonten-ontené, nyahantèn.’

‘É, gawéan? Engko sik, kaé 10 engko kandha babahé!’

‘Saweg napa nika? Napa kula mara mrika ... ?’

‘Ora. Engko rak rampung, wong lagi nata guçlang. Lha kaé wis mréné.’

‘Kula nuwun, bahantèn. Badhé pados padamelan, saparing-paringé.’

‘É, wong endi ta kowé?' wangsulané babahé, ya-iku babah Dèngkèk.

‘Kula tebih, bahantèn, king bawah Kedhiri ... mider-mider pados padamelan. Kuli-kuli nggih purun.’

‘Ééé, aku ora tau butuh kuli ki.’

‘Nggih saparingé ta, pokoké kula angsal nedha.’

‘Kowé gelem ta njongos ing kéné?’

‘Wélah, purun malih ia, wong pancèn pados padamelan kok.’

‘Ning anu ... ya ora mligi jongos, ya. Kala-kala ya kudu gelem nyambi liyané, ya embuh mengko. Dadi apa kang dak-butuhaké kowé kudu saguh nindakaké.’

‘Lha enggih, ta.’

‘Lha kowé njaluk bayaran pira?’

‘O, perkawis nik u kul a boten ngarani ... , sekersané mriku. Pokoké kula niki saged nedha lan saged 'tumbas rokok ngoten mpun trimah.’

‘Ya ta, nèk ngono. Kana nyang buri, réwangana nata barang ing guçlang kana! Kaé mbako pirang-pirang kranjang, ditata sing apik!’

Kandar wiwit nyambut-gawé. Katon tumemen lan tlatèn. Pagawéan [ 105 ]apa waé kang ditandangi mesti rampung, Ngakuné nyang babah Dèngkèk jenengé ‘Karta’.

Babah Dèngkèk déwé sajak marem nyawang marang Karta kang ora tau nolak pagawéan iku, sing ngusungi kranjang mbako nganti mépé, ngresiki gudang, malah nyapu omah, ngepèl jogan ya ditandangi. Lagi telung dina baé prasasat wis dikasihi déning babahé. Turuné uga ana kono pisan, diwènèhi kamar cedak gudang.

Yèn bengi Kandar kerep metu saka kamaré nglilingi sakubengé gudang réka-réka ronda, nanging sajatiné tansah nggolèk-golêk bokmanawa ana barang-barang kang nyalawadi. Mangkono uga yèn pinuju nyambut-gawé ing jero ngomah. Yèn pinuju sepi wong, mripaté jalaran namataké kamar-kamar.

Nganti limang dina Kandar ana kono meksa ora nemokaké barang-barang kang dianggep wigati, nanging atiné meksa ora nglokro. Apa manèh dèwèké sok menangi babah Dèngkèk ketamuan wong kang rada nyalawadi. Olèhé nemoni tamu iku mesti ing jero kamar jaba, tur rembugané lirih-lirih. Malah kala-kala tamuné teka bengi, utawa babah Dèngkèk déwé kang lunga bengi, nganti tengah wengi.

Dina kang kaping wolu, nalika Kandar resik-resik ing pendapa, babah Dèngkèk katon lunga manèh numpak dokar karo sawijining uwong embuh menyang endi, Kandar ngawasaké nganti ora katon, Kang anda-dèkaké gambiraning atiné bareng ndeleng nyonyahé sajaké uga tata-tata arep lunga. Omah mesti suwung, wong jiwané omah mung telu, papat dèwèké, Ya-iku; babahé, nyonyahé lan anaké lanang siji rada gedé. ‘Ééé, mbok ya lunga pisan ta, nyonyahé karo anaké ki!’ batiné Kandar.

Ora mlèsèt pangarep-arepé. Let sadéla nyonyahé kanda arep lunga nyang setatsiyun, arep metuk anaké kang jaré teka saka Semarang, liburan sekolah, Mangka setatsiyuné iku ing liya désa, dadi rada adoh. Nyonyahé mekas wola-wali, Kandar dikon sing ngati-ati tunggu omah, Yèn ana dayoh dikon mbalèkaké waé.

Salungané nyonyahé Kandar lingak-linguk. Kamar-kamar kabéh dikunci, mengkono uga kamar jaba kang kerep kanggo nemoni dayoh nyalawadi. Kamar jaba iku kaya kamar sengkeran, ora kena saben wong mlebu tanpa olèh palilahé babahé. Nyonyahé déwé prasasat ora tau ngambah.

Kandar banget kepénginé mlebu kamar iku, nanging dikunci. Atiné nganti judeg, golèk réka-daya kepriyé bisané mlebu. É, mumpung-mumpung ana waktu kang prayoga banget, sanadyan ora pati longgar, sapa weruh, bokmanawa ing jero kamar iku bisa nemokaké barang-barang kang perlu utawa dibutuhaké déning pulisi. [ 106 ]Rada sawetara suwé Kandar mikir-mikir lan golèk dalan bisané mlebu, lawangé kaya-kaya arep didedel-dedela. Kaya Tarzan mlémbar ing blandar kang kenceng kamar, slamet bisa tekan kono, mbrobos alon-alon mlebu kamar, pas nduwur lemari. Kandar anjlog alon-alon ing nduwur lemari iku, nuli mudun ing jogan mancat méja.

Saiki Kandar wis klakon ana ing jero kamar, Kabèh barang-barang lan kahanan ing jero dititi-priksa: layang-layang, laci méja, Nanging meksa ora nemu apa-apa. Mung laci méja tulis kang ora kena kabukak, amarga kakunci. Atiné nganti rada judeg. Mèh kendo atiné lan ngira yèn ora olèh gawé, dumadakan nalika nyedak lemari Kandar njegreg sawetara karo mikir-mikir. Elo, jebul lemariné ana rodané cilik banget. Kanggo apa iki? Yèn ora ana kanggoné, masa ndadak diwénéhi roda. Upama ora katamataké temenan, roda iku ora katon. Sisihing lemari kaduwa mangarep jebul mingser kanti gampang, Diingser manèh kaya lawang, lemari kang mauné manggon ing pojok dadi mingser nganti kaya ana dalan mlebu ing pojok mburi lemari. Kandar énggal mlebu. Nanging teka ya sepi waé, ora ana apa-apané. Dumadakan Kandar weruh ing bagéyan mburiné lemari iku kaya ana engget-enggetan kanggo mbukak. Ing ngisoré kaya ana bolongan kunci, Genah iku dudu sebaéné. Lemari diungkreg-ungkreg. Bolongan kunci iku didudal-dudul, Suwé-suwé ...greg, greg, lemari menga. Plong, atiné Kandar! Apa kang katon? Jebul papan lemari kang mburi iku rangkep. Ing kono katon ana barang- barang rupa-rupa, upama dideleng saka ngarep mesti ora katon. Ana peti wesiné cilik, isi barang mas-masan. Ing sandingé kono pating glétak barang warna-warna kang déning Kandar nuli diiling-ilingi siji-siji. Ora mamang manèh ya-iki barang-barang malingan utawa barang-barangé para wong-wong kang karampog. Peti wesi kabukak isi gelang, kalung, markis lan liya-liyané kang wujudé ora ana kang gèsèh kaya kang wus kalaporaké marang pulisi.

‘Saiki klakon kecekel gulumu, kèk, Dèngkèk!’ pangunandikané Kandar karo mèsem.

Barang-barang nuli katata manèh kaya mauné, mangkono uga lemari kabalèkaké. Tilas-tilasé diresiki kabèh aja nganti nuwuhaké kasujanan. Nuli alon-alon metu ing jaba, slamet, ora nganti kadisikan tekané babahé utawa nyonyahé.

Kanti singsot-singsot sajak gedé ati marga olèh gawé Kandar bali nyang buri, réka-réka nyambut-gawé kaya biyasané nganti babahé teka.

Ing wektu iku wayahé petengan njero. Jam wolu baé wis peteng ndedet, apa manèh tumrap ing padésan. Akèh omah-omah kang wus [ 107 ]pada tutup lawang. Arang-arang wong kang metu, amarga lumrahé para wong désa tinimbang lunga nyang endi-endi, kepara pada ngaso ngepénakaké awak ing ngomah. Sanadyan isih pada gremeng-gremeng cecaturan, akèh-akèhé karo pada turon slonjor ing bangku tengah.

Ing kreteg cedak kalurahan ana regemenging wong sawetara lagi pada klesik-klesik sajak rembugan wadi. Sing siji crita, liyané ngrungokaké kanti kawigatèn kang banget.

‘Dadi panggonané terang ing kamar ngarep?" pitakoné salah sijiné.

‘Inggih, pak. Dados mangké lemari pojok lèr kedah dipuningsed mangajeng sekedik, lajeng wingkingipun kapernah bolongan alit ngaten kedah dipundudul, mawi potlod inggih saged.’

‘Iya. Aja lali, kowé mengko réka-réka nglawan ya?’

‘Inggih.’

Wong-wong iku ora liya para pulisi kang lagi pada ngrancang nganakaké panangkepan marang babah Dèngkèk. Kang crita iku ora liya yaiku Sukandar, déné liyané ya-iku pak lurah Karangsari karo pulisi désa siji. Déné kang takon iku ya-iku inspèktur Ahmadi, kang dikabari Kandar gèk awan lumantar pak lurah.

‘Aku nggawa kanca pulisi saka Purwadadi sawetara, aja nganti gagal mengko,’ celatuné inspèktur Ahmadi.

‘Insa Allah boten, pak! Saugi sampun ngantos kajodèran sadèrèng-ipun, wangsulané Sukandar.

‘Jam pira tekané tamuné?’

‘Antawis jam setengah sewelas.’

‘Ya wis, kowé énggal bali. Ora susah awèh tanda apa-apa mengko, marga wis ana kang dak-patah ngawasi tekané tamu ing ngarep omah rada adoh.’

Sukandar lunga, liyané saka, siji ilang ing petengan. Saya wengi kahanan ing désa Karangsari sangsaya sepi nyenyet. Langité katon ireng anggameng katutupan mendung tipis ora rata, nutupi soroting lintang-lintang, saya suwé saya surem cahyané. Wit-witan mung katon pating jenggereng kaya raseksa kang lagi néndra kepati. Kala-kala kaprungu swara, kentongan ing gerdu binarengan swara watuk-watuk lamat-lamat ginawa angin.

Ing sakiwa-tengené omahé babah Dèngkèk katon regemenging wong-wong kang pada siyaga arep nindakaké pagawéan kang wigati. Sawetara pada andedep ing ngarep omah, liyané manèh ing ngiringan omah cedak jendéla lan lawang-lawang butulan. Wong-wong iku ora liya, ya-iku para pulisi kang arep pada nangkep lan ngglédah ing omahé babah Dèngkèk dipandégani déning inspèktur Ahmadi déwé, Kabèh katon tan[ 108 ]sah ngati-ati lan prayitna, sakabèhing aba-aba mung katindakaké kanthi tandha-tandha utawa isyarat-isyarat baé. Rada suwé anggoné pada andedep ngentèni tekané dayoh kaya kang wus dikandakaké déning Kandar. Yèn dayoh wis teka lan pada mlebu, nuli terus katangkep pisan, amarga inspèktur Ahmadi wus nemtokaké yèn dayoh iku ora liya mesti para durjana kang nganakaké sesambungan dol-tinuku barang-barang rampogan marang babah Dèngkèk. Dadi panangkepan sepisan iku bakal olèh loro-loroné: iya durjanané, iya tukang tadahé pisan.

Wetara kira-kira jam sewelas kurang setitik ana wong loro sajak nyala-wadi mung mlaku baé njedul saka dalan cilik mara nyang omahé babah Dèngkèk. Katon ora duwé sangga-runggi utawa kuwatir yèn kinepung bebaya. Wiwitané lingak-linguk disik, nuli notok lawang lirih-lirih karo celuk-celuk, uga lirih-lirih. Ing jero kaprungu wong watuk-watuk, ora suwé lawang menga. Wong loro pada mlebu.

Let sadéla manèh inspèktur Ahmadi awèh tanda maju. Inspèktur Ahmadi ana ngarep karo nggawa repolper kairingaké pulisi sawetara asikep gegaman bedil. Liyané pada terus jaga ing papan kang wus kapréntahaké, Cekaké sakubengé omah dikepung, lawang-lawang utawa jendéla kang kinira bisa kanggo metu kajaga. Mlebuné inspèktur Ahmadi sakancané ndedel lawang, babah Dèngkèk durung nganti ngunci lawang manèh sawusé tamuné pada mlebu. Sakala bareng babah Dèngkèk nyumurupi tekané para pulisi iku rainé pucet, awaké ndredeg. Tamuné katon kagèt banget, nanging ora sempet tumindak apa-apa. Telu-teluné ora ngira sitik-sitika yèn bakal ana kedadéyan mangkono iku.

‘Kabèh pada nututa, yèn kepéngin kepénak awakmuh!’ celatuné inspèktur Ahmadi keras karo ngafungaké pistulé. Para pulisi kang uga pada ngatungaké bedilé pada ngupeng tamu loro iku bokmanawa pada bangga, nanging katoné ora niyat tumindak nganakaké panglawan apa-apa, amarga kejaba kagèt, uga wis ora ana waktu manèh kanggo mlayu, apa manèh nglawan. Dadiné mung pada njegreg ngadeg kaya blangkemen. Polatané pada katon biyas.

‘Lo, ini ada apa, dèn?’ pitakoné babah Dèngkèk karo gumeter, Nalika iku uga nyonyahé tangi lan bareng weruh kedadéyan mengkono iku awaké sanalika uga ndredeg wèl-wèlan, anaké nangis ing buriné.

Inspèktuk Ahmadi, sawusé ngandakaké maksudé tekané iku, nuli ngamakaké pangglédahan. Apa kang wus kalaporaké déning Kandar diliwati disik, nanging diawasi terus déning pulisi liya.

‘Pira cacahé jiwané omah iki?’ pitakoné Ahmadi.

‘Lima, dèn, selain tamu saya dua ini,’ wangsulané babah Dèngkèk isih karo ndredeg. [ 109 ]‘Saya, bini saya, anak saya kecil dan anak saya lagi yang baru datang dari Semarang ... dan satu lagi jongos saya ... di kamar belakang.’

Bareng anggoné pada ngglédah tekan mburi, nuli pada mlebu ing kamaré Kandar, sawusé didhodhog-dhodhog rada suwé, Kandar mbukak lawang karo isih katon klakepan, nanging kaya apa kagèté bareng sing mlebu kamaré iku inspèktur pulisi.

‘Iki sapa, iki?’ pitakoné Ahmadi karo nudingi Kandar.

‘Lha itu jongos saya, Karta, dèn. Baru ada seminggu disini, wangsulané bah Dèngkèk.

‘Ayo, kowé uga mèlu nyang kantor pulisi!’ celatuné inspèktur Ahmadi marang Karta alias Kandar.

Tekan njaba Kandar arep mberod mlayu, nanging kadisikan karingkus déning pulisi kang ngadeg cedak lawang, nuli kageblagaké ing jogan. Kandar tiba gloyoran mèh nendang bah Dèngkèk.

Kamar njaba kapriksa, mengkono uga lemari kaya kang wus naté kabukak déning Kandar. Kanti sajak kaya ora anjarag, inspèktur Ahmadi nemokaké wewadiné lemari iku. Babah Dèngkèk sangsaya pucet, Awaké lemes kaya arep nglumpruk baé.

Babah Dèngkèk, tamuné loro, apa déné Kandar kabèh kapikut, kagawa menyang kalurahan. Kanti montor pulisi kang metuk inspèktur Ahmadi, amarga wus karancang sadurungé, bengi iku uga para tawanan iku terus kagawa menyang Purwadadi. Omahé babah Dèngkèk isih terus kajaga.

A. Saérozi AM, Kumpulé Balung Pisah,

Jakarta, 1966.