Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/118

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki wis dikorèksi

106

Javanese Literature since Independence

Rada sawetara suwé Kandar mikir-mikir lan golèk dalan bisané mlebu, lawangé kaya-kaya arep didedel-dedela. Kaya Tarzan mlémbar ing blandar kang kenceng kamar, slamet bisa tekan kono, mbrobos alon-alon mlebu kamar, pas nduwur lemari. Kandar anjlog alon-alon ing nduwur lemari iku, nuli mudun ing jogan mancat méja.

Saiki Kandar wis klakon ana ing jero kamar, Kabèh barang-barang lan kahanan ing jero dititi-priksa: layang-layang, laci méja, Nanging meksa ora nemu apa-apa. Mung laci méja tulis kang ora kena kabukak, amarga kakunci. Atiné nganti rada judeg. Mèh kendo atiné lan ngira yèn ora olèh gawé, dumadakan nalika nyedak lemari Kandar njegreg sawetara karo mikir-mikir. Elo, jebul lemariné ana rodané cilik banget. Kanggo apa iki? Yèn ora ana kanggoné, masa ndadak diwénéhi roda. Upama ora katamataké temenan, roda iku ora katon. Sisihing lemari kaduwa mangarep jebul mingser kanti gampang, Diingser manèh kaya lawang, lemari kang mauné manggon ing pojok dadi mingser nganti kaya ana dalan mlebu ing pojok mburi lemari. Kandar énggal mlebu. Nanging teka ya sepi waé, ora ana apa-apané. Dumadakan Kandar weruh ing bagéyan mburiné lemari iku kaya ana engget-enggetan kanggo mbukak. Ing ngisoré kaya ana bolongan kunci, Genah iku dudu sebaéné. Lemari diungkreg-ungkreg. Bolongan kunci iku didudal-dudul, Suwé-suwé ...greg, greg, lemari menga. Plong, atiné Kandar! Apa kang katon? Jebul papan lemari kang mburi iku rangkep. Ing kono katon ana barang- barang rupa-rupa, upama dideleng saka ngarep mesti ora katon. Ana peti wesiné cilik, isi barang mas-masan. Ing sandingé kono pating glétak barang warna-warna kang déning Kandar nuli diiling-ilingi siji-siji. Ora mamang manèh ya-iki barang-barang malingan utawa barang-barangé para wong-wong kang karampog. Peti wesi kabukak isi gelang, kalung, markis lan liya-liyané kang wujudé ora ana kang gèsèh kaya kang wus kalaporaké marang pulisi.

‘Saiki klakon kecekel gulumu, kèk, Dèngkèk!’ pangunandikané Kandar karo mèsem.

Barang-barang nuli katata manèh kaya mauné, mangkono uga lemari kabalèkaké. Tilas-tilasé diresiki kabèh aja nganti nuwuhaké kasujanan. Nuli alon-alon metu ing jaba, slamet, ora nganti kadisikan tekané babahé utawa nyonyahé.

Kanti singsot-singsot sajak gedé ati marga olèh gawé Kandar bali nyang buri, réka-réka nyambut-gawé kaya biyasané nganti babahé teka.

Ing wektu iku wayahé petengan njero. Jam wolu baé wis peteng ndedet, apa manèh tumrap ing padésan. Akèh omah-omah kang wus