Menyang kontèn

Kaca:Panjurung.pdf/65

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

SARUNG TETULUNG 1. Mulyadi

Aku wis klakon tekan Sumatra kanthi slamet, ngetutake kersane kakangku sing wis sawetara ana ing tanah transmigrasi. Pancene mono akurada ora pati sreg melu kakang. Gandheng dioyak-oyak rembug, tur ya dhasare aku isih nganggur, aku banjur manut sanajan aku ora duwe keprigelan apa-apa tumrap tetanen. Mung pawitan tekad thok. Saya meneh kena kanggo pengalaman, ngumbara.

“Priye, krasan apa ora?” pitakone Kang Parlan ing sawijining esuk pas dina Ngahad, dina pasaran ing pasar Bongke sing mapan cedhak karo ngomah. Tembung cedhak ing kêne beda karo ing tanah Jawa, dohe kira-kira rong kilo meter, dilakoni kanthi mlaku marga durung ana kendharaanumum kang liwat ing kono.

“Ya... krasan, mung aku durung bisa prigel kaya Kakang ngolah lemah.”

“Koweki ndhagel kok, Met, lair lan digedhekake ing ndesa kok ora bisa tetanen.”

“Yakuwi.”

“Ya kuwi, priye?”

“Lha ya kuwi, elekku.” kandha mangkono karo nyambi nyekel gelas isi kopi, panas tur kenthel, sajak pait jalaran kurang gula, nyruput, nuli mbacutake gunem, “anu, Kang?”

“Anu, apa?”

“mBakyu kok ora ketok, menyang endi?”

“Menyang pasar adol jagung pipilan sing dipepe wingi karo blanja bumbon janganan, mumpung dina pasaran.”

“Kok aku ora weruh olehe budhal?”

“Lha kowe isih turu, mula ora dipamiti. Anggone budhal isih repet- repet sabakdane nggawe wedang kopi kuwi.”

Aku mung manthuk-manthuk rada isin marga kaweleh anggonku tangi kerinan. Banjur kopi daksruput meneh karo nyawang kakang sing lagi gebres-gebres awit lambene dirambati semut. Embuh semut saka ngendi. Yen katut gelas mokal kelakone jalaran gelase isih panas, aku

ai;