Sarung Tetulung

Saka Wikisumber
Panjurung

[ 51 ]SARUNG TETULUNG 1. Mulyadi

Aku wis klakon tekan Sumatra kanthi slamet, ngetutake kersane kakangku sing wis sawetara ana ing tanah transmigrasi. Pancene mono akurada ora pati sreg melu kakang. Gandheng dioyak-oyak rembug, tur ya dhasare aku isih nganggur, aku banjur manut sanajan aku ora duwe keprigelan apa-apa tumrap tetanen. Mung pawitan tekad thok. Saya meneh kena kanggo pengalaman, ngumbara.

“Priye, krasan apa ora?” pitakone Kang Parlan ing sawijining esuk pas dina Ngahad, dina pasaran ing pasar Bongke sing mapan cedhak karo ngomah. Tembung cedhak ing kêne beda karo ing tanah Jawa, dohe kira-kira rong kilo meter, dilakoni kanthi mlaku marga durung ana kendharaanumum kang liwat ing kono.

“Ya... krasan, mung aku durung bisa prigel kaya Kakang ngolah lemah.”

“Koweki ndhagel kok, Met, lair lan digedhekake ing ndesa kok ora bisa tetanen.”

“Yakuwi.”

“Ya kuwi, priye?”

“Lha ya kuwi, elekku.” kandha mangkono karo nyambi nyekel gelas isi kopi, panas tur kenthel, sajak pait jalaran kurang gula, nyruput, nuli mbacutake gunem, “anu, Kang?”

“Anu, apa?”

“mBakyu kok ora ketok, menyang endi?”

“Menyang pasar adol jagung pipilan sing dipepe wingi karo blanja bumbon janganan, mumpung dina pasaran.”

“Kok aku ora weruh olehe budhal?”

“Lha kowe isih turu, mula ora dipamiti. Anggone budhal isih repet- repet sabakdane nggawe wedang kopi kuwi.”

Aku mung manthuk-manthuk rada isin marga kaweleh anggonku tangi kerinan. Banjur kopi daksruput meneh karo nyawang kakang sing lagi gebres-gebres awit lambene dirambati semut. Embuh semut saka ngendi. Yen katut gelas mokal kelakone jalaran gelase isih panas, aku

ai; [ 52 ]mesem karo takon maneh, “Jagunge rak akeh ta, Kang? Mosok mBakyu kuwat nggawane, bok wingi ngendika, aku bisa tangi esuk banjur dakusungake menyang pasar.”

“Ya ora kabeh didol, mbaka sethithik.”

“Sethithik ki pira?”

“Yen mung sabagor wae ana.”

“Wah, ya tetep abot kuwi jenenge.”

“Pancen abot. Prasasat menyang mulih nggawa gendhongan abot.”

“Lho ...? Apa jagunge ora payu, banjur digawa mulih?”

“Ora ngono, mangkat nggendhong jagung didol, mulih blanja sisan kanggo jaminan sing padha sambatan sesuk.”

“Yen ngono dakpethuke wae, Kang, ben ora kabotan utawa kekeselen.”

“Ya, nanging ngepita wae supaya cepet

“Yooahhh!”

Sanalika aku nyandhak pit nuli mancal pedhal serrr...! Bablas. Ora let suwe wis tekan pasar. Pit daksendhekake pager sangareping pasar, banjur thilang-thileng mripatnyapu sakehing wong. mBakyu meksa durung katon. Mripat iki dakplayokake meneh mengalor, mangidul, ngetan, durung nganti ngulon mripat kesandhung pawongan kang aneh. Sapandurat katon priya, nanging tindak-tanduke memper wanita. Anggonku gumun, anggonku nyawang, nganti njinggleng prasasat tanpa kedhep. Dumadakan pedhot panyawangku, kaget, tangan tumiba ing lengenku kiwa sinambi nggetak, “He ngalamun!”

Saking kagetku, aku mung glagepan ora bisa aweh wangsulan. Karo trataban aku mesem, durung bisa nglairake wicara. Bareng mBakyu wiwit nakoni, aku lagi bisa omong.

“Sing dipikir ki apa ta, Dhik? Nganti ngalamun.”

“Eee... kae ngematake tingkahe wong lanang sing kemayu.”

“Ooo... kae ta, kae ki banci, jenenge Mersi.”

“Kene ya ana banci, ta?”

“Ana, ora mung neng Jawa thok sing ana. Dheweke ki klebu wong kondhang, wasis nyanyi kaya lumrahe wong wadon. Malah sok ditanggap pinangka bintang tamu sawijining grup band utawa dhangdhut.”

J>>

52 [ 53 ]“Ooo, 1

Aku mung mlongo gumun, durung entek gumunku kesusu mbakyu nyusuli gunem, “Dhik kowe mlaku apa ngepit?”

“Numpak pit.”

“Lha, endi pite?”

“Kae daksendhekake neng pager.”

“Gawanku dakjupuke, banjur gawanen mulih dhisik!”

“mBakyu?”

“Aku mengko, arep mampir menyang sawah kidul kana, methik kacang gleyor kanggo njangan sebab neng pasar pas ora ana wong dodol kacang gleyor.”

ahi

“Sajak ana sing dipikir? mangsuli yah kok karo ndomblong.”

“Kacang, anu kacang gleyor?”

“Ooo...kacang gleyor kuwi padha karo kacang lanjaran, kacang panjang.”

“Wah, iya ta? Lagi saiki aku ngerti.”

“Lho, kuwi jeneng asli saka padhesan, mosok Dhik Slamet durung ngerti. Rada diakehi srawunge, Dhik!”

“Ngece ... biasane sing dakngerteni kacang lanjaran.”

“Ya wis kana Dhik Slamet balia dhisik!”

Sawise gawan blanjan dijupuk, diwenehake aku, banjur daktumpangake boncengan pit, dakrut kenceng, saperangan cumanthol aneng setang. Candhake pit daktumpaki alon-alon salaras karo gawan kang pancen abot temenan. Mungguh sida mbakyu sing nggawa dhewe kanthi nggendhong mendah kesele tur mesthi menggeh-menggeh.

Sawetara lakuku, ora krasa wis tekan ngarep omah. Gage-gage kakang methukake lakuku, banjur miwiti takon, “Kok ora bareng mBakyumu?”

“Ora, Kang, aku dikon mulih dhisik.”

“Lha' iya, apa ora bisa mboncengake marga gawane akeh?”

“Ora, mBakyu mampir nyang sawah kidul, perlune golek kacang greyol.”

Sinambi ngrungokake wangsulanku, kakang ngrewangi nggujengi pit. Aku nguculi tali, nuli gawan dakgawa mlebu ngomah, kakang genti

53 [ 54 ]sing nuntun pit banjur disendhekake neng ngiringan ngomah. Tumuli gawan kang gumandhul aneng setang digawa mlebu ngomah didadekake siji karo gawan liyane. Kakang njujuk godhakan tengah karo ngundang aku, | “Met, gilo ngombe dhisik! Iki mau dakgawekake wedang teh, nganti meh 34 adhem, ayo sinambi ngaso!” ; “Kosik, Kang, aku salin klambi dhisik. Bocah-bocah ki padha nyang ngendi ta, Kang?” “Lho... apa mau ora kepethuk?” h “Ora ki, kepethuk nyang ngendi?” | | “Sapungkurmu mau bocah-bocah pamit nyusul menyang pasar, || boncengan cah loro.” ||

|

“Gek nyang ngendi, ya?”

“Wis ben lah, mengko rak ya mulih, wong wis kulina.” |

Rampung salin, aku nyedhaki kakang lungguh, sinambi nyaut teh | sing isih manget-manget. Durung rampung anggonku nyruput teh, | keprungu ana dayoh teka. h

“Kula nuwun ...” ;

“Mangga, 000 ... Darma, kene Ma, mlebu kene!”

“Inggih ... inggih, nyuwun sewu.”

“Iya, iya kene, sing kepenak wae! Met, njupuka gelas diiseni gula sisan, gawanen mrene! Iki diilingi neng kene!”

“kepareng matur, rebat cekap kemawon, Pakdhe.”

Priyen;

“Sedaya dhawuh Pakdhe sampun kula estokaken, sedaya sami sagah.” , 6

“Yahh ... nuwun banget aku, ning wedange karo diombe!”

“Lajeng badhe mlempak wanci jam wolu enjing, njujug wonten pategilan ingkang kangge damel griya.”

“Dhik Darma arep njujug ngendi?” pitakonku sumela.

“Aku njujug kene, Mas, arep nggawa ceret lan dandang kanggo nggodhog wedang.”

“Yen ngono bareng aku wae, ning rada digasiki!”

“Yaa, Mas. Kejawi menika Pakdhe, gandheng sampun cekap menggah ingkang dados kabetahan kula, kula nyuwun pamit. mBok bilih kirang trapsila sowan kula, nyuwun pangapunten.”

54 [ 55 ]“Aku nedha trima ya, matur nuwun awit kowe nyukupake karepotanku. Ning dientekake Ka wedange kuwi.”

“Nggih, matur nuwun.”

Matur kaya mengkono mau Darma banjur nyekel gelas nuli diombe, glegeg, glegeg, nganti entek sakal. Tan mangu-mangu Darma mundur, lunga sumedya nerusake laku.

Tenan. Dina candhake para sedulur kang asung pambiyantu wis padha mlumpuk udakara jam wolu esuk. Sejatine dina kuwi mung kari mbacutake, jalaran olehe ngedegake omah wis kawiwitan pirang-pirang minggu kapungkur. Mandheg sedhela jalaran kentekan wragad kanggo tuku saperangan gentheng lan piranti liyane kang kurang. Sawise ngunjuk lan dhahar nyamikan, kabeh tumuli tumandang manut kabisane dhewe- dhewe. Pating grobyag, pating glodhag, pating plethok swara palu nuthuk kayu, nuthuk paku, uga swara guyon mbarengi anggone tumandan g, nganti ora krasa wis wayahe mangan awan. Sawise padha mangan lan ngaso sawetara banjur nutukake nganti lingsir raina. Gentheng wis tumumpang, rata, mung wae temboke pancen durung brukut. Gandheng wis sore banjur padha laut, dibacutake sesuk.

Wayahe mangan bengi, bebarengan, thukul gagasanku kepingin turu ana ing omah anyar. Mula aku njur kandha marang kakang. Krungu kandhaku mau kabeh padha omong saur manuk sajak kaget, Kanthi gunem Kang Parlan menggak, “Huss, aja Met! Aja kuwanen!”

“Priye ta, Kang?”

“Dhik Slamet, kene ki isih akeh macan,” kandhane mBakyu.

“Ah... mBakyu ki meden-medeni.”

“Bener Met, mBakyumu ora meden-medeni. Tenane ki ngapa? Suwene ora ana apa-apa, kok njur kowe duwe kekarepan dadakan?”

“Kadereng rasa selak kepingin nuroni.”

“Yen mung kepingin nuroni, bok ya sesuk wae yen wis brukut temenan, lawang cendhela rapet. Bakale kang ngenggoni rak ya kowe ta, Met?”

“Ora ming kepingin nuroni thok, anggonku kumudu-kudu turu kana saiki kuwi kanggo prihatin, ngalap berkah, supaya E tembe omah kuwi dadi papan kang nentremake An sing Da DEEUn

“Rak ya yen wis slametan.”

55 [ 56 ]“Tya Dhik, yen wis slametan, supaya dadi papan kang anyep,” | mBakyu melu ngandhani. h

“Kanggo ngenteni slametan, aku rak ya bisa laku prihatin dhisik.”/ |

“Wah, kawit biyen Slamet ki yen duwe kekarepan kok njur/ ngudung.” ||

Kabeh menggak kekarepenku, wiwit saka kakang, mbakyu, tekan bocah-bocah. Nanging aku tetep puguh, bebasan ora ana kang bisa | ngalang-alangi. Bengi kuwi uga aku njaluk lilah, pamit. Wusanane aku kaiden. Senter lan senthir dakgawa, sarung daknggo krukup awak nuli || mangkat.

Saka ngomah tekan omah anyar adohe kira-kira meh sekilo, dalane peteng ndhedhet. Ora sepira suwene wis tekan, nuli nggelar klasa | sing mau sore sengaja daktinggal. Senthir daksumet, daktutupi ember” bolong. Aku lungguhan kemul sarung. Saya wengi angine tansaya semilir, | saya tintrim. Mung keprungu swaraning gegodhongan katempuh ing angin || lan sabawaning walang ngalisik. Suwe-suwe krasa ngantuk banjur awak | 'dakturokake kanthi mlungker merga adhem. Sanalika rasane dadi mrinding, | githokku mengkorog, kamangka ora ana apa-apa. Mripat dakrem-remake, nanging tetep angel turu, sanadyan bisa turu ning ora jenjem. Sedhela- sedhela nglilir. 5

Ayam alas wis wiwit kluruk sepisan, mertandhani yen wis arep bangun esuk. Mak jegagik! Tratap! Entek atiku. Macan ngambus-ambus | awakku. Aku ora wani obah, mesthi ngampet ambegan. Klenger rasane, || pet-petan. Embuh ra ngerti, kok aku wis ginendhong dening macan.

Wiwit mingset, mlaku alon-alon kanthi sikil telu, awit sikil ngarep kiwa kanggo nggujengi awakku kaya lumrahe wong nggendhong anake. | Nanging kukune tumapak ing gegerku, mula aku ora wani obah, mung || pasrah ing Ngarsane Gusti Allah, Sebab yen aku wani obah pangrukete saya kenceng, bisa-bisa kuku macan tumancep ing anggaku. |

Lakune macan wis tekan tepising alas. Dumadakan awakku kaya | ditarik-tarik saka gendhongan, banjur lakune kandeg. Macane mbaung, || gereng-gereng. Mung tujune sikil kiwa banjur ngeculake pangrukete. Aku gumlethak aneng lemah, Macan ngambus-ambus meneh, banjur mider- | mider ngubengi awakku. Aku tetep ngampet ambegan. Ora let suwe, || mak bladat! Macan njranthal mlayu banter mlebu alas. 4)





| a | |


56 [ 57 ]Wayahe byar esuk, surya abang sumbirat wiwit cumlorot saka wetan. Aku isih lemes. Krengeh-krengeh aku mbudidaya amrih bisa tangi sakuwatku. Meksa durung bisa tangi, alon-alon lungguh. Daksawang- sawang jebul sarungku nyanthol pang uwit kang putung, nuli dakuwali panyanthole. Iya iki kang njalari aku bisa luwar saka pangruketing macan. Adhuh Gusti matur nuwun! Nadyan sarung bisa tetulung, awakku isih ndhredheg. Dakkuwat-kuwatake aku bisa ngadeg, isih wedi. Arep mulih durung wani, lali dalane. Aja-aja, macane mrene meneh. nDilalah kersane Allah, kupingku kok kaya krungu swara supaya aku menek wit. Tenan, aku menek sakuwatku, malah bisa tekan dhuwur nganti mencit, Ora let suwe macane teka meneh, malah saya akeh, telu cacahe. Mider-mider sakiwa tengene wit sing dakpeneki, mesthi mburu aku. Nganti suwe banget, aku mung wani nyawang saka ndhuwur lungguh pang, karo nyenyuwun muga-muga macane enggal-enggal lunga.

Sanadyan aku nandhang lungkrah lan miris kaya mengkene, aku isih eling manawa senthire mesthi isih murub. Kamangka tilas tapake sikil macan mesthi uga katon cetha ing jogan. Yen nganti awan ngene iki aku tetep ana pang wit kene, aku yakin Kang Parlan sakulawarga dadi bingung, Nanging banjur kepriye? Wong aku diburu macan telu ngene. Sawetara wektu, ben wae dheweke kabeh duwe panemu dhewe-dhewe mbedhe lan ngentha-entha nasibku.

57