Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/117

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki wis dikorèksi

Keblinger

105

apa waé kang ditandangi mesti rampung, Ngakuné nyang babah Dèngkèk jenengé ‘Karta’.

Babah Dèngkèk déwé sajak marem nyawang marang Karta kang ora tau nolak pagawéan iku, sing ngusungi kranjang mbako nganti mépé, ngresiki gudang, malah nyapu omah, ngepèl jogan ya ditandangi. Lagi telung dina baé prasasat wis dikasihi déning babahé. Turuné uga ana kono pisan, diwènèhi kamar cedak gudang.

Yèn bengi Kandar kerep metu saka kamaré nglilingi sakubengé gudang réka-réka ronda, nanging sajatiné tansah nggolèk-golêk bokmanawa ana barang-barang kang nyalawadi. Mangkono uga yèn pinuju nyambut-gawé ing jero ngomah. Yèn pinuju sepi wong, mripaté jalaran namataké kamar-kamar.

Nganti limang dina Kandar ana kono meksa ora nemokaké barang-barang kang dianggep wigati, nanging atiné meksa ora nglokro. Apa manèh dèwèké sok menangi babah Dèngkèk ketamuan wong kang rada nyalawadi. Olèhé nemoni tamu iku mesti ing jero kamar jaba, tur rembugané lirih-lirih. Malah kala-kala tamuné teka bengi, utawa babah Dèngkèk déwé kang lunga bengi, nganti tengah wengi.

Dina kang kaping wolu, nalika Kandar resik-resik ing pendapa, babah Dèngkèk katon lunga manèh numpak dokar karo sawijining uwong embuh menyang endi, Kandar ngawasaké nganti ora katon, Kang anda-dèkaké gambiraning atiné bareng ndeleng nyonyahé sajaké uga tata-tata arep lunga. Omah mesti suwung, wong jiwané omah mung telu, papat dèwèké, Ya-iku; babahé, nyonyahé lan anaké lanang siji rada gedé. ‘Ééé, mbok ya lunga pisan ta, nyonyahé karo anaké ki!’ batiné Kandar.

Ora mlèsèt pangarep-arepé. Let sadéla nyonyahé kanda arep lunga nyang setatsiyun, arep metuk anaké kang jaré teka saka Semarang, liburan sekolah, Mangka setatsiyuné iku ing liya désa, dadi rada adoh. Nyonyahé mekas wola-wali, Kandar dikon sing ngati-ati tunggu omah, Yèn ana dayoh dikon mbalèkaké waé.

Salungané nyonyahé Kandar lingak-linguk. Kamar-kamar kabéh dikunci, mengkono uga kamar jaba kang kerep kanggo nemoni dayoh nyalawadi. Kamar jaba iku kaya kamar sengkeran, ora kena saben wong mlebu tanpa olèh palilahé babahé. Nyonyahé déwé prasasat ora tau ngambah.

Kandar banget kepénginé mlebu kamar iku, nanging dikunci. Atiné nganti judeg, golèk réka-daya kepriyé bisané mlebu. É, mumpung-mumpung ana waktu kang prayoga banget, sanadyan ora pati longgar, sapa weruh, bokmanawa ing jero kamar iku bisa nemokaké barang-barang kang perlu utawa dibutuhaké déning pulisi.