Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/120

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

108

Javanese Literature since Independence

sah ngati-ati lan prayitna, sakabèhing aba-aba mung katindakaké kanthi tandha-tandha utawa isyarat-isyarat baé. Rada suwé anggoné pada andedep ngentèni tekané dayoh kaya kang wus dikandakaké déning Kandar. Yèn dayoh wis teka lan pada mlebu, nuli terus katangkep pisan, amarga inspèktur Ahmadi wus nemtokaké yèn dayoh iku ora liya mesti para durjana kang nganakaké sesambungan dol-tinuku barang-barang rampogan marang babah Dèngkèk. Dadi panangkepan sepisan iku bakal olèh loro-loroné: iya durjanané, iya tukang tadahé pisan.

Wetara kira-kira jam sewelas kurang setitik ana wong loro sajak nyala-wadi mung mlaku baé njedul saka dalan cilik mara nyang omahé babah Dèngkèk. Katon ora duwé sangga-runggi utawa kuwatir yèn kinepung bebaya. Wiwitané lingak-linguk disik, nuli notok lawang lirih-lirih karo celuk-celuk, uga lirih-lirih. Ing jero kaprungu wong watuk-watuk, ora suwé lawang menga. Wong loro pada mlebu.

Let sadéla manèh inspèktur Ahmadi awèh tanda maju. Inspèktur Ahmadi ana ngarep karo nggawa repolper kairingaké pulisi sawetara asikep gegaman bedil. Liyané pada terus jaga ing papan kang wus kapréntahaké, Cekaké sakubengé omah dikepung, lawang-lawang utawa jendéla kang kinira bisa kanggo metu kajaga. Mlebuné inspèktur Ahmadi sakancané ndedel lawang, babah Dèngkèk durung nganti ngunci lawang manèh sawusé tamuné pada mlebu. Sakala bareng babah Dèngkèk nyumurupi tekané para pulisi iku rainé pucet, awaké ndredeg. Tamuné katon kagèt banget, nanging ora sempet tumindak apa-apa. Telu-teluné ora ngira sitik-sitika yèn bakal ana kedadéyan mangkono iku.

‘Kabèh pada nututa, yèn kepéngin kepénak awakmuh!’ celatuné inspèktur Ahmadi keras karo ngafungaké pistulé. Para pulisi kang uga pada ngatungaké bedilé pada ngupeng tamu loro iku bokmanawa pada bangga, nanging katoné ora niyat tumindak nganakaké panglawan apa-apa, amarga kejaba kagèt, uga wis ora ana waktu manèh kanggo mlayu, apa manèh nglawan. Dadiné mung pada njegreg ngadeg kaya blangkemen. Polatané pada katon biyas.

‘Lo, ini ada apa, dèn?’ pitakoné babah Dèngkèk karo gumeter, Nalika iku uga nyonyahé tangi lan bareng weruh kedadéyan mengkono iku awaké sanalika uga ndredeg wèl-wèlan, anaké nangis ing buriné.

Inspèktuk Ahmadi, sawusé ngandakaké maksudé tekané iku, nuli ngamakaké pangglédahan. Apa kang wus kalaporaké déning Kandar diliwati disik, nanging diawasi terus déning pulisi liya.

‘Pira cacahé jiwané omah iki?’ pitakoné Ahmadi.

‘Lima, dèn, selain tamu saya dua ini,’ wangsulané babah Dèngkèk isih karo ndredeg.