Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/119

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki wis dikorèksi

Keblinger

107

pada tutup lawang. Arang-arang wong kang metu, amarga lumrahé para wong désa tinimbang lunga nyang endi-endi, kepara pada ngaso ngepénakaké awak ing ngomah. Sanadyan isih pada gremeng-gremeng cecaturan, akèh-akèhé karo pada turon slonjor ing bangku tengah.

Ing kreteg cedak kalurahan ana regemenging wong sawetara lagi pada klesik-klesik sajak rembugan wadi. Sing siji crita, liyané ngrungokaké kanti kawigatèn kang banget.

‘Dadi panggonané terang ing kamar ngarep?" pitakoné salah sijiné.

‘Inggih, pak. Dados mangké lemari pojok lèr kedah dipuningsed mangajeng sekedik, lajeng wingkingipun kapernah bolongan alit ngaten kedah dipundudul, mawi potlod inggih saged.’

‘Iya. Aja lali, kowé mengko réka-réka nglawan ya?’

‘Inggih.’

Wong-wong iku ora liya para pulisi kang lagi pada ngrancang nganakaké panangkepan marang babah Dèngkèk. Kang crita iku ora liya yaiku Sukandar, déné liyané ya-iku pak lurah Karangsari karo pulisi désa siji. Déné kang takon iku ya-iku inspèktur Ahmadi, kang dikabari Kandar gèk awan lumantar pak lurah.

‘Aku nggawa kanca pulisi saka Purwadadi sawetara, aja nganti gagal mengko,’ celatuné inspèktur Ahmadi.

‘Insa Allah boten, pak! Saugi sampun ngantos kajodèran sadèrèng-ipun, wangsulané Sukandar.

‘Jam pira tekané tamuné?’

‘Antawis jam setengah sewelas.’

‘Ya wis, kowé énggal bali. Ora susah awèh tanda apa-apa mengko, marga wis ana kang dak-patah ngawasi tekané tamu ing ngarep omah rada adoh.’

Sukandar lunga, liyané saka, siji ilang ing petengan. Saya wengi kahanan ing désa Karangsari sangsaya sepi nyenyet. Langité katon ireng anggameng katutupan mendung tipis ora rata, nutupi soroting lintang-lintang, saya suwé saya surem cahyané. Wit-witan mung katon pating jenggereng kaya raseksa kang lagi néndra kepati. Kala-kala kaprungu swara, kentongan ing gerdu binarengan swara watuk-watuk lamat-lamat ginawa angin.

Ing sakiwa-tengené omahé babah Dèngkèk katon regemenging wong-wong kang pada siyaga arep nindakaké pagawéan kang wigati. Sawetara pada andedep ing ngarep omah, liyané manèh ing ngiringan omah cedak jendéla lan lawang-lawang butulan. Wong-wong iku ora liya, ya-iku para pulisi kang arep pada nangkep lan ngglédah ing omahé babah Dèngkèk dipandégani déning inspèktur Ahmadi déwé, Kabèh katon tan-