Kaca:Panjurung.pdf/66

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

mesem karo takon maneh, “Jagunge rak akeh ta, Kang? Mosok mBakyu kuwat nggawane, bok wingi ngendika, aku bisa tangi esuk banjur dakusungake menyang pasar.”

“Ya ora kabeh didol, mbaka sethithik.”

“Sethithik ki pira?”

“Yen mung sabagor wae ana.”

“Wah, ya tetep abot kuwi jenenge.”

“Pancen abot. Prasasat menyang mulih nggawa gendhongan abot.”

“Lho ...? Apa jagunge ora payu, banjur digawa mulih?”

“Ora ngono, mangkat nggendhong jagung didol, mulih blanja sisan kanggo jaminan sing padha sambatan sesuk.”

“Yen ngono dakpethuke wae, Kang, ben ora kabotan utawa kekeselen.”

“Ya, nanging ngepita wae supaya cepet

“Yooahhh!”

Sanalika aku nyandhak pit nuli mancal pedhal serrr...! Bablas. Ora let suwe wis tekan pasar. Pit daksendhekake pager sangareping pasar, banjur thilang-thileng mripatnyapu sakehing wong. mBakyu meksa durung katon. Mripat iki dakplayokake meneh mengalor, mangidul, ngetan, durung nganti ngulon mripat kesandhung pawongan kang aneh. Sapandurat katon priya, nanging tindak-tanduke memper wanita. Anggonku gumun, anggonku nyawang, nganti njinggleng prasasat tanpa kedhep. Dumadakan pedhot panyawangku, kaget, tangan tumiba ing lengenku kiwa sinambi nggetak, “He ngalamun!”

Saking kagetku, aku mung glagepan ora bisa aweh wangsulan. Karo trataban aku mesem, durung bisa nglairake wicara. Bareng mBakyu wiwit nakoni, aku lagi bisa omong.

“Sing dipikir ki apa ta, Dhik? Nganti ngalamun.”

“Eee... kae ngematake tingkahe wong lanang sing kemayu.”

“Ooo... kae ta, kae ki banci, jenenge Mersi.”

“Kene ya ana banci, ta?”

“Ana, ora mung neng Jawa thok sing ana. Dheweke ki klebu wong kondhang, wasis nyanyi kaya lumrahe wong wadon. Malah sok ditanggap pinangka bintang tamu sawijining grup band utawa dhangdhut.”

J>>

52